Dene endahing karangan modhel anyar iku dumunung ing :
a. Apiking ukara kang cocog karo isi karangan
b. Pilihan tembung- tembung kang mantesi lan mentes
c. Nggunakake wirama lan basa ( purwakanthi, dwipurwa, seselan, lsp)
Ciri- cirine geguritan :
¤ ora kawengku ing pathokan
¤ migunakake tembung- tembung pilihan
¤ cacahe larikan ora katemtokake
¤ sajak akhir bebas
¤ dudu basa padinon / sama
¤ arang- arang migunakake tembung pangiket
¤ sawetara nggunakake tembung kawi
¤ isine mentes
¤ trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra
Rerurutan gawe geguritan :
1. Nemtoake tema geguritan
2. Menehi judul/ sesirah
3. Milih tembung lang ukara sing mentes
4. Golek lan ngrakit ukara kang ana bobote susastra
5. Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi
6. Diwaca bola- bali lan ditliti maneh endi sing kurang trep.
1 komentar:
Wah sêratanipun sae sangêd. Manawi krêsa, kula aturi dhatêng blog-blog kula. Kula nembe ngupadosakêm basa Jawi kagêm kahanan kalihan tiyang saniki. Manawi ngrêsakakên sagêd ngirimakên layang inthêrnet marang kula kagêm jangkêpanipun. Matur nuwun. 🙂
https://bausastrainggrisjawi.blogspot.com/?m=1
Blog-blog sanesipun sagêd kapunpirsani manawi dipundudul profil blog.. Matur nuwun
Posting Komentar