Njaga
komputerkita saka serangan Virus sjake saya angel wae saikine.ora mung pihak produsen software
antivirus kang terus inovatif merangi Virus, pihak pengembang virus uga ora
gelem kalah tansah nambah kecerdasan virus gaweyane kanggo nglumpuhake sasaran.
Kepara , perusahaan raseksa Microsoft kang duwe tingkat pengamanan dhuwur wae
tau keganggu klawan ulahe virus cilik kang nyusup ing taun 2000-an
Mbokmenawa
kita isih kelingan nalika “jaman dhisik” sadurunge muncul internet lan program
aplikasi liyane kang bisa diundhuh, meh dipesthekake sumebare virus alon
banget, mung alihan saka disket siji menyang disket liyane, saengga gerake
virus winates marang ruang kerjane. Mula luwih gampang dibrastha lan ora ganas
kaya saiki. Antivirus dinane iki pancen kena diarani canggih banget kanggo
mbasmi virus ing jamane. Apamaneh yen kita gelem nindakake proses virus ing
jamane. Apamaneh yen kita gelem nindakake proses scanning sadurunge maca/nulis
data kang ana ing disket, saengga sumebare virus luwih gampang diresiki.
Nanging
sajege muncule internet, melu “mbantu” sumebare virus menyang saindenging jagad
kanthi cepet lan gampang banget. Virus kanthi gampang pindhah-pindhah saka
server siji menyang server liyane, banjur pindhah menyang komputer user. Mesthi
wae gumantung tingkat pengamanan komputere, yen sekuritase dhuwur jelas ora
dadi masalah, nanging yen ringkih pengamanane mula bakal dadi santapan lezat virus.
Sajake
kekhawatiran kaya ngene iki saya ndadi sawise virus uga bisa nyusup liwat
email, lampiran email, jeringan peer to peer, instan messenger, lan download
program saka internet. Sawijining virus saikine kudu kita akoni yen saya cerdas
sumebare, saengga bisa dipesthekake yen ora perlu campur tangane menungsa
maneh. Virus pinter bisa nyerang sawenehing entry point jroning kelemahan
sistem. Kanthi kemajuan teknologi, lan konvergensi saka komputer klawan
perangkat mobile liyane, potensi ancaman jinis anyar uga ningkat.
0 komentar:
Posting Komentar