I. Pilihen salah siji wangsulan kang
kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!
1. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3
Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA
Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula
siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken
puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan
hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten
Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana
ingkang dipunwastani …
a. purwaka
basa d.
salam pambuka
b. surasa
basa
e. pambagya harja
c. wasana
basa
2. Ningali
saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri
kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos
dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih
wanita inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng
perangan …
a. purwaka
basa d.
salam pambuka
b. surasa
basa
e. pambagya harja
c. wasana
basa
3. Bapak ibu
lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula,
kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan
sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya
kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a. purwaka
basa d.
salam pambuka
b. surasa
basa
e. pambagya harja
c. wasana
basa
4. Wawancara
kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus
karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan
kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a. Wawancara
Berita
d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara
Pribadi
e. Wawancara kliling
c. Wawancara
Eksklusif
5. Wawancara
kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih
dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku
tumuju ana ing montore arep bali, diarani …
a. Wawancara
Berita
d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara
Pribadi
e. Wawancara kliling
c. Wawancara
Eksklusif
6. Wawancara
kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemuinterviewee babagan
sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a. Wawancara
Berita
d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara
Pribadi
e. Wawancara kliling
c. Wawancara
Eksklusif
7. Wawancara
kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta
kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane
identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo
prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani …
a. Wawancara
Berita
d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara
Pribadi
e. Wawancara kliling
c. Wawancara
Eksklusif
8. Wawancara
kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang
mapane pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang
bakale ditulis, diarani …
a. Wawancara
Berita
d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara
Pribadi
e. Wawancara kliling
c. Wawancara
Eksklusif
9. Setitekna
geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a. lintang
kang njerit
d. langit kang kebak mendhung
b. swasana
kang
peteng
e. ora katon srengenge
c. lintang
kang abyor
10. Tegese tembung ludira ing
ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku …
a. kringet
d. angin
b. getih
e. geni
c. sirah
11. Wos surasane paragraf
kapisan yaiku ….
a. Rasa
seneng
d. rasa miris
b. Rasa
kangen
e. rasa tresna
c. Rasa
kaget
12. Wos surasane paragraf
kapindho yaiku ….
a. Rasa
seneng
d. rasa miris
b. Rasa
kangen
e. rasa tresna
c. Rasa
kaget
13. Kang dadi tema geguritan
ing dhuwur yaiku …
a. kluwarga
d. pitutur kang becik
b. lingkungan
e. panguripan
c. kabudayan
14. Medharake utawa mahyakake
utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa
kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a. Tanggap
wacana
d.
wara-wara
b. Kampanye
e. sayembara
c. Atur-atur
15. Cengkorongan panulise
tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake
dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a. Sesirah
(judul) d.
Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
16. Cengkorongan panulise
tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug, undheraning
rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan kang bisa urut,
imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku ….
a. Sesirah
(judul)
d. Surasanewedharan
b. Tema e.
Basa
c. Subtema
17. Dene wose medhar sabda kang
surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
a. sapa kang
medhar sabda
b. sepira
bayarane
c. apa
kang kawedhar
d. kepiye
swasanane
e. kepiye
tujuwane medhar sabda
18. Dene perangane teks tanggap
wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a. Pambuka
b. Panutup
c. Salam
panutup
d. Surasa
basa
e. Satata
basa
19. Paragraf ingkang titikanipun
ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking ukara
ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ………….
a. Deduktif
d. Intensif
b. Induktif
e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
20. Sinta ing taun iki kapilih
minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan
amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar
aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
a. Deduktif
d. Intensif
b. Induktif
e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
21. Ora bisa dipercaya, ora
bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa
kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan
punika kalebet paragraf …
a. Deduktif
d. Intensif
b. Induktif
e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
22. Pathokan panuise tembang
macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku ….
a. Guru
wilangan
d. purwakanthi
b. Guru
lagu
e. dong-ding
c. Guru
gatra
23. Pathokan panuise tembang macapat
kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku ….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a. Guru
wilangan
d. purwakanthi
b. Guru
lagu
e. dong-ding
c. Guru
gatra
24. Ing ngisor iki diarani
tembang macapat …
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a. Sinom
d. Gambuh
b. Dhandhaggula
e. Pangkur
c. Megatruh
25. Ing ngisor iki diarani
tembang macapat …
mingkar-mingkuring angkara
akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krêtarta pakartining ngèlmu
luhung
kang tumrap nèng tanah Jawa
agama agêming aji
a. Sinom
d. Gambuh
b. Dhandhaggula
e. Pangkur
c. Megatruh
26. Sesarengan serat kula
punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki
pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane
layang kang diarani …
a. Satata
basa
d. Titi mangsa
b. Adangiyah
e. Peprenahan
c. Purwaka
27. Perangane layang kang
nerangake kang ngirim layang diarani …
a. Satata
basa
d. Titi mangsa
b. Adangiyah
e. Peprenahan
c. Purwaka
28. Iket menika nganggenipun
wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …
a. jaja,
mustaka
d. jangga, palarapan
b. mustaka,
netra
e. rikma, asta
c. palarapan,
jangga
29. Basa kang kanggo bocah-karo
bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko
lugu
30. Mas, menawi kondur mbakyu
sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko
lugu
31. Sasampunipun ngrahapi
menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit
tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko
lugu
32. Bapak saiki duwe pimpinan
anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang
trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
33. Pak dhokter mau dhawuh karo
simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
34. Yen tindak daleme Pakdhe,
aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
35. Nyuwun tulung sampeyan
tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang
digunakake yaiku ……
a. krama
d. Ngoko alus
b. Krama
inggil
e. Krama andhap
c. Ngoko
lugu
0 komentar:
Posting Komentar