Minggu, 13 Desember 2015 - 0 komentar

(RURA BASA) TEMBUNG SALAH KAPRAH



Tembung salah kaprah ugi winastan tembung  rura basa, tegesipun tembung ingkang sampun risak utawi tembung ingkang sampun lepat nanging kaprah. Tembung salah kaprah punika kapérang dados kalih ;
A.  Tembung salah kaprah ingkang patèn, tegesipun boten saged kaéwahan malih utawi boten saged dipunleresaken ;
1.  Adang sega  : Adang beras supaya dadi sega
B.  Tembung salah kaprah ingkang boten patèn, tegesipun tembung ingkang saged  dipunleresaken malah kepara kedah dipunleresaken ;
1.  Acara   ingkang leres  adicara. Awit tembung  acara punika tembung asalipun
saking basa Indonesia.
2.  Ojo  panyeratan punika manut tata paramasastra Jawi lepat ingkang leres aja, awit panyeratan mawi [o] punika panyeratan manut kaidah  paramasastra Indonesia, jer basa Indonesia punika boten saged mbèntenaken antawisipun [a] jejeg kaliyan [o].
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Cara      coro
Coro      coro
Lara      loro
3.  Panyerating è,e, lan é, kaidah basa Jawi taksih mbèntenaken panyeratan aksara swara è,e,é, déné kaidah basa Indonesia panyeratan [e] boten wonten bèntenipun ;
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Kéné          kene
Geger        geger

0 komentar:

Posting Komentar