ROHYANA MARGA SETYANING ARUM, SUKARMAN,
Dongeng
minangka prosa rakyat yaiku crita rekaan utawa crita kang ora ana kasunyatane
lan biyasane crita kasebut kanggo ndhidhik bocah cilik. Sajrone dongeng
ngandhut piwulang kang bisa dituladhani kanggo urip saben dina. Piwulang moral
bisa saka tumindak kang becik lan bisa uga saka tumindak kang ala. Tumindak
kang becik kita tuladhani dene tumindak kang ala digawe piwulang kanggo
sabanjure aja nganti tumindak kaya mangkono.Sajrone Serat Dongeng Manca Warni kang
sabanjure kacekak SDMW akeh ngandhut piwulang moral kang bisa dituladhani
kanggo urip bebrayan. Adhedhasar saka andharan ing ndhuwur, undherane panaliten
iki yaiku: (1) apa wae jinis-jinise dongeng kang ana sajrone SDMW, (2)kepriye
struktur sajrone SDMW mligine babagan paraga lan pamaragan sarta alur (plot),
(3) piwulang moral apa kang kinandhut sajrone SDMW, (4) apa wae fungsi dongeng
saka SDMW tumrap bocah cilik. Panaliten iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake
jinis-jinise dongeng kang ana sajrone SDMW, (2) ngandharake struktur SDMW
mligine babagan paraga lan pamaragan sarta alur (plot), (3) ngandharake
piwulang moral kang kinandhut sajrone SDMW, (4) ngandharake fungsi dongeng saka
SDMWtumrap bocah cilik. Paedahe panaliten iki dikarepake bisa menehi paedah
tumrap akeh pihak, antarane yaiku: kanggo panulis panaliten iki bisa didadekake
sarana kanggo nyinaoni piwulang moral sajrone reriptan sastra mligine dongeng,
lan uga bisa dadi wujud nyata pangetrapan kawruh sawetara ing bangku kuliyah,
kanggo pamaos panaliten iki dikarepake bisa menehi tuladha tumrap para pamaos
lan dikarepake piwulang-piwulang kang luhur kasebut bisa ditrapake ing urip
bebrayan, tumrap pamulangan sastra ing Perguruan Tinggi,SMA, SMP, SD lan
sederajat, asil panaliten iki bisa didadekake referensi tumrap pasinaon sastra.
Panaliten
iki ditintingi kanthi tintingan struktur, nilai, lan fungsi. Kanggo nintingi
jinis-jinise dongeng migunakake pamawase Danandjaja, kanggo nintingi intrinsik
sajrone sastra migunakake pamawase Nurgiyantoro, kanggo nintingi piwulang moral
migunakake pamawase Nurgiyantoro lan kanggo nintingi fungsi dongeng migunakake
teori fungsi Vladimir Propp. Metode panaliten kang digunakake yaiku dheskriptif
kualitatif. Objek kang digunakake sajrone panaliten iki arupa teks SDMW. Dhata
panaliten arupa tembung-tembung, ukara lan wacana sajrone SDMW. Asil panaliten
jinis-jinise dongeng ana teluyaiku dongeng sato kewan, dongeng biyasa, lan
dongeng lelucon. Struktur intrinsik mligine ing babagan paraga lan pamaragan
sarta alur sajrone SDMW bisa diweruhi manawa paraga ing SDMW ana paraga
protagonis, paraga antagonis, lan paraga tambahan. Dene alure dongeng sajrone
SDMW kabehe migunakake alur maju.Tintingan panaliten ngenani piwulang
moral sajrone SDMW bisa diweruhi 3 piwulang yaiku: (1) piwulang moral gegayutan
karo manungsa lan Tuhan, (2) piwulang moral gegayutan karo manungsa lan dhiri
pribadhi, (3) piwulang moral antarane manungsa karo lingkup sosial lan lingkup
alam. Dene saka asile tintingan panaliten kapapat utawa kang pungkasan yaiku
fungsi dongeng kang migunakake 31 teori fungsi Propp bisa diweruhi ana 21
fungsi kang kinandhut.
0 komentar:
Posting Komentar