Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan.
Tuladha :
ana + ing dadi anèng tegese ana (manggon) ing
arane + iki dadi aranireki tegese jenenge iki
dadi + ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh
dhemen + anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar
dupi + arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep
jalu + estri dadi jalwestri tegese lanang wadon
kajuwara + ing dadi kajwarèng tegese kondhang ing
kapireng + arsa dadi kapyarsa tegese keprungu
lagi + antuk dadi lagyantuk tegese lagi antuk/oleh
lagi+ana + ing dadi lagyaning tegese lagi ana ing
lebda + ing dadi lebdèng tegese mumpuni, pinter ing
lumaku + ing adi lumakwèng tegese mlaku ing
lumebu + ing dadi lumebèng tegese mlebu ing
maha + raja dadi maharja tegese ratu linuwih
maha + resi dadi maharsi tegese pendhita linuwih
malebu + ing dadi malebèng tegese mlebu ing
mardika + ing+rat dadi mardikèngrat tegese ing jagad/donya
murba + ing dadi murbèng tegese kuwasa ing
nara + indra dadi narendra tegese ratuning jalma
narpa + endah dadi narpendah tegese ratu sing ayu
nata + ing dadi natèng tegese ratu ing
nuju + ari dadi nujwari tegese sawijining dina
prapta + ing dadi praptèng tegese teka ing
prawira + utama dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati
priya + agung dadi priyagung tegese ratu binathara/ratu utama
ratu + agung dadi ratwagung tegese panah utama
sami + arsa dadi samyarsa tegese padha arep
sira + iku dadi sireku tegese kowe iku
siti + inggil dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane
siniwaka + ing dadi siniwakèng tegese diadhep dening
sumbang + asih dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih
sura + ing+yuda dadi surèngyuda tegese wani perang/dewaning perang
taksih + alit dadi taksyalit tegese isih cilik
tumenga + ing dadi tumengèng tegese madhep ing (mendhuwur)
tumeka + ing dadi tumekèng tegese tekan ing
tumuju + ing dadi tumujwèng tegese marani/tumuju ing
wira + utama dadi wiratama tegese prajurit utama/senapati
0 komentar:
Posting Komentar