Anoman
Obong
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening
Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing
taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe.
Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus.
Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga
keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik.
Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam
arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing
taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya
gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka
dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah
tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda
karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati
suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora
kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil
dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane
Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman.
Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye
kahanane Dewi Shinta.
Tekan
keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni
Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang
Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab
kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane
nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman
dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman
diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging
Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman
mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan
wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune
apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman.
Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman.
Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana
lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing
diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.
Kapethik saking : http://caritawayang.blogspot.com/2015/04/ramayana-anoman-obong-bahasa-jawa.html kanthi
ewah-ewahan sawetawis
0 komentar:
Posting Komentar