Dening : Iros
Suruping donya wis ganti dadi esuk, swara manuk kang ngoceh ing
dhuwur wit cedhak omah, nangekake wong wadon
sing turu ing kasur putih.
Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe.
Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing mau bengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.
Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut nuju kamar mandhi sing cedhak karo ambene. Dheweke banjur adus, ora lali nganggo sabun lan shampo.
Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe.
Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing mau bengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.
Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut nuju kamar mandhi sing cedhak karo ambene. Dheweke banjur adus, ora lali nganggo sabun lan shampo.
Sakwise adus banjur metu seko kamar mandhi lan nganggo seragam putih
abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku nuju kaca
sing ana ing cedhak rak-rakane. Nyisiri rambute sing dawa, alus lan endah. Ora
lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune. Mbak Tuti sing
gaweane ngrawat dhawuhi Bestari supaya gek sarapan ing meja makan.
Sakwise iku, Bestari wis nganggo seragam rapi lan tas sing kebak
karo buku pelajaran musik. Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng.
Bestari banjur maem. Sak wuse iku langsung mangkat sekolah, nganggo motor.
Bestari nge-gas banter, nuju sekolahe sing cedhak karo omahe.
Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep
ditutup. ”Nyuwun sewu Pak, gerbange ampun ditutup rumiyin. Kula ajeng mlebet
Pak. Nyuwun tulung dipun bikak Pak. “Bestari, kowe ki rak siswa anyar ta,
mangkat sekolah kok awan ngene iki. Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah, eh
kok telat. Piye nek dina sateruse?” Pitakone pak Satpam. Bestari meneng nggolek
akal supaya bisa mlebu. Bestari gawe rupa melas kaya wong telung dina ora
mangan. Ngrasa mesakake, pak Satpam banjur mbukakke gerbange karo kandha kanthi
nggrundel ”Awas ya, nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange!”.
Bestari langsung markirke motor terus mlebu kelase sing anyar.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni. Ruang kelase
jembar sarta akeh barang-barang sing bisa gawe suara merdhu kayata piano,
drum, gitar listrik, gitar akustik, terompet, harmonica, biola lan
sapanunggalane. Temboke dikeki ukiran gambar–gambar tembang. Pokoke kabeh sarwa
tembang”.
“Apa bener kowe sing jenenge Bestari Putri?” Pandangune bu Guru.
Bestari matur kanthi alus “Ee…enggih bu, kula Bestari Putri. Bu guru saged
nimbali kula Tari mawon. Kahanan apa iki, Bestari ora ngerti.
Bestari mung bisa mikir lan nebak-nebak wae. Ing jero batine : “Ngapa kok bu
guru takon kaya ngono? Apa merga aku telat suwi mlebu kelas. Apa merga
ora nothok lawang?. Apa ya?
Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe
ngayonke tangane ning arep rupane.”Hey., Bestari kowe ki ngapa? Apa kowe lagi
lara? Ngapa kok rupamu kaya wong sing lagi ndelok hantu
gentayangan?” Bestari dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “Haa?
Apaa? Hantu? Hantu endi hantune? Simbahku bisa ngusir hantu lho, ben tak celuke
simbahku supaya hantune ditangkap. Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.
Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” Haa ha haa… Bestari,
Bestari kowe ki ngomong apa ta? Hantu? Jelas-jelas hantune ki kowe, kok malah
takon, kowe ora ngerti ta? Kowe ki kaya hantu. Rambutmu dawa, ireng, kulitmu
putih kaya susu, ditambah bunderan ireng nang mripatmu. Coba kowe madhep mburi,
mesti ana bolongane, ha ha haaa” aloke salah siji murid lanang. Bestari nutupi
mripate, isin merga bunderan ireng nang mripate kuwi
disebabake kurang turu. Bestari kelingan mau bengi turu
jam siji bengi amarga kesenengen gawe lagu aransemene. Bu guru nyedhaki Bestari,
banjur takon “mau bengi kowe turu jam pira Bestari? Kowe ora kelingan nek dina
iki dina sepisanan mangkat sekolah ta?” Bestari sing isih isin mbukak tangane
sing nutupi rupa ayune.” Kula nyuwun pangapunten bu”. Bu Guru
memaklumi
wangsulane Bestari, terus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet
mandhek. ”Ya uwis, anak-anaku, sak iki bu guru pengin ngerti bakat kepisan kowe
kabeh, mboh kuwi nari, nyanyi, mainke alat musik terserah kowe, sing
penting maju nyang ngarep.”
Siswa pada maju nyang ngarep nunjukake bakat sing diduweni. Bocah lanang
kang perawakane dhuwur, rambut ireng, ganteng maju nyang ngarep
kelas, banjur nari. Tangane tengen lan kiwa prigel
nyelaraske karo tembang. “Rep ring ding dong ring ding dong. Tangane kaya sayap
garuda sing mabur ing angkasa, sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih.
Ing pungkasan, tariane sampurna banget. Suara keplokan saka siswa liya
gumbleger.
Mak dheg rasane ning jero atine Bestari nalika kancane lanang kuwi mau
mlaku nuju ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik.
Saiki giliranmu. “Muga-muga sukses anggonmu maju”, kandhane siswa lanang sing
lagi wae joget.
Batine Bestari rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara.
Bestari banjur maju neng ngarep cedhak piano. Bestari banjur ngawiti main piano
karo nyanyi. Swara piano kang merdhu, endah, alus lan bisa gawe tentreming
para siswa kang ngrungokake. Kabeh kanca-kancane Bestari mung meneng, kesengsem
marang suara piano lan suarane Dinda.
Ana lagu ning kalbuku,
Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh lan meneh,
Aku nduwe angen,
Angenku ora bakal mandhek nang kene,
Aku percaya karo mimpiku,
Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku percaya karo mimpiku,
Sak wuse Bestari rampung, kanca-kancane padha ngalembana, “Bestari, Bestari
, Bestari”. Swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh. Para siswa ing
kelas liya padha melu ndelok lan keplok-keplok.
Ana wong wadon ayu ndelok Bestari, sing duwe rasa iri. ” Bestari, aku, ora
bakal kalah karo kowe“, kandhane Ajeng neng jero batine karo ninggalke kelas iku,.
~~nang kantin sekolah~~
“Wah, Bestari, penampilanmu apik banget, swaramu merdhu lan alus bisa gawe
tentrem nang atiku”, kandhane Susi.
” Bestari, Luar biasa, bakatmu luar biasa, tanganmu trampil mijet grand
piano kuwi”, tambah wong lanang keriting iku. Kamangka, Susi lan
Binsar duwe bakat sing padha luar biasane. Susi sing duwe awak apik
bisa nari, lan Binsar sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Bestari terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.
Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Gegayuhane, bakal nerusake sekolah
ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget. Nalika dina kang
untung Bestari entuk pengumuman saka Ibu guru.
“Anak-anaku, Ibu arep ngumumake kanggo para siswa. Ibu pengin
ngucapake selamat kanggo kowe kabeh, muga-muga kowe kabeh bisa sukses”. Suasana
dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran. “Punapa pengumumanipun bu Guru?
Mboten sah damel penasaran to Bu”. Kandhane salah sawijining siswa. Sakwise
suasana tenang bu Guru nerusake pangandikane mau. ” Bestari, Susi, Ajeng,
Binsar lan Rendi entuk beasiswa sekolah nang Universitas Seni London tanpa
biaya, kowe ya padha entuk pesangon saka pemerintah. Sak wulan engkas kowe
padha arep Ujian Akhir. Ibu Guru duwe pangarep-arep kowe bisa nampilke sing
paling apik nang ngarep juri.
”Kabeh kaget, apa maneh wong lima mau. Bestari kaget. Akhire angen-angene
bisa kelakon. Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.
Dina arep ujian akhir sansaya cedhak, Bestari sinau kanggo ujian, dheweke
ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane. Bestari wis duwe lagu
sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun
rapi panitia. Juri-juri wus padha manggon nang kursine dhewe-dhewe. Siswa-siswi
gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik. Kabeh siswa
ora ngerti sing ditampilke apik apa ora, sing penting wis usaha nampilke sing
paling apik.
Saiki gilirane Bestari, dheweke ngrasa gugup. Aneh. Kamangka biasane ora
ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene. Wong saka mburi nepuk pundak
Bestari, ”Kowe mesthi bisa Bestari, kowe rak wus latihan keras nganti saiki ta?
Ngapa mesthi wedi? Perkara apik apa ora sing penting tampil kanthi SEMANGAT.
Oke??“ Rendi mbagekake grapyak. Bestari mesem lan ngangguk “Oke. Nyuwun dongamu
ya Ren, penampilanmu mau apik banget lho, aku seneng karo tarianmu“. Rendi sing
ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “Ha ha haa, ngapa mung seneng karo tarianku? Lha
nek karo aku seneng apa ora? Ha ha ha”.
Bestari kaget. Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung.
Banjur kandha “Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana. Aku
persembahke lagu iki kanggo wong tuwaku, guru-guruku lan wong sing lagi wae
maringi aku semangat. Dinda langsung nyanyi. Swara gitar sing dipetik
Bestari kaya lagu nang swarga kang bisa gawe tentreme ati kang lagi gundah.
Kabeh kesengsem, kalebu juri kang ana ing ngarep. Sakwise kuwi, acarane
rampung.
Akhire dina keberangkatan tumuju London wis cumepak. Nang pesawat, salah
sawijining wong wadon nyedhaki Bestari. Wanita kang duwe tatapan tajam kang
bisa gawe Bestari sethitik ora nyaman.
”Kowe mesthi ngrasa seneng ta? Sak iki kowe bisa seneng sik. Gedhene kaya
ngapa usahamu, kowe bakal kalah karo aku“.Bestari kaget lan mesem
sethitik dipeksa“.Bestari banjur jawab “Aku? Aku ora bakal kalah karo kowe”.
Ajeng karo mesem sinis mangsuli “Lakukan sing terbaik, kawan”. Meneh
lan meneh, Bestari digawe kaget karo wanita iku. Sikap lan tindak–tanduke sing
sak suwene iki mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang. Ajeng banjur lunga
ninggalke Bestari sing isih kaget.
Sakwise penerbangan puluhan jam, akhire tiba nang London. Bestari mlaku
nang antara wong-wong kang padha mlaku, mudhun saka pesawat. Rendi saka mburi
ngampiri Bestari sing kabotan gawa kopere. Rendi mbantu nggawakake koper gedhe
iku”. Piye? Perjalanane, nyenengake ta ? Rendi takon. “Matur suwun ya Ren”
wangsulane kang lirih saengga Rendi ora bisa krungu suwarane. “Ren, iki wis
dadi gegayuhanku, dadi obsesiku sak suwene iki”. Bestari neruske omongane. Wong
loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin tumuju bis kang ngeterke ning
penginapan.
Gegayuhan, katresnan, krasa bahagia umpama nduwe rasa iku. Usaha, kerja
keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene. Bestari ngerti,
perjalanane ora mung mandhek tekan kene. Dheweke pengen sinau lan golek
pangerten apa kang sadurunge ora dingerteni. Bestari wani duwe pangangen-angen
lan pangangen-angen kuwi kang bisa dadi jalaran dheweke tekan kene.
Unsur –Unsur Cerkak
A. Irah-irahan : Gegayuhan lan Katresnan
B. Basa ( gaya, style) : Ngginakaken Bahasa Jawa
Ngoko lan Krama.
C. Tema : Impian kaliyan ketaman asmara.
D. Alur : Maju
E. Setting
Setting panggonan : Omah, Sekolah Seni,
Bandara .
Setting
suasana :
Gembira, kaget, seneng.
Setting
waktu : Esuk
lan bengi .
F.
Paraga :
1. Bestari
2. Mbak Tuti
3. Pak Satpam
4. Rendi
5. Susi
6. Ajeng
7. Binsar
G. Wataking paraga
1. Bestari
: Becik, pantang menyerah, kerja keras
2. Mbak
Tuti : Becik,
penyayang
3. Pak Satpam :
Becik, Seneng tetulung
4. Rendi
: Becik, Grapyak, Ceria
5. Susi
: Becik, ceria
6. Ajeng
: Sombong,Sinis, tapi nggatekake.
7. Binsar
: Becik, ceria
H. Budi pekerti
Saben manungsa kudu duwe mimpi kang bisa dadi penyemangat utawi pacuan
supaya bisa dadi sukses
Usaha, kerja kang sregep, donga kang dadi utama sukses.
Bakat manungsa iku kudu dikembangke
Iros adalah Ismail Iroprojo adalah Ismail Wiroprojo adalah Ismail
0 komentar:
Posting Komentar