NUSAKAMBANGAN
“Ora! Kudu disirnakake. Yen perlu malah diobong apa
dilarung ing segara, kareben ora nyepet-nyepeti”. Bareng karo pucuking tembung,
sakala jroning Kraton Ajibarang udan kembang. Patih Tambakbaya ngungun, onya.
“Menika pralambang menapa? Sinerang ngendika dalem
purna, kok lajeng udan kembang maewu-ewu.” Pitakone Tambakbaya, lungguhe saya
ngangseg.
“Kamulyan!” Wangsulane prabu Ajipamasa, unjal napas
landhung.
“Menapa badhe kelampah panjenengan nggecek Resi Kano ingkang manggen ing pertapan Gumelar menika. Dhawuh panjenengan
supados nyingkiraken rumiyin kemawon, muspra. Resi Kano menika limpat, bontos
ing kanuragan.”Tambakbaya ngandhakake karepe prabu Ajipamasa. Nanging ora
digape.
“Ya merga kasektene kuwi, aku kuwatir yen mengko Kano
njur mrengkang, ngrubuhake kalugguhanku.”Tambakbaya semu ngelingake bareng
krungu pratelane sang Prabu.
“Boten, boten badhe kelampah jalaran piyambakipin
satunggaling resi ingkang becik budinipun. Kejawi saking menika, menapa
awakipun piyambak samangke boten badhe nampi saru-sikuning pangeran.”
Prabu Ajipamasa munggel rembug. “Sebabe? Ora
sah mulang!” Tambakbaya ndhingkluk. Sajak nglirik sang prabu kang lagi sekel galih..
“Kula taksih emut cetha. Negari Ajibarang ngriki
sinten rumiyin ingkang bebadra. Cikal bakalipun inggih resi Kano. Piyambakipun
ingkang mbikak alas ngriki, awakipun piyambak ingkang kantun mlebet dhateng
kasung ingkang sampun ginelar. Lha samenika kok piyambakipun kedah kasingkiraken
?” Prabu Ajipamasa tetep puguh.
“Wis kakang Tambakbaya, yen saiki ora gelem mbantu
mangsa baranga kraton. Aku arep goleki Kano menyang pertapan Gumelar.” Prabu
Ajipamasa kepeksa ninggal praja dhew tumuju pertapan Gumelar.
Kocapa, nalika semana omahe resi Kano tinemu
sepi. Sang Prabu katon sekel. Resi Kano sajak kaya wis nampa wangsit yen bakal diancam patine. Wong
sakiwa tengene ditakoni padha ora
ngerti. Jarene wis watara seminggu resi Kano ora tau katon. Njero
ngomah digledhah, tinemu mamring. Suwung blung.
Anehe, nalika sang prabu arep mancat tlundhukan lawang
krasa ana lindha gedhe. Omah tuwa iku klakon rubuh dadakan. Omah murub,
murab-murab nggegirisi. Ubaling geni mubat-mabit ngetutake sang prabu.
Kaya arep ndilat-ndilata. Wong kiwa tengene geger, ana kang kenthong titir, ana
kang mlayu ngono wae.
“Kano….ora urus. Kowe nedya pasang tulak sarik.”
Senadyan sing digandheng ora ana, sang prabu meksa gedumelan dhewe. Geni nedya
disirep. Kopyahe sang Aji pamasa diuculi , kabanting wani. Kabul panuwune sang
nata.Mendhung padha ngumpul,
Bress….! Udan prahara nempuh geni mangalat –alat. Lapp…sirep ngono wae. Ilange geni, jumedhul resi Kano lagi ndhukluk sedhakep.
“Oh….pamer kowe Kano.”Prabu Ajipamasa namatake,
ora samar yen resi Kano kang mecungul
ing tengahing geni . Sing disendha etel, meneng wae. Malah saya gawe muntabe
sang prabu.
“Iki jalukanmu….rasakna.” Jumeprete panah pas gegere
resi Kano, tablas. Jagade dadi peteng lelimengan . Hawane panas. Mung keprungu
swarane pating jlegur. Suwarane tanpa sangkan. Ora krasa awake prabu Ajipamasa
nyengg…, kaya ana sing ngangkat. Kumleyang nlusup mendhung kandel. Resi Kano
ilang, muksa.
“Heh Ajipamasa , kowe ratu ambeg gumedhe, ora duwe
welas. Manuta tak kremus-kremus, tak sesep-sesep balung sungsummu.”Tibane prabu Ajipamasa ing gisiking segara. Kanteb awake, krengkangan. Ngadeg tiba, angger njenggelek
kebanting. Jebule ing ngarepe wis ana naga mangap. Naga kang nguber segara.
“Kowe kena mangsa aku, nanging aku prelu ngerti sopo
kowe lan geneya kowe arep mangsa wong ora dosa.” Swarane sang prabu lirih,
memelas.
“Aku sing njaga segara kidul. Aku sing ngratoni kraton
Nusatembeni kene. Jenengku Naga Balekambang. Ora sah selak dosamu apa? Aku wis
ngerti yen kowe kang mateni guruku bapa Kano. Ayo ulungna gulumu.” Sang
Ajipamasa isih bias namakake kemitenggengen. Naga Balekambang ketaman Aji Lebur Sakethi, ambyar.
Lagi wae Balekambang arep nggubet, wis kedhisikan kagrayang. Ajur kumur-kumur.
Ilange naga Balekambang katon wanita sulistya, anteng. Sang Ajipamasa
mesingunen, sajak kaya ing pangimpen . Layap-layap wanita kacedhaki. Nanging
rumangsa kangelan. Saben dicedhaki saya ngedoh. Nganti wanita kuwi nggebyur ing
segara, munggah kethimik-kethimik ing pulo cilik. Kelip-kelip saka kadohan.
“Sang Prabu matur nuwun banget. Kowe bisa ngruwat
marang aku. Nalika semana aku tampa dukane hyang Pramesthi, ya marga nggonku
tau sesambungan karo titah merca pada. Mula aku watara sepuluh taun kudu nglakoni tapa.” Sang ajipamasa nggragap. Lamat-lamat krungu swara ngumandhang. Bisane mung ngaturake
panuwun.
“Inggih, mboten nginten yen kula inggih badhe
nglampahi ingkang mekaten wau.”Isih krungu swara dumeling saka pulo cilik.
“Lan iki minangka tandha gedhening panarimaku , sira
tak wenehi piyandel wujud kembang wijaya kusuma. Kembang iki kena kanggo nambani wong lara lan kanggo nguripake wong mati sing durung tekan
wancine.”Krasa edhum jagade sang nata bareng nampa bebungah.
“Malah saksemana, gandheng nggonku paring Kembang Wijaya Kusuma iki
ana nusa utawa pulo cilik iki, besok papan kene lestaria dadi jeneng Nusakambangan.” Lap sedhela wae wanita mau
ilang kakedhepake. Prabu Ajipamasa mung ngowoh, atine ana rawung. Ing batin semu ngungun . Mesem dhewe.
Kapethik saking: Buku sega rames
anggitanipun Drs. Suwardi Endraswara, M. Hum kanthi ewah-ewahan sawetawis
0 komentar:
Posting Komentar