Minggu, 13 Desember 2015 - 0 komentar

Dolanan Tradisional

Dolanan


Dolanan. Dolanan kui salah siji prekara kang disenengi dening bocah cilik. Ora mung bocah cilik, nanging sing wis gedhe kadang uga sok kangen marang mangsa cilike mbiyen. Dolanan kui bisa nglipur marang rupeke ati. Babagan dolanan kui ndadekake bungah sekabehe. Biyen, dolanan kui mung sarana murah. Ora nganggo barang larang, mung nganggo piranti “turahan”. Nanging, saiki dolanan kui, dolanan jaman biyen wis ketinggalan karo ubenge jaman sing sarwa elektronik, dadine dolanan mangsa cilik biyen ya mung dadi kenangan.
  Dolanan tradisional ing mangsa cilik akeh cacahe, kayata:
Ø  Sekitan sekitan utawa asring diarani petak umpet
Sekitan kui dolanan kanggo nggladhi katlitenan. Carane dolanan yaiku, kawitan milih sapa sing “dadi” utawa sing  merem, padatane nganggo cara hom pim pah. Banjur sing “dadi” merem lan sendhen ana ing wit utawa tembok karo ngitung angka siji nganti sepuluh. Bocah liya sing ora “dadi” ndelik ing panggonan sing primpen. Banjur sawuse ngitungi, bocah sing dadi kui banjur nggoleki kanca-kancane sing pada ndelik. Nalika ketemu kancane sing ndelik bocah sing “dadi” mau nyekel panggonan merem karo muni njenenge kancane sing ditemokake karo “sekit” pratandha yen bocah mau wis ora kena ndelik maneh. Kayata “Rio sekit” karo nyekel panggonan merem. Nanging, yen ana bocah salah siji bocah sing ndelik mau meneng meneng (mengendap-endap) nyekel panggonan merem e karo muni sekit, mangka bocah sing “dadi” mau bakal merem utawa “dadi” meneh.
Ø  Egrang
Egrang kui dolanan sing nganggo piranti pring dawa sing bagian rada ngisore ana palangane (bentuk huruf t) kanggo japitan sikil. Egrang kui biasane digawe alat kanggo mlaku.

Ø  Setinan
Setin kui ing bahasa Indonesia sinebut kanthi aran kelereng. Dolanan setinan kui gampang, yaiku sepisan, nggambar segitiga ana ing lemah, banjur setin ditata jejer kaya pola segitiga sing digambar nganti kebak. Sawuse kui pemain nguncalake kabeh setine banjur digoleki setin sing paling ceddak karo pola segitiga, sing paling cedak, berarti sing main kawitan. Banjur diulangi maneh saka sing menang kawitan kanggo nylentik setin saka pola segitiga, nalika setin dislentik lan metu saka pola, bocah kui bisa main meneh, utawa menang sawetara, nanging yen setine mlebu ing pola segitiga mau berarti bocah kui “dot” utawa mati (kalah).

Ø  Karetan (lompat tali)
Dolanan iki nganggo piranti karet gelang sing dirangke ngani kaya tali. Cara dolanan yaiku, kawitan para pemain pada hompimpah kanggo nggoleki sing “dadi” utawa wong loro sing nyekeli karet. Sepisanan karet mau dicekeli urut karo dhengkule sing nyekeli, para pemain pada nglumpati karet kanthi ora ngenani karet mau, sawise kui, karet dicekeli urut (sepinggang) bocah sing nyekeli, nganti semene para pemain sing mlumpat ora kena ngenani karet, yen kena karete banjur nggenteni sing nyekel karet utawa “dadi”. Banjur karet di unggahake maneh, yaiku sedhadhane sing nyeel, sprene bocah sing mlumpa oleh kena karet asal aja nganti kebancang karet. Sawuse kui karet diunggahake maneh nganti sadhuwure sirae sing nyekeli, banjur diunggahake ngantti sekilane sadhuwure sirahe sing nyekeli, banjur diunggahake maneh nganti rong kilan saka sadhuwure sirahe sing nyekel, banjur tali diunggahake sa-acungan driji nomer loro (jari telunjuk) sing diunggahake kaya nalika ngacung, posisi iki disebut “mer”, nganti seprene, bocah isih oeh kena karete asal ora kebancang, yen kebancang bocah kui banjur “dadi”

Ø  Gedrik (engklek)
Kui dolanan sing nganggo piranti kreweng (cuwilan genting) utawa cuwilan ternit. Sedurunge, para pemain nggambari tanah (kotak-kotak) sing arep digawe gedrik, para pemain hompimpah kanggo nggoleki sing main kawitan banjur sawise digambari kreweng utawa ternit mau diuncalake awit saka kotak nomer siji, carane jupuk kreweng utawa ternit kui kanthi mlaku gedrik (mlaku/mlumpat nganggo sikil siji) muteri kotakan sing digawe mau, sawise tekan pol e kotakan, banjur balik meneh marang kotak sepisanan kanggo jupuk kreweng mau, mangkana seteruse.

Ø  Sayak-sayakan
Dolanan kui pirantine gambar sayak lan pawongan . banjur pawongan mau dianggoni sayak sing wis digambari mau. Sawise kui dolanan sayak-sayakan diwiwiti. Padatane pawonagn mau dilakokake kaya tingkahe manungsa (tingkah ana ngomah, nalika sekolah, lsp)


Ø  Bekelan
Bekelan kui nganggo piranti bekel sarta kulit kerang utawa tutup teh botol utawa tutup botol sirup. Kawitan hompimpah kanggo nggoleki sing main kawitan. Carane dolanan, kawitan,  bekel diuncalake mendhuwur, nalika bekel diuncalake mendhuwur pemain mau nyebar kerang utawa tutup botol. Sawise kui bekel diuncalake maneh, nalika bekel diuncalake, pemain njupuki kerang sing disebar. Pemain kalah nalika pemain jupuki kerang utawa ttutup botol mau nanging bekel ora kacekel (tiba).
Dening: Noor Roikhatun N

0 komentar:

Posting Komentar