Selasa, 15 Desember 2015 - 0 komentar

Kawruh Basa Jawa




Tembung Lingga
Tembung kang durung owah saka asale diarani tembung lingga.
Tuladhane:         basa, dolan, dunung, gambar, jupuk, lunga, omah, pangan, pinter sinau, tulis, waca lan sapanunggalane.
Tembung Andahan
Tembung kang wis owah saka asale diarani tembung andhahan. Owahe tembung mau bisa amarga warna-warna sebab, kayata oleh ater-ater, seselan, panambang, utawa bisa uga amarga dirangkep.
Tuladhane:          digawa, kajupuk, tinulis, jumangkah, bola-bali, ginambar, disinau, diwaca, padunungane, basane, omahe lan sapaunggalane.
Ater-Ater
Wuwuhan kang manggon ana ing sangarepe tembung diarani ater-ater. Ater-ater ana telu, yaiku:
  1. Ater-ater anuswara: ny, m, ng, n
Tuladhane:           ny     +       sapu           =       nyapu
m      +       pangan       =       mangan
n       +       tulis            =       nulis
ng     +       gambar       =       nggambar
  1. Ater-ater tripurusa: dak (tak), ko (kok), di
Tuladhane:            dak   +       gawa           =       dakgawa
ko     +       tulis            =       koktulis
di      +       jupuk         =       dijupuk
Ater-ater liyane: sa, pa, pi, pra, tar, ka, ke, ma, kuma, kami, kapi, swa, lan sapanunggalane.
Tuladhane: saomah, panulis, pitutur, tarbuka, kamigilan, kumawani, lan sapanunggalane.
Seselan
Wuwuhan kang manggon ana ing tengahing tembung diarani seselan. Seselan ana papat, yaiku: er, el, um, lan in.
Gatekna tembung kang oleh seselan iki!
  1. kelip                    +       er      =       kerelip
  2. kumpruk    +       el       =       kelumpruk
  3. sandhing    +       um    =       sumandhing
4. jaga            +       in      =       jinaga

Tembung Entar
Tembung sing nduwe teges ora sabenere diarani tembung entar. Tembung entar uga diarani tembung silihan. Yen ana basa Indonesia diarani kiasan.
Tuladha tembung entar:
  1. gedhe endhase    = tegese angkuh, gumedhe
  2. jembar segarane  = tegese sugih pangapura
  3. adus kringet        = tegese tandang gawe abot
  4. dawa tangane      = tegese seneng njupuk barange liyan (clemer)
  5. udan tangis         = tegese akeh wong kang nangis.
Tembung Saroja
Tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake diarani tembung saroja.
Tuladhane:
a. sanak sedulur
b. sayuk rukun
c. mula buka
d. edi peni
e. solah bawa
f. gepok senggol
g. was sumelang
h. terang terwaca
i.tata krama
j. tandang gawe

Paribasan
Tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladhane:

No
Paribasan
Artine
1
Ana catur mungkur
Ora gelem melu urusane liyan
2
Becik ketitik,, ala ketara
Sing becik lan sing ala padha-padha bakal kaweruhan
3
Tulung menthung
Katone tetulung nanging gawe rekasane kang ditulungi
4
Wiwit kuncung nganti gelung
Wiwit bocah nganti tuwa
5
Yitna yuwana lena kena
Sing ngati-ati bakal slamet, sing kurang weweka bakal cilaka




Kapethik saking : Wasita Adi Basa Jawi kelas VII

0 komentar:

Posting Komentar