Kamis, 17 Desember 2015 - 0 komentar

Carane Nginstal



Nginstal WordPress
Iki versi cepet carane nginstal WordPress.
  1. Undhuhen lan unzip (ekstrak) paket WordPress, menawa Sampeyan durung nglakokake iku.
  2. Gaweya basis data kanggo WordPress neng server web Sampeyan lan uga gawe sisan panganggo MySQL sing duwe wenang ngakses lan ngowahi basis data iku.
  3. Gantinen jeneng berkas wp-config-sample.php dadi wp-config.php.
  4. Bukak-en wp-config.php nganggo piranti panyunting teks sing Sampeyan senengi lan isinen detil basis data Sampeyan.
  5. Delehake berkas WordPress neng pangonan sing mbok kepengini neng server web Sampeyan:
    • Menawa Sampeyan pengin ndadekake WordPress ing oyot ranah (domain) Sampeyan (conto: http://example.com/), pindhahake utawa unggahke kabeh isi konten direktori WordPress (nanging folder-e dhewe ora) neng direktori server web Sampeyan.
    • Menawa Sampeyan pengin nduwe instalasi WordPress neng subdirektori neng situs web Sampeyan (conto: http://example.com/blog/), gantinen jeneng direktori wordpress dadi jeneng sing mbok pengini ing subdirektori iku lan pindahakee utawa unggahake neng server web Sampeyan. Contone, menawa Sampeyan pengin nginstal WordPress neng subdirektori jenenge “blog”, Sampeyan kudu maringi jeneng direktori sing jenenge “wordpress” dadi “blog” lan ngunggahake neng direktori oyot server web Sampeyan.
  6. Lakokna skrip instalasi kanthi ngakses wp-admin/install.php nganggo perambah sing mbok senengi.
    • Menawa Sampeyan nginstal WordPress neng direktori oyot, Sampeyan kudu niliki: http://example.com/wp-admin/install.php
    • Menawa Sampeyan nginstal WordPress neng subdirektori contone jenenge blog, Sampeyan kudu niliki:  http://example.com/blog/wp-admin/install.php
Cukup sakmono! Kudune saiki WordPress wis kepasang.

0 komentar:

Posting Komentar