Minggu, 13 Desember 2015 - 0 komentar

budaya islami


Tradhisi Islami

Pondhok pesantren menika kalebet salah setunggaling sekolahan ingkang nggulawentah para siswanipun supados dados janma utama. Sami kalayan sekolah umum sanesipun, pondhok pesantren ugi nggadhai aturan aturan ingkang kedah dipuncakaken dening para siswa sarta para dwija. Punjering ukara, pondhok pesantren menika ugi nggadahi tradhisi ingkang tasih dipunlajengken ngantos samenika sarta mboten ical dening gilir gumantinipun zaman. Tradhisi menika kadosta tradhisi ngaos bandongan, ngaos sorogan, ngaos qur’an, madin, ngaos dzibaan, ngaos khitobahan sarta sanesipun.
Mligginipun pondhokan menika kedah awrat wonten ing bageyan ngaosipun, pramila mboten klentu menawi  pondhok pesantren angluberaken wekdal ingkang kathah kagem ngaos. Ngaos  wonten ing pondhok pesantren menika umumipun kaperang dados kalih, inggih menika ngaos quran sarta ngaos kitab. Ngaos kitab menika kaperang dados kalih inggih menika ngaos kitab bandongan sarta ngaos sorogan. Bentenipun antawis kekalih menika wonten ing pandeganipun utawi kyai. Menawi wonten ing ngaos bandongan, kyai dados pandega utami ingkang maosaken wosing kitab ingkang dipunrembag, wondene ngaos sorogan menika santri utawi para siswa menika kedah maosaken kitab ingkang dipunrembag wonten ing sangajengipun kyai.
Ngaos quran menika kaperang dados kathah, kadosta, ngaos quran binnadhor, ngaos quran bilghoib (ingkang kekalihipun kagem ingkang ngapalaken quran) sarta ngaos quran halaqoh. Ngaos quran halaqoh utawi halaqoh quran menika ngaos quran ingkang antawisipun santri sarta ustadz utawi dwija sami lenggah lesehan sarta mbentuk barisan kanthi bentuk bunder. Ingkang dipunwaos ugi ayat quran ingkang gilir gumanti pemaosipun utawi sistem nglajengaken ayat.
Wondene kegiyatan sanesipun inggih menika berjanjen, inggih menika kegiyatan kagem mengeti dinten miyos sarta wafatipun kanjeng nabi ingkang pungkasan nun inggih kanjeng nabi Muhammad SAW. Kegiyatan menika asring dipunlampahi pendhak malem jumat utawi saben wulan mulud kanthi rutin. Kegiyatan sanesipun inggih menika kegiyatan khitobahan, inggih menika kegiyatan kagem nglatih mental sarta kewanteran santri menawi majeng pidato wonten ing ngajeng tiyang kathah. Khitobah menika dipunwontenaken kanthi tema ingkang asring dipunlampahi wonten ing desa, nanging kanthi konsep ingkang langkung gayeng.
Kegiyatan ingkang mboten pareng kesupen inggih menika, kegiyatan madin, inggih menika kegiyatan pasinaon ilmu agami kanthi dipunpandegani dening setunggal dwija. Sistemipun kadosa kelas wonten ing sekolah formal. Madin utawi madrasah diniyah menika asring dipunlampahi wonten ing wayah ndalu. 
 
 
Dening: Noor Roikhatun Ni’mah (Raikha binta Fauzan)

0 komentar:

Posting Komentar