Selasa, 15 Desember 2015 - 0 komentar

Obah-owahe Swara




Sing dikarepake obah-owahe swara yaiku owahe swara ing sawijining tembung, nanging ora nganti ngowahi surasaning tembung. Obah-owahe swara iku ana sing jalaran katambah swarane, kasudda swarane lan ana uga swara kang pindhah panggonan. Sarehne basa Jawa durung duwe tembung sing tegese padha kaya tembung manca iki, tembung-tembung iku kapeksa disilih.
Panambahing Swara
Panambahing swara ing sawijining tembung bisa dibedakake dadi telu, yaiku protesis, epentesis, lan paragog. Panambahing swara kasebut karembug ing ngisor iki.
  1. Protesis
Protesis yaiku tanbahe swara ing wiwitane tembung kang ora nganti ngowahi surasane tembung. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Nanging                  : Ananging
Jare                        : Ujare
Ana                        : Nana
Ing                         : Ning
Adi                         : Hadi
2. Epentesis
Epentesis yaiku tambahe swara ing tengah tembung. Sanadyan ing tengah tembung tinambahan utawa sineselan swara, surasaning tembung ora nganti owah. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Kambil  : Krambil
Akasa   : Angkasa
Ngipi     : Ngimpi
Upama : Umpama
Sisot      : Singsot
3. Paragog
Paragog yaiku tambahe swara ing pungkasane tembung, nanging surasane ora nganti owah. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
Nganti                  : ngantik
Sudi                       : sudik
Dudu                     : duduk
Ora                        : orak
Ibu                         : ibuk
Panyudaning Swara
Panyudaning swara utawa abreviasi ing sawijining tembung bisa dibedakake dadi telu, yaiku aferesis, sinkop, lan apokop. Abreviasi iki ana uga kang ngarani plutan (tembung plutan). Kabeh mau karembug ing ngisor iki.
  1. Aferesis
Aferesis yaiku sudane swara ing wiwitane tembung. Sanadyan mengkono, surasane tembung ora nganti owah. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
Kakang                 : kang
Uwong                 : wong
Bapak                   : pak
Bisa                        : isa
Simbah                 : mbah
Tembung madya bisa kagolong aferesis sebab tembung madya iku racake asale saka tembung wutuh kang mung dijupuk saperangan. Tembung njenengan, teng, lan engga, asale saka tembung panjenengan, dhateng, lan mangga.
2. Sinkop
Sinkop yaiku sudane swarqa ing tengah tembung. Sanadyan ana sesudan swara ing tengah tembung, surasaning tembung ora owah. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
Sethithik              : sithik
Temenan             : tenan
Njaluk                   : njuk
Dhuwit                 : dhit
Weneh                  : neh
3. Apokop
Kang sinebut apokop yaiku sudane swara ing pungkasaning tembung. Sanadyan ana sesudan swara ing pungkasaning tembung, surasane tembung babar pisan ora owah. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Temenan             : temen
Kuluban               : kulub
Bakyu                   : bak
Kakang                 : kak
Dhimas                 : dhi

0 komentar:

Posting Komentar