Kembang Wengi s Kembang
Bangah
Sliramu kuwi pancen ayu
enom tur endah
Senengmu ngreridhu
ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman, ayumu kuwi kena
tinuku murah
Ing atising wengi
sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen abyoring
kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok gurit lelakon
ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh angga liniron
redana sliramu pasrah
Mustika aji wis lawas
oncat saka ragamu sing wantah
Ing buntasing wengi
anggamu katon sayah…lungkrah…
He kembang bangah,
pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu sing nistha
kuwi uwisana
Galo isih akeh pakaryan
sing utama, golekana
Apa kowe ora krungu
para sujana sarjana sadonya
Gumedher umyung
gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu kuwi sing
dadi ngrembakaning kruma
Virus AID candhala sing
durung ketemu tambane kanggo usada
Uga sumandhing ngaglah
ing iringmu si raja singa
Yen wis tumanduk ing
awakmu kowe ra bisa bangga
Oh esemmu sayah… eseme
si kembang bangah
============================
Wayah Magrib
Wancine wis repet-repet peteng
Sang surya sayah sedina muput
madhangi jagad raya
Angin sore kang biyasane midid
sumilir sumene sawetara
Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang
lagi ngaso
Swarane bocah rame dolanan tan
keprungu maneh
Mbarengi swara bedhug masjid tengara
mahgriban
Ujug-ujug ana pawongan kang lakune
setengah kesusu
Ngener nyang omahe bu bidhan
Jarene semahe arep babaran
Temenan ora watara suwe keprungu
cengere jabang bayi
Amin… negarane tambah jiwa siji
Tegese kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene iku titipane Gusti kang kudu
dicukupi
Wiwit saka susu, kasarasan,
panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine maneh ing piyandele
Ing tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat lanang wadon tuwa enom
Padha sujud sangandhape pepadane
Gusti
Bubar Mahgrib kendhuren-manten
Dening Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam ing batin sataun kepungkur
Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe
putra
Kang kakudang-kudang ing tembene
Dadiya tiyang ingkang mawadah lan
solekhah
Saged mikul dhuwur mendhem jero
tiyang sepuh
Dumadakan keprungu swara tangise
jejeritan
Mbah Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan ing Gusti ingkang akarya
jagad
Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia ngastane Gusti ingapura
sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone jantraning Bawana
Manungsa nora kuwagang ngendheg
lakune takdir
Ing wayah Mahgrib
Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni
jagad raya
Ana kang lagi palakrama
Ana uga kang katimbalan ing ngarasane
Gusti
Amin
=======================
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
======================
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
======================
CRITA SAKA MANCA
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
=========================
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
=========================
BABAD WEDHI PESISIR
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
====================
0 komentar:
Posting Komentar