Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Kula
nuwun
Dewan
Yuri ingkang kinurmatan
Para
pinisepuh, sesepuh ingkang kinabekten
Para rawuh
kakung dalasan putri ingkang satuhu bagya mulya
saha
kanca-kanca kang daktresnani
Hamurwakani
atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur alhamdulillah saha
ngaturaken agunging panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang
sampun paring kanugrahan, rahmat, saha hidayah, saengga wekdal punika kita
saged makempal wonten papan mriki kanthi sehat wal afiat.
Para
rawuh ingkang winantu ing karahayon
Kados
ingkang sampun kita mangertosi, bilih Basa Jawi punika salah satunggalipun Basa
Daerah wonten ing nagari kita. Pramila, sumangga kita sami tansah
nglestantunaken Basa Jawi, supados Basa Jawi punika mboten kegerus ingkang
perkembanganipun zaman. Basa Jawi punika kalebet wonten ing Kabudayan Jawi.
Satunggalipun Budaya Jawi kadosta Tari Jawi, Gamelan Jawi, tembang macapat,
geguritan asli Jawi saha sanes-sanesipun. Nanging ingkang langkung baken, kados
pundi pambudidaya kita anggenipun badhe nguri-uri Basa Jawi saha Budaya Jawi
punika. Mboten klentu, menawi kita purun anggenipun badhe sinau Basa Jawi saha
Budaya Jawi. Supados kita saged migunakaken unggah-ungguhing Basa Jawi saha
Budaya Jawi kanthi leres.
Para
rawuh ingkang kula kurmati
Bilih
kita mangertosi, lare lare sekolah sakmenika anggenipun migunakaken Basa
Jawi tasih kathah ingkang klentu. Lare-lare remen migunakaken basa
ingkang mboten trep kalih unggah-ungguh. Lare-lare ugi remen migunakaken budaya
ingkang mboten sae. Pramila, kita tansah ngajari saha nguri-uri Basa Jawi,
kejawi menika kita tansah nguri-uri Kabudayan Jawi supados putra wayah kita
saged mangertos, migunakaken, saha saged nglestantunaken Kabudayan Jawi kanthi
leres lan sae. Ingkang nyinau Basa Jawi punika kanthi sae, saged ndadosaken
generasi mudha ingkang nggadhahi sopan santun sarta kerakteripun bangsa ingkang
sae.
Wusananing atur, sumangga
kita sami nyenyuwun dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, mugi-mugi
gegayuhan anggenipun nguri-uri Basa Jawi saha Kabudayan Jawi punika saged
kasembadan kanthi sae.
Mekaten ingkang saged kula aturaken
Mekaten ingkang saged kula aturaken
Puput
pepuntoning atur, sedaya kekiranganipun nyuwun agunging pangapunten
Lawane munggah iku mudhun
Nganggo kebaya uga kemben
Menawi kathah luputipun
Kula nyuwun pangapunten
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar