Minggu, 13 Desember 2015 - 0 komentar

PIDATO Bahasa Jawa

PERPISAHAN SISWA KELAS IX

Nuwun , panjenenganipun Bapak Kepala ingkang dhahat kinurmatan. Para tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula urmati. Sederek kula siswa kelas IX lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan karaharjan saha kawilujengan, saengga kita sedaya saget makempal wonten ing aula SMP N 4 Surakarta kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Minangka wakil saking siswa kelas VII lan VIII, ingkang sepisan kula ndherek bingah dene sedherek kula kelas IX sedaya sampun kasil anggenipun ngangsu kawruh lan ngrampungake kewajibanipun wonten ing pawiyatan menika.
Kaping kalihipun, kula ugi ngaturaken gunging panuwun awit sedherek kula kelas IX sampun paring pambiyantu, bimbingan saha pitedah, wewarah babagan ngelmu, katrampilan, kawasisan menopo kemawon dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah. Kula bonten saged ngaturaken piwales saking Gusti Allah ingkang trep kaliyan kesaenan panjenengan wau.
Boten kesupen, kula sakanca ugi tansah ndedonga, mugi-mugi sedherek kula kelas IX salajengipun saget katampi ing pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni, dadosa manungsa ingkang migunani tumrap bangsa, agami lan negari.
Minangka panutuping atur , kula sakanca nyuwun pangapunten, menawi sadangunipun srawung kaliyan sedherek kula kelas IX kathah atur saha tindak-tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. Kula minangka wakil kelas VII,VIII nyuwun agenging pangapunten. Nuwun.

0 komentar:

Posting Komentar