Senin, 07 Desember 2015 - 0 komentar

MARAKE IJAZAH PALSU DENING DUNIA PENDIDIKAN




Masyarakat Indonesia, saiki lagi gencer-gencere padha ngrembug ijazah ilegal utawa ijazah palsu. Ijazah ilegal kuwi gegayutan karo sertifikat tandha kelulusan sing diterbitke sekolah-sekolah utawa Perguruan Tinggi kabeh tingkatan, tapi saktenane durung dibuktekne karo prasyarate akademik. Kamangka yen ijazah palsu, yaiku ijazah saka salah sawijine Lembaga Pendidikan resmi tapi datane dipalsu, kayata ngganti jeneng utawa gelar sing ora padha karo asline.
Marake dol tinuku ijazah palsu ngetokne, yen pola pikire masyarakat sing nganggep remeh proses nyinau Ilmu Pengetahuan. Saliyane kuwi, uga ngetoki yen isih okeh wong sing ora paham tegese, fungsine, lan kebutuhane kanggone piye ijazah kuwi. Saiki ijazah disalah gunakake kanggo komoditas bisnis. Akibate, lembar kertas sing ora isa maneh didadekna kanggo jaminan pengetahuan lan ketrampilan sing dinduweni.
Anane faktor sing isa ndadekake gencere ijazah ilegal lan ijazah palsu. Ing salah sijine pihak, proses kanggo golek kerjanan sing nganti saiki isih mentingne kudu nggawe ijazah. Mergane, sing isa nuku kuwi sing nguwasani jabatan. Nanging ora mengkono, anane Jenis kerjanan nyaratke ijazah seng khusus, utamane S-1 kanggo sing padha nglamar. Semono uga dhuwure gelar, khususe ing lingkungan birokrasi Pamerintah utawa akademik ing sekolah lan Perguruan Tinggi, sing isih distandarne karo formalitas pangkat.
Ing pihak liya, anane wong kang golek kerja utawa ngiter jabatan, kepriye carane kudu isa nyanggupi syarate kuwi kanggo cara sing luwih cepet. Modhale dhuwit sing kandel, mula saka kuwi luwih milih mbayari lembaga-lembaga penerbit gelar, yaiku Perguruan Tinggi sing menehi ijazah tanpa nglakoni proses akademik sing sakmesthine. Bebarengan kuwi, Perguruan Tinggi sing dhemen karo untung sing luwih gedhi. Saka pihak kampus gelem nggawekake ijazah, sanajan mahasiswa kuwi gur kudu melu ping pira anggone seminar utawa kuliyah singkat lan adoh banget kanggo nyukupi syarat Satuan Kredit Semester (SKS).
Kaya sing dikocapake dening Djoko Santoso (Dirjen Pendidikan Tinggi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan) Jakarta, Minggu (31/5) yaiku,”Untuk menghentikan praktik ilegal ini, pemikiran masyarakat yang harus diubah,”. Dheweke njelaske, yen ora kabeh kerjanan  mbutuhake gelar Sarjana. Misale, gelar doktor utawa pendidikan Strata Tiga, amung diwajibke kanggo wong-wong sing kerja dadi peneliti lan dhosen Perguruan Tinggi (PT). Gelar Strata Dua utawa Magister, mung kanggo sing kerja ing tingkat Manajerial. "Pekerjaan sebagai pengusaha, politisi, ataupun bintang film tidak memerlukan gelar sarjana. Toh, orang tidak akan meremehkan apabila kemampuan mereka memang sesuai dengan bidang pekerjaan masing-masing".
Praktik kanggo nerbitake ijazah ilegal ing kampus lan malsu ijazah ing njaba kampus prakara kang ngagetake banget. Iki mono kang dadi kedadeyan sing nyoreng raine dunia pendidikan. Saka lingkungan akademik sing negesne kejujuran kanggo martabat sing kudu dipikul ndhuwur, malah lair sing ora-ora, kayata: manipulasi, kecurangan, lan pelanggaran. Kasus-kasus kaya mengkono iku mau gawe alane martabate pendidikane dhewe, sebab ngetokake penyimpangan lan tujuwan pendidikan kanggo nglairne Sumber Daya Manusia (SDM) sing berkarakter, salah sijine jujur.
Saliyane kuwi, praktik nerbitake ijazah iku jelas nglanggar Undang-Undang (UU) nomor 12 Taun 2012 gegayutan karo Pendidikan Tinggi, sing unine: pendidikan tinggi berfungsi mengembangkan kemampuan dan membentuk watak serta peradaban bangsa yang bermartabat dalam rangka mencerdaskan kehidupan bangsa. Fungsi lain ialah mengembangkan sivitas akademika yang inovatif, responsif, kreatif, terampil, berdaya saing, dan kooperatif melalui pelaksanaan Tridharma. Pendidikan tinggi juga berfungsi untuk mengembangkan ilmu pengetahuan dan teknologi dengan memperhatikan dan menerapkan nilai-nilai humaniora.
Babagan kang kaya mengkono kuwi mau, kalebu ana ing sajrone pasal 269 Kitab Undang-undang Hukum Pidana (KUHP) ayat 1 lan 2, sing unine, (1) Barangsiapa membuat surat palsu atau memalsu suratketerangan tanda kelakuan baik, kecakapan, kemiskinan, kecacatan atau keadaan lain, dengan maksud untuk memakai atau menyuruh orang lain memakai surat itu supaya diterima dalam pekerjaan atau supaya menimbulkan kemurahan hati dan pertolongan, dipidana dengan pidana penjara paling lama 1 tahun 4 bulan. (2) dipidana dengan pidana yang sama barangsiapa yang dengan sengaja memakai surat keterangan yang palsu atau yang dipalsukan tersebut dalam ayat pertama, seolah-olah surat itu asli dan tidak palsu. Dadi, wes jelas yen malsu surat, kayata nglanggar pasal 269 mengkono iku ana ukumane maksimale 1 taun luwih 4 wulan kunjara.
Wakil Presiden Jusuf Kalla, ngendika yen ijazahe para Pegawai Negeri Sipil (PNS)  supaya dicek maneh. Supaya identitas saka sing nganggo ijazah palsu ora ditutup-tutupi. "Harus dong (dicek ulang), karena itu juga bahaya. Kalau ijazah saya bisa dipalsu, apalagi yang lain-lain," kata JK di kantor Wakil Presiden, Jakarta, Kamis (4/6). Sabanjure, kabeh PNS kudu disumpah kanggo naati aturan sing dianggo. Mula saka kuwi, aturan kuwi kudu diterapne, semono uga panganggone ijazah legal pas wektu ndaftar dadi PNS. Sababe pemerintah ora bisa ngarep-arep yen rakyat arep paham lan gelem sigap  golek pawarta sing gegayutan karo praktik ilegal sing tindakne marang Perguruan Tinggi. Sebabe pengetahuane masyarakat ijek urung pati paham tur yo mesthi briwut kanggo nindakake iku.
Yen wis ngono, apa ya ijek arep ora ana tindakan sing luwih tenanan saka pemerintah? Kanggo ngantisipasi masalah iki, inspenksi dadakan kemenristekdikti guna kanggo ngungkap langsung praktik ing perguruan Tinggi sing gawe curiga perlu terus dilanjutne. Sanksi sing abot kudune luwih ditegaske kanggo kampus lan oknum-oknum sing ana ing sajroning tindakan kang ala kuwi. luwih adoh maneh, kementrian sing ana sangkut paute kudu dituntut supaya luwih tenanan kanggo nyiapake sistem paten sing isa ngontrol lan nyegah yen ana pelanggaran kaya mangkono.
Soenarto Soerodibroto (1994: 145) nyatakake, “agar suatu peniruan atau pemalsuan dapat dihukum, maka persamaannya harus sedemikian rupa sehingga perbedaan-perbedaan itu baru diketahui pada tingkat penelitian yang cermat, yang pada umumnya tidak dilakukan”.  Mula saiki padha ngati-ati yen pengen ora rugi merga getun ing tembe mburi. Yen pengen weruh apa ijazah kuwi palsu utawa asli, gumantung saka mekanisme sing isa di lakoni.
Awake dhewe kudu paham kepriye carane awake dhewe mlebu Perguruan Tinggi kasebut. Banjur, digatekke yen uleh 8 SKS mahasiswa wes dinyatakne lulus, berarti kuwi ana seng perlu dutakokake. Kamangka sarjana kuwi lekas isa lulus yen wes nyampekne 144 SKS utawa ngannge wektu telu setengah nganti patang taun. Sabanjure, dhewe ngamati wae marang mahasiswa pindahan, yen ana ing pangkalan data, banjur datane ora ana kuwi bisa dadi palsu utawa abal-abal. Kudune, pangkalan data ing pendidikan tinggi uga diuripna kanggo salah sawijine sarana kanggo mantau dinamika perkuliahan. Kabeh Perguruan Tinggi didukung supaya aktif ngolah data lan kudu tliti nglacak data sing sajake ora trep utawa ngganjel. Menawa ditemokake tandha-tandhane pelanggaran, langsung dicek ing lapangan kanggo nggoleki sebab masalahe banjur langsung ditangani.
Umpama miturut teknis utawa carane, isa dipertimbangke maneh kanggo nyetak ijazah karo kertas khusus sing angel yen ditiru, nyametne hologam, utawa nerapake sistem barcode (kode batang) khusus. Nggawene isa digawe ciri-ciri khisus kanggo nggampangake anggone nglacak ijazah liwat nomere sing dianggo kabeh Perguruan Tinggi Fakultas lan jurusan. Yen wes ngono, kucap sing sajake nyimpang aturan luweh gampang diatasi wiwit saiki.banjur nalika ditemokake kasus ijazah ilegal utawa palsu, aparat Kepolisian lan Kejaksaan kudune luwih tenanan nggarap lan ngajokne neng pengadilan. Pas wektu sidange, hakim-hakim kudune ndeleng yen soal iki penting lan meneh ukuman sing tegas lan adil.
Ing tembe mburine, pendidikan tinggi ora mung perkara sejatine dhewe kanggo kerja, nanging uga mentokake sejahterane bangsa lan peradabane.


Kapustakan:

Buku:
Halim, A. Ridwan, S.H. 1985. Tindak Pidana Pendidikan satuan tinjauan filosofis-edukatif, Jakarta: Ghalia Indonesia.
Chazawi, Adami. 2001. Kejahatan Mengenai Pemalsuan, Jakarta: PT RajaGrafindo Persada.
Gunawan Ary H. 1986. Kebijakan-Kebijakan Pendidikan. Jakarta: Bina Aksara.

Internet:
diakses pada 13 Juni 2015

0 komentar:

Posting Komentar