Adhedhasar Babad Demak, Syekh Maulana Maghribi iku
sawijine wong Arab kang mumpuni ilmu agama Islam. Asale saka tanah Pasai.
Critane isih tedhak turune Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan klebu golongan wali
ing tanah Jawa. Anggone angejawa mbarengi adege karaton Demak. Panjenengane
mula kagungan ancas tujuwan ngislamake
wong Jawa.
wong Jawa.
Sabedhahe kraton Majapait ganti kraton Demak kang
disengkuyung dening para wali. Sawise tentrem negarane para wali andum gawe
nyebarake agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ana
kana dipundhut mantu dening sang adipati. Nanging durung nganti taunan nuli
ditundhung, sebabe apa ora kecrita. Saoncate saka Blambangan banjur menyang
Tuban, menyang panggonane kanca akrabe lan padha-padha saka Pasai, tunggale
Sunan Bejagung karo Syekh Siti Jenar. Saka kono Syekh Maulana banjur lelana
tabligh menyang Mancingan.
Nalika tabligh ana Mancingan iki Syekh Maulana
sejatine wis peputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Telangkas) saka garwa
asma Rasa Wulan, ya rayine Sunan Kalijaga (R. Sahid). Wektu ditinggal ramane
lunga Kidang Telangkas isih bayi.
Kawuningana nalika oncat saka Blambangan sejatine
Syekh Maulana uga ninggal wetengan kang mbabar kakung, diparingi asma Jaka
Samudra. Ing tembe Jaka Samudra jumeneng waliyullah ana Giri, ajejuluk Prabu
Satmata utawa Sunan Giri. Nalika Syekh Maulana tekan Mancingan ing kana wis ana
sawijine pendhita Budha kang limpad, asmane Kyai Selaening. Daleme ana sawetane
Parangwedang. Dene papan pamujane kyai iki karo murid-muride ana candhi kang
didegake ana sadhuwure gunung Sentana.
Sakawit Syekh Maulana ethok-ethok meguru karo Kyai
Selaening. Ana bebrayan umum Syekh Maulana kadhangkala sok ngatonake
pangeram-eram. Suwe-suwe Kyai Selaening midhanget bab iki. Syekh Maulana
ditimbali lan dipundhuti priksa apa anane. Ya ing kono iku Syekh Maulana
ngyakinake Kyai Selaening bab ilmu agama kang sanyata. Wong loro iku banjur
bebantahan ilmu. Nanging Kyai Selaening ora keconggah nandhingi ilmune Syekh
Maulana. Mulane panjenengane genti meguru marang Syekh Maulana. Panjenengane
banjur ngrasuk agama Islam.
Wektu iku ing padepokane Kyai Selaening wis ana putra loro playon saka Majapait kang ngayom ana kono, asmane Raden Dhandhun lan Raden Dhandher, karo-karone putrane Prabu Brawijaya V saka Majapait. Bareng Kyai Selaening mlebu Islam putra Majapait iku uga banjur dadi Islam, asmane diganti dadi Syekh Bela-Belu lan Kyai Gagang (Dami) Aking. Syekh Maulana ora enggal-enggal jengkar saka Mancingan nanging sawatara taun angasrama ana kana, mulang agama marang warga-warga desa. Daleme ana padepokan ing sadhuwure Gunung Sentana, cedhak karo candhi. Candhi iki baka sethithik diilangi sipate. Kyai Selaening isih tetep ana padhepokan sawetane Parangwedang nganti tekan ajale. Welinge marang anak putune, aja pisan-pisan kuburane dimulyakake. Makame iki lagi taun 1950-an dipugar karo sedulur saka Daengan. Banjur ing taun 1961 dipugar luwih apik maneh dening sawijine pengusaha saka kutha. Bareng wis dianggep cukup anggone syiar agama Syekh Maulana banjur jengkar saka Mancingan lan meling supaya tilas padhepokane iku diapik-apik kayadene nalika wong-wong padha mbecikake candi. Ya ing padhepokan iku wong-wong banjur yasa kijing. Sapa sing kepengin nyuwun berkahe Syekh Maulana cukup ana ngarep kijing iki, kayadene ngadhep karo panjenengane.

Syekh Maulana Maghribi utawa Syekh Maulana Malik Ibrahim sawise saka Mancingan nerusake tindake syiar agama ana ing Jawa Timur. Bareng seda jenazahe disarekake ana makam Gapura, wilayah Gresik. Syekh Maulana Maghribi nurunake ratu-ratu trah Mataram.
Urutane silsilah: Bupati Tuban-Dewi Rasa Wulan
(nggarwa Syekh Maulana)-Jaka Tarub (nggarwa Dewi Nawangwulan)-Nawangsih
(nggarwa Radhen Bondhan Kejawan)-Kyai Ageng Getas Pendhawa-Kyai Ageng Sela-Kyai
Ageng Anis/Henis-Kyai Ageng Pemanahan (Kyai Ageng Mataram)-Kanjeng Panembahan
Senapati-Kanjeng Susuhunan Seda Krapyak-Kanjeng Sultan Agung
Anyakrakusuma-Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat (Seda Tegalarum)-Kanjeng
Susuhunan Paku Buwana I-Kanjeng Susuhunan Mangkurat Jawi-ratu-ratu karaton
Surakarta, Yogyakarta, Pakualaman, lan Mangkunegaran.
matur nuwun,
referensi;
Suwarsono L-Jaya Baya
0 komentar:
Posting Komentar