1. PENGERTIAN
Tembung kang
nduweni fungsi dadi predikat kang ana ing kalimat. Verna nduweni cirri
morfologis yaiku tembung, aspek lan pesona (jumlah).
2. CIRI-CIRI
VERBA
a. Perilaku
Morfologis
Yen diamati saka
morfologise verba kuwi gabungan saka morfem afiks lan dasar, reduplikasi karo
dasar utawa kombinasi (campuran) antarane morfim afiks lan morfem reduplikasi.
Tuladhane taksapu, sapua.
b. Perilaku
Sitaksis
·
Verba bisa digabunggke karo tembung
“ora”, lan ora bisa digabungke karo tembung “dudu”. Dhewekke ora turu,
Dhewekke dudu turu.
·
Verba ora bisa digabung karo tembung
“dhewe”, kango makna superlative. Dadi ora bisa *mbayu dhewe, *ngimpi dhewe.
·
Verba nduweni fungsi dadi predikat
utawa inti saka predikat kang ana ong kalimat, iso uga dadi fungsi liyane.
Tuladhane kayune kumambang, gelase pacah.
·
Verba aksi ora bisa nggabung karo
tembung kang maknane kesangatan . dadi ora bisa digawe dadi *lunga
banget, *ngomong banget.
·
Verba aksi bisa digabung karo fungsi
sintaksis katrangan kang luwih dhisik ditambah tembung “karo” utawa “kanthi”.
Tuladhane, bocah kuwi nyambut gawe karo dolan.
·
Verba aksi bisa didadekake bentuk
printah, yen verba proses lan keadaan ora bisa didadekake bentuk printah.
Tuladhane : Awas !, Sinau !. lan ora ana bentuk kang *Lali!, *Lara!
c. Perilaku
Semantik
·
Verba aksi biasane digunakake kanggo
njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening subjek. Tuladhane yaiku Rizka
mangan mie ayam.
·
Verba proses biasane digunakake kanggo
njawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening subjek. Tuladhane Nisa
nggawe sega goreng.
·
Verba keadaan biasane digunakake kanggo
njawab pitakon,kang diterapake dening verba aksi lan verba proses ora bisa
dianggo kanggo gawe kalimat printah. Tuladhane bebeke ajeng mati mau sore.
3. BENTUK LAN
MAKNA MORFOLOGI VERBA
a. Verba
Murni
Verba dibedkake
dai 4, yaiku verba transitif,verba intransitive, verba aktif, verba pasif.
b. Verba
Non-murni
Yaiku nomina kang
kabentuk saka kelas tembung liyane. nomina non-murni ana 5, yaiku verba de
nomina, verba de adjektiva, verba de numeralia, verba de pronominal, verba de
adverbial. Verba de nomina yaiku verba kang dibentuk saka proses trasposisi
saka tembung nomina. Tuladhane macul, digambar, kesikut, lsp. Verba de
adjektiva yaiku verba kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva.
Tuladhane dirusak, kerusak, pinter-pinteran, lsp. Yen verba de numeralia yaiku
verba kang dibentuk saka proses trasposisi saka tembung numeralia. Tuladhane
nyewu, matangpuluh,lsp. Verba de pronominal verba kang dibentuk saka
transposisi saka tembung pronominal. Tuladhane aku à ngaku, ngakoni, diakoni. Verba de adverbial yaiku verba
kang dibentuk saka transposisi saka tembung adverbial. Tuladhane
banter-banteran, mbanterake, ngrindhikake.
Gambar
pengkategorian verba.
NOMINA
1. PEGERTIAN
Nomina yaiku tembung kang nerangake
jeneng-jeneng barang kanthi konkret lan abstrak. Nomina konkret yaiku nomina
kang bisa ditangkep nganggo panca indra. Tuladhane kursi, meja, TV. Yen nomina
abstrak yaiku nomina kang ora bisa ditangkep nganngo panca indra. Tuladhane
kepercayaan, ketuhanan, agama, kepinteran.
2. CIRI-CIRI
NOMINA
a. Perilaku
Morfologis
Cirri kang sifat morfologise ana lan
kudu digatekake nganti dadi polimorfemis. Afiks kang gawe nomina : paN =
pambujuk, pa- =paweling, lsp. Konfiks kang gawe nomina : ka-/-an, sufiks –an,
lsp.
b. Perilaku
Sitaksis
·
Nomina bis nggabung karo tembung “dudu”
nanging ora bisa nggabung karo tembung “ora”. Tuladhan: dudu kembang
*ora kembang
·
Nomina bisa nggabung karo adjektiva,
bisa kanthi langsung utawa karo pronomina relative “sing” utawa “kang”.
Tuladhan : bocah pinter, bocah kang pinter.
·
Nomina bisa nggabung karo
nomina/verbal, kanthi nganggo pewates/modifikator. Tuladha : basa jawa, kembang
mawar.
·
Nomina bisa nggabung karo pronominal
persona/karo enklitik pronominal –ku, -mu, dadi pewatas posesif. Tuladha :
klambimu, sepedhaku.
·
Ana ing kalimat kang predicate verba,
nomina bisa dadi S,O, utawa pelengkap (jangkepan).
c. Perilaku
Semantik
Perilaku semantic
bisa kanggo pengacu kanggo unsur kang nyata, bisa arupa wong, kewan, wit-witan,
gagasan, lsp.
3. PENGKATEGORIAN
NOMINA
a. Nomina
monomorfemis lan nomina polimorfemis
b. Nomina
tunggal lan nomina ora tunggal
c. Nomina
generik lan nomina spesifik
d. Nomina umum
lan nomina khusus
e. Nomina
abstrak lan nomina konkret
f. Nomina
insani lan nomina ora insan
g. Nomina nama
diri lan ora nama diri
4. BENTUK LAN
MAKNA MORFOLOGI NOMINA
a. Nomina
Murni
Yaiku nomina kang asli saka kelas
nomina kuwi dhewe. Ora kabentuk saka kelas tembung liyane. tuladhane meja,
kursi, kalurahan, dewa, dewi, panabuh, lsp.
b. Nomina
Non-murni
Yaiku nomina kang kabentuk saka kelas
tembung liyane. nomina non-murni ana 3, yaiku nomina de verbal, nomine de
adjektiva, nomina de numeralia. Nomina de vernal yaiku nomina kang dibentuk
saka proses trasposisi saka tembung verba. Tuladhane panguripan, panggorengan,
tanduran, lsp. Nomina de adjektiva yaiku nomina kang dibentuk saka transposisi
saka tembung adjektiva. Tuladhane pangayom, panglipur, wewangi, pasucen, lsp.
Yen nomina de numeralia yaiku nomina kang dibentuk saka proses trasposisi saka
tembung numeralia. Tuladhane prapapan, atusan, puluhan,lsp.
MORFOLOGI
Morfologi yaiku cabang linguistik kang
ngidentifikasi satuan-satuan dasar basa kango satuan gramatikal. Utawa
morfologi yaiku ilmu kang nyianoni utawa ngrembag ngrembag babagan tata tembung
lan kajian gramatikal, struktur internal tembung, cakupane tembung,
bagian-bagian tembung lan pembentukan tembung-tembung.
Morfem yaiku menika susunan kang paling cilik
pembentuk tembung.
Tuladha :
Ny + sate =
nyate
M + pecel = mecel
Ng + sop =
ngesop
N + tongseng = nongseng
Morf yaiku kumpulan saka morfem kang nduweni fungsi lan
makna kang padha. Sifate konkret.
Tuladha :
Di + gawa = digawa
Ke + gawa = kegawa
Alomorf yaiku variasi saka morfem utawa
perubahan morfem amerga lingkungane.
Sa + gelas = sagelas
Se + gelas = segelas
Sak + gelas = sakgelas
Proses Morfologi
Proses Morfologi uga bisa kasebut
pembentukan tembung. Proses pembentukan tembung ana 5 yaiku :
1. Afiksasi
yaiku pembentukan tembung kang nambahake afiks kang ana ing tembung dasare.
Bagian saka afiksasi yaiku Presfik, Sufiks, Infiks, konfiks. Prefiks yaiku
afiks kang dideleh ana ing sangarepe tembung dasare, misale di+gawe = digawe.
Sufiks yaiku afiks kang dideleh ana ing sakmburine tembung dasare, kayata atus
+ an = atusan. Isfiks yaiku afiks kang diseselake ana ing tengah-tengahing
tembung dasar, kayata in+sawang = sinawang. Konfiks yaiku afiks kang diselehake
ana ing ngarep lan mburine tembung dasare, kayata ke-/-an + maling =
kemalingan.
2. Reduplikasi
yaiku proses morfemis kang ngulang tembung dasar karo mrfem dasar kang bebas
utawa terikat. Tuladhane yaiku mlayu-mlayu, lunya-lunyu.
3. Komposisi
yaiku proses nggabungake morfem dasar kaliyan morfem dasar kang bebas utawa
terikat. Tuladhane yaiku wong+tuwa = wong tuwa, semar+mendem = semar mendem.
4. Modifikasi
ana 2 yaiku morfologi zero lan morfologi internal. Modifikasi zero utawa
konversi yaiku perubahan saka kelas 1 mara ing kelas kata lyane. Tuladhane
camat- kecamatan. Pacul – macul. Modifikasi intelnal namung dipelajari ana ing
basa inggris.
5. Pemendekan
yaiku proses morfemis kang mendekake utawa ngurangi bagian-bagian
morpheme. Tuladhane UGM, Puskesmas, UKS.
Proses Infleksional lan Proses
Derivasional
1. Proses
Infleksional
Yaiku proses perubahan tembung kang
ngubah bentuke tapi ora ndadekake perubahan maknane utawa bentuk leksikale. Uga
bisa ngubah kelas katane
Tuladha : gawa dadi nggawa = makane
tetep
2. Proses
Derivasional
Yaiku proses perubahan bentuk tembung
kang ngubah bentuke lan uga ngubah maknane.
Tuladha: camat dadi kecamatan =
kecamatan digawe utawa saka camat. Kecamatan mengacu karo pangonane (tempat),
yen camat mengacu karo uwonge (orangnya).
WACANA NARASI, DESKRIPSI, LAN EKSPOSISI
A.
WACANA NARASI
Wacana Narasi tegese karangan kang
nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan , nggambarake prastawa (miturut
KBBI). Ana maneh tegese wacana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang
mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya nerangake menawa wacana
kang nyritakake kanthi cetha rerangken tumindak sajroning prastawa kang
winatesing sawijining wektu.
Wacana Narasi ana 2 werna, yaiku :
1. Narasi
Eksplositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan
lugu utawa apa anane. Narasi eksplositoris iki arep padha karo eksposisi awit
ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang
dibeberake. Misale berita.
Tuladha :
Cinta laura ngeksis ing Oscar
Malam Besar Bintang Hollywood The Oscar ora mung sejarah kanggo pemenange wae.
Nanging uga artis ayu saka Indonesia Cinta Laura, 20. Artis Indonesia kelahiran
jerman kang pikantuk kesempatan kanggo nekani acara kasebut.
Cinta bias teka amarga dhewekke main ana ing film After The Dark. Utawa
Philosopher, kang lagi diputer ana ing AS. “Kuwi dadi salah sijine
pertimbangane. Cinta tau main ana ing film Hollywood” tuture Nidya Asisiten
Cinta, kang di wawancarai wingi (3/3).
Cinta teka ana ing PreOscar lan Oscar ngenakake kebaya. Ing Pre-Oscar yang
dianakake sabtu (1/3), dhewekke ngenakake kebaya modern Intan Avantie. Ana ing
Oscare dhewekke ngenakake kebaya rancangan Anna Avantie. (Jawa Pos )
2. Narasi
Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut
kang nganti bisa nggugah pengangen-angen kang maca. Wong kang maca terus njupuk
sari utawa makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha kang ana ing wacana
mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak, lsp.
Tuladha :
DASAMUKA NDHUSTHA
DEWI SHINTA
Rama Wijaya kagungan watak berbudi bawa leksana, jujur, andhap asor, lan seneng
tetulung marang sapadha-padha. Negarane ing Ngayodya. Garwane kang ayu sulistya
ing warni peparap Dewi Shinta.
Nalika semanten, Rama Wijaya lagi cangkrama ing alas Dhandhaka. Sang Dewi
kadhustha ratu buta kang awatak budi candhala ajejuluk Prabu Dhasamuka saka
Negara Ngalengka.
Negara Ngalengka kelebu Negara kang sugih berbandha-bandhu kadonyan. Kratone
trinetes mas inten raja brana. Mula ora mokal yen sareming tilamsari kang
sinulam sutra, agemane pating gebyar, yen dhahar lan ngunjuk sarwa eca.
Kocapa, sang Dewi senadyan sinubya-subya barang kang nengsemake, ewa semana
atine tansah rontang-ranting. Bebasan dhahar lan ngunjuk datan eca, sare datan
sekeca. Kang katon ing padone netra mung kang garwa, Rama Wijaya.
Dasamuka ratu digdaya, sekti mandraguna/sekti mahambra, sugih bala, sugih
bandha, lan sugih sentana, nanging kuciwane awatak candhala. Mula ing tembe
bakal sirna dening watak utama. Ana unen-unen Sura Nira Jayaningrat, Lebur
Dening Pangastuti.
(Aruming Basa Jawi I, 2006: 7-8)
BEDANE NARASI EKSPOSITORIS LAN NARASI
SUGESTIF
Narasi
Ekspositoris
|
Narasi
Sugestif
|
Njembarake wawasan/ pangerten
|
Mbeberake makna kang sinandi (ora
sebenere)
|
Mbeberake kaatrangan bab prastawa
|
Nguripake pangangen-angen (imajinasi)
|
Adhedhasar nalar supaya sarujuk
|
Nalar mung kanggo sinandi (imajinasi)
|
Basa informative, tembung denotatif
|
Basa figuratif (ora baku), tembunge
konotatif
|
B.
WACANA DESKRIPSI
Yaiku
wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau
kaya-kaya anan ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan,
prastawa, manungsa, utawa barang.
Tuladha :
Lemari wesi kelir coklat, kang mapan ana ing pojok kantor guru, wis rusak.
Lawange is ora bisa diinepake, tur wis teyengen pisan. Rak-rakane yaw is padha
peyok. Mula wis ora kuwat kanggo nyangga buku-buku utawa piranti liyane kanga
rep disimpen ana ing jero lemari kana.
C.
WACANA EKSPOSISI
Yaiku
wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang
mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa narasi teknis, awit ancas kang
tinuju titise karanga (informasi) nganenai sawijining prastawa kang dibeberake.
Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pengertene pawongan.
Ana
sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh utawa pangerten kang
cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal panggone
sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca,
mumpuni.
Tuladha :
TUKU PITIK
Tuku pitik ing jaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen
sing kena flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara
bisa dibedakake. Pitik sing sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka
cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu
utawa ora nelek terus tur rupane ora ireng/pucet ning abang seger. Dene pitik
sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk
lan brutune metu iler/banyune lan rupane aclum.
TATA KRAMA : TATA CARA TELPON
Salah sawijining ketrampilan kang ana
ing micara yaiku nelpon utawa dialog pacelathon kanthi piranthi telpon. Ana
sajroning micara, ana bab-bab kang kudu digatekake lan nduweni perbawa/
pengaruh ana ing sajroning micara, yaiku :
1. Kounikator/wong
kang ngendikan
Komunikator tegese pawongan utawa
sekelompok pawongan kang ngudarasa pikiran, rasa, pangrasa, utawa kekarepan
marang wong liya. Komunikator bisa tumindak kanthi pribadi/individual, bisa uga
kolektif/kelompok kang dumadi saka lembaga.
2. Pesen/Topik
omongan
Pesen tegese lambing kang nggawa
pikiran utawa rasa pangrasa saka komunikator. Pesen sing diwedhawarake nganggo
basa utawa lambing liyane awujud omongan utawa topic omongan.
3. Komunikan/pemireng
Komunikasi tegese pawongan utawa
sekelompokmpawongan sing dadi sasaran komunikator nalikaning medharake pesene.
4. Media
Media tegese sarana kanggo nyalurake
pesen-pesen sing diwedharake komunikator marang kounikan. Umume media sing
digunakake sajroning komunikasi kuwi “basa/bahasa”. Sabanjure media bisa arupa
piranti kanggo nglancarake komunikasi kanthi jarak kang adoh. Yen sing
diajak komunikasi amung dumadi saka wong siji bisa migunakake telepon, menawa
akeh bisa pengeras suara, radio, TV, lsp.
5. Efek
Efek tegese tanggapan/respon komunikan
nalikaning narima pesen saka komunikator. Dadi efek tegese akibate proses
komunikasi. Saka efek thukul interaksi.
Bab-bab kang kudu
digatekake yen sawijining pacelathon kuwi mawa piranthi telepon.
a. Emosi
komunikasi, tegese emosining pawongan kang nelpon ditonton saka basa/idiolek
sing dianggo. Nelpon kuwi senajan ora mangerteni praupane pawongane nanging
bisa ditemtokake aka nada swarane.
b. Status
social, tegese saka ngendi asale si penelepon kuwi, apa agamane, apa gaweyane,
pira umure. Bab-bab kuwi gegayutan kalawan unggah-unggah basa kang diango.
c. Suasanane
pacelathon, tegese suasana kesusu, resmi/formal, informal, akrab, lsp.
d. Latar
micara, latar ning kene tegese panggonan, wektu lan kedadeyan (pesta, suasana
duhkita, lsp).
e. Sesabungan
antarane si nelpon kelawan sing ditelpon.
Tuladha :
Sing nelpon : Bu Shinta
Sing nampa : Bu
Winda
Bu
Winda :
“Assalamua’alaikum. Menika Bu Winda, badhe pinanggih sinten nggih ?”
Bu
Shinta :
“Wa’alikum salam. O… Bu Winda. Dalem Bu Shinta, Bu. Badhe pinanggih bapak
wonten Ibu ?”
Bu
Winda : “Wah,
Bu. Bapak saweg tindak. Wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bu
Shinta :
”makaten, Bu. Nyuwun tulung mangke bapak dipunaturi pirsa bilih sepatunipun sampun
dados, saged dipunpendhet benjing. Matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum”
Bu
Winda :
“Sami-sami, Bu. Wa’alaikum salam”
WAYANG RAMAYANA : KIDANG KENCANA
Kacariyos lakon asmara Rama lan Shinta.
Bocah loro sarwa edipeni. Wis katon pantes banget nalika sawayah-wayah
mrono-mrene tan nora ninggal satunggaling. Kaya mimi lan mintuna, kaya lintang
lan wengi, kaya dhalang lan wayang, ingkang ora bisa kapisah. Dene tresnane
Rama marang Shinta sansaya tambah amarga Shinta kuwi bocah wadon sing ayune ora
kinaruan. Alise katon nanggal sepisan. Netrane tansah ndamar kanginan. Idepe
tumenga ing tawang. Irunge kencana pinantar. Pipine nduren sajuring,mula yen
mesem pipine dekik manis banget. Untune miji timun. Pundhake nraju mas. Rambute
ngembang bakung. Slirane sedhet singset. Lambeane mblarak sempal. Bangkekane
nawon kemit. Bokonge manjang ngilang. Dhadhane nyengkir gading. Dene eseme madu
wae kalah. Sansaya suwe disawang sansaya pantes, sansaya ayu ora nggawe bosen.
Rama ya semono uga,ganthenge wong
sadesa dadi siji. Brengose nglaler menclok. Godhege simbar rumembun. Gulune
ngolan-olan, mula salakune dadi pantes. Pakulitane ngulit langsep. Pawakane
gagah pideksa. Polatane ruruh jatmika. Solahe merak ati, mula akeh bocah wadon
sing kepincut. Swarane ngombak banyu lan ulate sumeh. Yen lumaku wong leloro dadi
katon endah banget. Sing lananggagah tur bagus. Sing wadon ayu nanging ora
kemayu. Gawe seneng wong sing nyawang.
Ing sawijining dina Rama, Shinta, lan
Lesmana ana ing wana. Lagi bubar nglampahi paukuman suwene limolas taun.
Lesmana menika rayininipun Rama. Dene wana kuwi anggege tirta sah saking
wasana. Nalika wong telu kuwi ngaso ana wana, banjur dumadakan ana kidang elok
banget. Sungune dawa tur rupa wulune kuwi rada emas. Kidang kuwi playon ana
sangarepe wong telu kuwi. Shinta kepincut atine, karepe pengin nduweni kidang
kuwi. Banjur nyuwun marang garwane supaya ngentukake kidang kuwi kanggo
dheweke. Amarga tresnane Rama sing banget gedhene, dheweke ora bisa nolak
panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep nyekel kidang kuwi,
dheweke aweh pesen marang Lesmana. “ Rayi aku titip
mbakyumu Shinta, aja nganti kok tinggal dhewe ana wana kene. “ Banjur lesmana
semaur “inggih kangmas dak eling-eling wekasanmu. Ora bakal aku ninggal mbakyu
shinta ana wana kene dhewe.”
Banjur Rama mangkat golek kidang
kencana kuwi kanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jeroning alas.
Sansaya jero sansaya peteng, amarga cahyaning surya ora bisa nembus tengah wana
kuwi. Peteng remeng-remeng sing katon mung ayang-ayang kidang kencana kuwi.
Amarga pegel atine, sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake panahe. Banjur
pas kena awakke kidang kencana kuwi. Kidang kencana ambruk ana lemah, ananing
dumadakan ilang barengan karo swara raseksa Kala Marica. Yakuwi buta saka Alengka.
Kongkonane Rahwana. Swara kuwi hangemba-emba kaya swarane Rama jaluk tulung
menyang Lesmana yen Rama ketekan cilaka.
Shinta lan lesmana sing hanganti-anti
tekaning Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa ora kepenak atine, kelingan
marang Shinta. Sanalika Rama langsung bali arep mesthekake kahanane Shinta.
Shinta sing krungu swara mau langsung trataban atine kuater marang kahanane
Rama. Lesmana sing wis ngerti babagan kekuatane kangmase ora nduwe rasa kuater.
Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti mandraguna. Shinta nyuwun karo Lesmana
supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane kangmase. Lesmana ora gelem, amarga
wis janji menyang kangmase yenora bakal ninggal Shinta dhewe ana wana kana.
Lesmana wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane Rama.
Ananging saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke kuater ana apa-apa
menyang Rama. Ora dinyana-nyana, Shinta kebacut ngendika ora kepenak marang
Lesmana. Ngene ngendikane Shinta “ saiki aku ngerti, pie sejatine awakmu.
Kowe ora gelem nyusul kangmasmu amarga meneng-meneng kowe kepengin nduweni aku.
Yen kangmasmu kena apa-apa...” durung tutuk anggone ngendika wis diselani
Lesmana. “aku wani sumpah yen aku ora nduweni pikiran kaya ngono kui mbakyu.
Mung sethithik wae aku ora nduwe. Aja kok arani awakku sakepenakmu”.
Amarga loro ati karo omongane
Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging ana wana kana, Shinta
digawekake garis bunderan lan ora oleh metu saka garis kuwi. Lesmana gawe kaya
ngono kuwi supaya ora ana sing isa nyalahi Shinta menawa dheweke ninggal Shinta
ana wana kana dhewekan. Kanggo netepi janjine marang kangmase. Lan ora ana sing
isa mlebu kana, sapa wae kuwi. Shinta ora oleh metu saka kana nganti Lesmana
lan Rama bali menyang panggon kuwi maneh.
Bubar anggone gawe garis bunderan
Lesmana langsung lunga nyusul kangmase. Rama atine wis ora karu-karuan. Mikir
kahanane Shinta saiki kepriye. San saya ora karuan nalika dheweke kepethuk karo
adhine ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging sadurunge
takon adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana.
Bubare Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi
reka-rekane Rahwana. Raseksa bengis sing tresna lan kepengin nduweni Shinta.
Kesusu anggone mlaku nganti kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah,
Rama kuater yen Shinta dicolong Rahwana.
Ana wana kuwi Shinta gumun, amarga ing
wana kaya ngono lha kok ana simbah-simbah golek kayu. Banjur simbah kuwi nyuwun
toya amarga ngelak anggone golek kayu lali ora sangu banyu. Ananging kuwi
namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen Shinta iku ora tegel yen weruh kaya
ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep
menehi toya tangane ngluwihi garis bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau.
Banjur tangane digeret simbah kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku
Rahwana. Raseksa elek tur bengis. Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora
isa obah. Langsung arep digawa mabur lunga menyang kahyangan. Lagi wae anggone
mabur, dumadakan ana peksi garuda sing arep nulungi Shinta. Peksi kuwi nduweni
jeneng yaiku Jatayu. Ananging nalika gelut karo Rahwana, Jatayu kena sabetan
pedhange Rahwana. Getihe gobrah-gobrah, banjur tiba ana bumi. Awake kebak
getihe ananging dheweke isih urip. Langsung Shinta digawa lunga menyang Alengka
menyang Rahwana.
Rama lan Lesmana tekan panggonne Shinta
mau, ananging Shinta wis dicolong dening Rahwana. Ketilapan anggone njaga
Shinta wis digawa lunga. Bingung anggone nggudak kepriye, banjur neruske laku.
Ora adoh saka panggon kuwi mau, Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi
sekarat mau. Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih sempet cerita yen Shinta
dicolong Rahwana lan digawa menyang kraton Alengka. Talingan sir sinebit, rasa
angkara murkane Rama metu amarga Shinta dicolong raseksa elek tur bengis.
Sawise crito marang kahanane Shinta mau, Jatayu banjur nemoni pati. Nesu rasa
ora trima amarga Rahwana wis dadi jalaran patine engonane mau lan nggawa lunga
Shinta, Rama janji jroning atine bakal mbales patine Jatayu lan nggawa bali
Shinta. Amarga matine Jatayu netepi darmane, banjur Rama lan lesmana nyuwun
marang dewa-dewa kang agung. Supaya gugure Jatayu bisa sempurna moksa, banjur
ragane Jatayu ilang munggah ana swarga barengan karo sukmane Jatayu.
Ana ndalan menyang Alengka, Rama lan
Lesmana kepethuk karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman
didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika
ana tengahing alas, padha mireng swara wong nangis pating jlerit. Banjur padha
golek saka ngendi asale swara kuwi. Sawise ketemu asale swara kuwi, jebul saka
kethek sing kecepit ana silangan wit gedhe. Rama banjur nulungi kethek sing
kecepit kuwi. Kethek kuwi ngomong yen dheweke kuwi raja ing Guwakiskendha,
anduweni jeneng minangka Sugriwa. Dhewekke padhu karo kakange sing jenenge
Subali. Amarga padhu kuwi banjur dhewekke dicepitke ana silangan wit. Banjur
kanggo ngrebut Guwakiskendha Sugriwa karo Subali adu tanding kasekten, Sugriwa
diewangi dening Rama. Rama ngeculake wastra pusaka Gumawijaya. Sanajan resi
Subali nduweni Ajian Pancasona, nanging tetep kalah mungsuh Rama. Banjur
Sugriwa bisa dadi raja meneh ana Guwakiskendha.
Kanggo mbales budine Rama sing wis aweh
pitulungan marang Sugriwa, banjur Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo nulung
Rama ngrebut Shinta saka Prabu Dasamuka ora liya Rahwana kuwi. Anoman didhawuhi
Rama supaya nggoleki menyang ngendi Shinta didelikake lan uga menehake
ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne kraton Alengka. Nalika arep bali
Anoman dicekel wadyabala Alengka. Karepe Anoman arep diobong, nanging Anoman
banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Alengka, kajaba taman Argasoka,
panggone Shinta didhelikake Rahwana.
Banjur wasanane kedadean perang gedhe
kraton Pancawati lan kraton Alengka. Wadyabalane alengka wujud buta-buta lan
wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek balane Sugriwa. Wadyabala bala lan
senapati Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati menang, banjur sawise perang
Rama lan Shinta bali menyang Ayodya. Ananging susah atine Shinta amarga ora
bisa katampa dening Rama. Amarga Shinta wis dianggep ora suci maneh dening
Rama. Priye carane supaya bisa ditampa maneh dening rama, banjur Shinta sesuci
lan reresik awake saka geni mau. Sawise sesucen lagi bisa ditampa dening Rama.
Wong sakloron kuwi urip mulya nganti tumekaning pati.
0 komentar:
Posting Komentar