Minggu, 13 Desember 2015 - 0 komentar

kabudayan

Kebudayaan
1.      Wujud Kebudayaan
Miturut J.J. Hoenigman, wujud saking kebudayaan menika wonten tiga, inggih menika: gagasan, akivitas, sarta artefak.
a.       Gagasan
Wujud kebudayaan menika wonten ing pamikiran warga masyarakat.
b.      Aktivitas (tindakan)
Aktivitas inggih menika wujud kebudayaan ingkang awujud tindakan ingkang nggadahi pola saking manungsa wonten ing masyarakat. Wujud menika asring dipunsebat sistem sosial.
c.       Artefak (karya)
Artefak inggih menika wujud kebudayaan fisik ingkang arupi kasil saking aktivitas, perbuatan, sarta karya manungsa wonten ing masyarakat ingkang arupi benda-benda, utawi prekawis ingkang saged dipuncepengi, dipunpirsani, utawi dipundokumentasikaken.
Tuladha:
Kursi. Kursi menika awujud artefak utawi karya ingkang lai saking ide utawi gagasan. Gagasanipun inggih menika bentuk awak utawi badan manungsa. Menawi aktivitas utawi tindakanipun inggih menika tindakan nalika manungsa nembe lenggahan ingkang nuwuhaken nilai-nilai kesopanan nalika lenggahan.
2.      Komponen
Miturut wujudipun,kebudayaan saged dipunbagi dados kalih, inggih menika:
·         Kebudayaan material
Kebudayaan material inggih menika sedaya kasil ciptanipun menungsa ingkang nyata. Kadosta mangkung saking lempung, TV, lsp.
·         Kebudayaan nonmaterial
Kebudayaan nonmaterial inggih menika kebudayaan ingkang mboten nyata ketingal ingkang dipunwarisaken dening para sesepuh. Kadosta: dongeng, crios, lagu, beksan tradisional, lsp.
3.      Unsur-unsur Kebudayaan
Unsur-unsur kebudayaan menika wonten pitu, inggih menika:
Ø  Sistem religi lan upacara keagamaan
Ø  Sistem organisasi kemasyarakatan
Ø  Sistem pengetahuan
Ø  Bahasa
Ø  Kesenian
Ø  Sistem mata pencaharian
Ø  Sistem teknologi lan peralatan

0 komentar:

Posting Komentar