Senin, 14 Desember 2015 - 0 komentar

Geguritan



Ing Teluk Pang-Pang

Nawala ing dak tampa
Patang dina kepungkur
Isih wutuh tansah dak waca
Hanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu
Ngepasi kartika ngancik patbelas dina
Silramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene
Rasaku wis memet
Nggremet-nggremet
Teka ing pikir kang amet
Tansah nunggu
Sliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo rasa ing pangrasaku,
Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak
Sing tansah setya tuhu marang mangsa
Sing sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
Hamung siji panyuwunku
Muga sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
======================

Cyberpunk

Ing grumbulan pring
Guritku netes
Dadi prenjak kang silih semaur
Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing lan tilas sejarah

Guritku .....
Nalika april nyedhak sumur
Nimba ayang-ayang lan ilmu
Gunung mungkur, genah lungkah panyawangmu
Aja ninggal pitakonmu ing lawang
Awit Jibril wis budhal
Awit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir
=========================


Janji Sepi

dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
======================

Bethara Kala
dening: Sunardi K S

kama kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk uluk jroning dadha winga winga
tanpa suwara

kang katon wicaksana kae jalaran
kokruket pinangka kanca
kang pinilih pinercaya
ngembani panguwasa
wisa rasa gula

kama kang nglambrang saparan paran
dadi memala nuwuhake pageblug
ndedel mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan sirah
mlebu metu mripat, irung saha kuping
ngawe awe nglancipake kuku

kama kang nglambrang saparan paran
ndedel dadi bethara kala
ang dadi memangsane
ora ateges diklethak saraga balunge
=======================

Mamring
dening: Budhi S

sepi mamring
sempah sumpeg peteng
kesel, ah embuh
ora weruh ngerti bisu
nangis sajroning ngguyu
ngguyu sajroning nangis
mlaku sajroning mandheg
mandheg sajroning mlaku
====================

0 komentar:

Posting Komentar