Sakrasangkara Gugur
Dening
Ana Siti Wahyuni
Kacarita ing Nagara Ngastina wonten kumpul-kumpul antarane Duryudana, Bethari Durga, Prabu Sangkrasangkara, Bethari Durna, Prabu Baladewa lan Sengkuni. Ing kana lagi padha rembugan babagan Wahyu Setya Wacana. Wahyu menika badhe tumurun lewat Sembadra Srikandhi lan bakal diparingake dhateng Janaka. Nanging para kadang Kurawa inggih kepengen ngayuh tumurune wahyu menika. Banjur Prabu Sakrasangkara sing rumangsa sekti amarga sampun ngalahake satriya-satriya sing ana ing negarane, dadi gumedhe badhe merjaya Janaka. Duryadhana banjur maringi dhawuh marang Prabu Sakrasangkara kanggo merjaya Janaka Supaya Wahyu Cahya Wacana punika saged tumurun ing Kurawa.
Leng-leng ramya nikang
Sasangka kumenyar, o
Mangrengga ruming puri, o
Mangken tan pasi ring halep ingkang umah
Mas lir murubing langit,
Tekwan sarwa manik, o
Sengkuni : Nyaosaken pambagyaharja rawuh wonten nagari Ngastina.
Duryudana : Pangestunipun paman Sengkuni mboten ngangge sambekala.
Durna : Keparenga kula nyaosaken pambagya raharja rawuh wonten nagari Ngastina.
Baladewa : Pangestunipun paman Durna boten wonten sambekala.
Duryudana : Kaka Prabu Baladewa.
Baladewa : Inggih kula yayi.
Duryudana : Pangraos kula nagari Ngastina ketingal peteng dhedhet, menapa kaka Prabu rawuh padhang trawangan? ingkang rayi pitados inggih amung kaka Prabu ingkang saged dados kali kamar pepetenging swasana negari Ngastina jagad Dewa Bathara.
Baladewa : Keparenga nyuwun gunging samodra pangaksama. Kalenggahan menika sampun saged minangkani pamundhutipun yayi. Bilih saged dipun midhangetaken akathah prayogi lajeng dipunbabaraken. Ingkang raka nedya nganglungken jangga nilingken asmara, murih terwaca anggen kula nampi sabdanipun yayi Prabu Duryudana.
Duryudana : Mila kaka Prabu kula suwun rawuh ing nagari Ngastina, ingkang rayi badhe nyuwun sabdanipun kaka Prabu, ingkang saged andayani nagara Ngastina manggih tata titi tentrem. Bilih Ngastina badhe manggih tata titi tentrem, ingkang rayi saged nurunten sejarah narendra. Kedah saged nggayuh tumuruning kanugrahan wahyu setya wacana.
Baladewa : Ingkang mangka nggayuh wahyu menika ngagem petangan batos. Rehning kula narendra, rinten ndalu ingkang kula gebeng namung prekawis ubenging ring negari. Lha yen petangan batos sawetawis radi mungker. Tinimbang kula duna dungkap kaka Prabu kula aturi mundhut wawasan para pepundhen lan para pinisepuh Ngastina, antawisipun paman Harya Sengkuni punapa bapa Durna.
Duryudana : Matur nuwun kaka Prabu.
Baladewa : Inggih yayi.
Duryudana : Perkawis maika pamanggih paman Sengkuni kados pundi?
Sengkuni : Kawula nok non. Srana anggenipun nggayuh tumuruning wahyu, jalaran nggayuh wahyu ugi mawi nganggo petangan batos.
Durydana : Inggih.
Sengkuni : Sawetawis mengkeraken dhateng petangan batos, awit ingkang kula wigatosaken namung perkawis ubenging ring negari. Tinimbang mangke kula inggih Durna dukat. Namung ngaturaken hayuning manah. Kula aturi nyuwun sabdanipun kakang Durna.
Durna : Temtu pamanggihipun mesthi beda.
Baladewa : Beda-bedaning pamanggih sampun dados garan pasulayan. Prayoginipun kados pundi, saged dipungunakake tumrap lumampahing nggayuh katentreman.
Duryudana : Inggih, Bapa Durna.
Durna : Pamanggih kula wahyu punika dhawah gampil. Ingkang baku panjenengan kedah saged nyirnakaken Pandhawa. Yen Pandhawa menika sampun sirna bilih wonten wahyu saking kahyangan boten perlu dipungayuh, sampun medhak piyambak wonten nagari Ngastina. Sanadyan mendhak kadunungan wahyu setya wacana . Yen Pandhawa taksih gesang, boten wonten ginanipun tumrap Ngastina.
Duyudana : Sagedipun kasembadan lajeng kanthi margi menapa?
Durna : Sejatosipun Pandhawa menika tiyang limrah. Dene menawi dipunjangka pejahipun boten kalampah, boten saking digdayanipun Pandhawa. Nanging saking digdaya pangayomaning Pandhawa.
Duryudana : Inggih.
Durna : Pandhawa dijamin nata Dwarawati lan Prabu Bathara Kresna. Kula sengit marang Prabu Dwarawati. Menawi nyrirnakaken Pandhawa angel pijer wohing ranti.
Sengkuni : Kula gadhah panuwun menawi ngraosaken pejahipun angger Prabu Dwarawati sampun ngantos sura-sura.
Duryudana : Kenapa?
Sengkuni : Nalika Prabu Baladewa pinuju lenggah ing Ngastina. Prabu Baladewa menika kadang sepuhipun Prabu Kresna nunggil ayah. Prabu Baladewa dados pepalang.
Duryudana : Bapa Durna.
Durna : Kula ngger.
Duryudana : Kaka Prabu Baladewa saged dados pepalang awit menika kadangipun kaka Prabu Dwarawati.
Durna : Perkawis menika boten perlu pun penggalih. Angger Prabu Baladewa wonten Ngastina menika lair batos punapa boten? Menawi lair batos ngayomi para kadang Kurawa, apesipun rila, pejahipun nata Dwarawati. Sukur kersa tumindak. Nanging menawi boten lila pejahipun Dwarawati, cetha angger Prabu Mandura wonten Ngastina menika namung tata gelar. Kurawa boten wonten Baladewa boten napa-napa.
Duryudana : Kaka Prabu Baladewa.
Baladewa : Inggih kula yayi.
Duryudana : Srana kasembadanipun nggayuh wahyu setya wacana kedah nyirnakaken Pandhawa.
Baladewa : Inggih.
Duryudana : Supados gampil nyirnakaken Pandhawa kedah nyirnakaken kaka Prabu Dwarawati. Ing mangka kaka Prabu Dwarawati menika kadangipun kaka Prabu Baladewa. kaka Prabu wonten Ngastina ngayomi ingkang rayi Duryudana, lair tuwin batos menapa amung kandheg tata gelar. Bilih kaka Prabu lair batos ngayomi ingkang rayi Ngastina , apesipun ngrilakaken kaka Prabu Dwarawati. Yen kaka Prabu boten sarujuk sedanipun kaka Prabu Kresna, kaka Prabu wonten Ngastina malah dadi telik sandi upaya mengsah.
Baladewa : Kawula lan gusti menika lamun para satriya lan para kawula kemawon. Yen saiki manunggal, menika bakal handayani kekuwatan ampuh, menapa ingkang pun jangka bakal kasembadan. Nggayuh tumuruning kanugrahan , lambaranipun badhe mejahi tiyang tanpa dosa, kirang begjanipun kiprah hangganipun nagari Ngastina.
Leng-leng driya mangu-mangungkung,
Mangungkung kandruhan rimang
Lelena tanpa kanin, o
Durga : Iki anakku angkat. Ora beda kaya para kadang Kurawa. Iki uga ulun ingkang ngayomi. Narendra tanah madya jejuluking Prabu Sakrasangkara.
Duryudana : Yayi Prabu Sakrasangkara. Raharja ndherek tindake Ni hyang Bathari Durga.
Sakrasangkara : Nun pangestunipun kaka Prabu Duryudana, boten nganti sambekala.
Duryudana : Sukur begja sewu. Angger Prabu Sakrasangkara nepangaken kula menika ahli nujum Ngastina, pandhita Durna. Raharja ndherekaken tindakipun Ni Hyang Bethari. Bethari Durga?
Durga : Iya ngger.
Duryudana : Kula nampi wangsit sageda kadunungan wahyu setya wacana.
Durga : Ya.
Duryudana : Nanging kados ingkang sampun kaleksanan, kula njaga wahyu setya wacana yen Pandhawa sampun pejah. Saged dipunpejah Pandhawa yen menawi saged nyirnakaken Prabu Kresna.
Duga : Kuwi panemune Pandhita Durna?
Duryudana : Inggih.
Durga : Jumbuh karo Panemuku.
Durna : Rak cocog tha, cocog merga cekelane padha.
Durga : Yen salah siji saka Pandhawa karo Kresna isih urip, tumrap Ngastina ora ana pedahe apa-apa. Mula Kresna karo Pandhawa kudu tekaning pati. Perkara tumuruning wahyu setya wacana , aku dhewe sing mikir. Kelenggahan iki wahyu setya wacana isih dumunung astane pukulun Sang Hyang Padha. Nanging patine Pandhawa, patine Prabu Kresna, pasrahana kadangmu taruna, Prabu Sakrasangkara.
Duryudana : Inggih, yayi Prabu Sakrasangkara.
Sakrasangkara : Hao nok non.
Duryudana : Apa kersa minangkani panyuwunku. Ndak sraya nyirnakake Prabu Kresna lan Pandhawa.
Sakrasangkara : Jagad Dewa Bathara. Tumrap kula menika pakarya ingkang gampil. Nadyan kula namung sasambetan kadang kaliyan kaka Prabu Duryudana, kula boten badhe nyuwun ganjaran. Namung keparenga ngrengkuh kadang dhateng kula.
Duryudana : Ya.
Sakrasangkara : Kula menika ratu der bandha der donya, sugih blegedhu, bandha kula seprapatan jagad. Ratu saindhenging bawana menika sampun gadhah utang sedaya kaliyan kula.
Durga : Kejawi Ngastina ya ngger.
Sakrasangkara : Awit saking sugih kula, sampun kok ratu boten gadhah utang kaliyan kula, dados sampun ngantos dados kuwatosipun penggalih, kula boten badhe nyuwun ganjaran. Nanging kula gadhah panuwun.
Duryudana : Apa?
Sakrasangkara : Ing samangke sesambetan kadang punika boten namung kaka pabu kaliyan kula pribadi, nanging Ngastina kaliyan tanah madya. Bangun kula menawi Kresna punika sampun pejah, pendhawa pejah, rak negarinipun komplang. Kula dadosaken setunggal kaliyan negari Ngastina. Nanging prenatan negari Ngastina menika dipungantos. Prenatan negari Ngastina jumbuh kaliyan prenatan negari kula, Kersa menapa boten?
Duryudana : Dos pundi Bapa Durna?
Durna : Boten njajah, naming damel sami. Ana tembung sami menika tegese nyeragamaken. Menika sae kagem pranataning negari. Sae ta adhi Arya, sae ta?
Sengkuni : Sae…sae…sae
Duryudana : Yen mangkana tak tampa yayi Prabu.
Sakrasangkara : Boja krami dhawah wingking, ing kawigatos, kula ingkang saged nampi pamundhutipun kaka Prabu, mila keparenga mlumpat karantya mendhet . Nadyan ta colok rintang sambet obor, bidhal kalenggahan menika.
Duryudana : Yen mangkana ingkang prayitna.
Sakrasangsara : Sembah kula, mundhut pamit.
Duryudana : Ya.
(Prabu Sakrasangkara budhal )
***
ADEGAN 2Senajan Prabu Sakrasangkara boten mangertosi sinten niku Janaka nanging dheweke isih tetep wani. Banjur Prabu Sakrasangkara kondur dhateng negarane kanggo golek ngerti sapa iku Janaka.
Ing dalan Prabu Sakrasangkara dijegat kaliyan priyayi luhur yaiku Baladewa. Prabu Sakrasangkara ditakoni kaliyan Baladewa, apa dheweke wani mungsuh Janaka? Janaka niku satriya sing sekti amerga dijaga kaliyan Krakasana lan Prabu Kresna sing nduweni kembang wijayakusuma. Prabu Sakrasangkara gumedhe yen dheweke bisa ngalahake Janaka. Baladewa duka karo Prabu Sakrasangkara sing ora ngerteni yen Dheweke kuwi Krakasana sing njaga Janaka. Baladewa sing duka marang Prabu Sakrasangkara banjur perang karo Prabu sakrasangkara.
Sakrasangkara : Jagad Dewa Bathara, saka Ngastina ana priyayi gagah wibeksa mrebeki aku, sapa kang dadi aranmu?
Baladewa : kowe durung ngerti karo aku?
Sakrasangkara : Yo.
Baladewa : Jagad ora ganep papat iki Prabu Baladewa iyo Prabu Balarama.
Sakrasangkara : Prabu Baladewa Balarama.
Baladewa : Iyo.
Sakrasangkara : Kala wigati apa mrebeki aku?
Baladewa : Kono saguh mateni Pandhawa?
Sakrasangkara : Saguh mateni Prabu Kresna.
Baladewa : Apa wis kandel kulitmu? Bisa dienggo jaket? Wis atos balungmu?
Sakrasangkara : Aja kuwatir ana negaraku aku iki wis pilih tanding, ora ana Ratu wani mungsuh aku. Kekuatane Pandhawa lan Kresna ana apa? Apa nduwe Aji Jaya? Nduwe pusaka sing ampuh?
Baladewa : Kekuatane Kresna iku ora saka Aji Jaya apa maneh pusaka nanging dheweke nduwe sedulur tuwa siji jenenge Krakasana. Yen kowe bisa ngalahke Krakasana aku percaya kowe bisa mateni Kresna.
Sakrasangkara : Sing jenenge Krakasan kuwi kaya apa?
Baladewa : Gedhe nduwure padha karo aku.
Sakrasangkara : Ha…ha…ha… aja dianggep aku ngina sliramu ya. Yen Krakasana gedhe dhuwure padha sliramu aku ora gereng. Ratu sepuluh gagahe, gedhene, dhuwure kaya sliramu kabeh tekane nggon Ratu sepuluh kuwi teluk karo aku, nyembah dlamakane aku. Nek dina saiki bisa kepethuk malah aku kepingin nyoba kaprawirane.
Baladewa : Kepriye?
Sakrasangkara : Nek dina iki aku kepethuk Krakasan, aku kepingin nyoba kadidayane.
Baladewa : Rasakna!!! (Baladewa nempiling Sakrasangkara).
Tidhu mawur mangawur awur wurahan,
Tengaraning ngajurit gong maguru gangsa,
Tetek kadya butula,
Wur panjrite turanggesthi
Rekatak ingkang dwaja lelabuh
(Prabu sakrasangkara lan Baladewa perang tanding)
Baladewa : Hei Sakrasangkara, sadurunge kowe tanding karo aku, cekakna jimah temahku (Baladewa lamun njur njangkah Sakrasangkara dipun tendang kaliyan Baladewa).
Sakrasangkara : Ayo tokna dayamu!
Baladewa : Sakrasangkara! Yen kowe ngowo bala ajukna kabeh balamu ing sakeliran, iki Nata Wagira Prabu Baladewa.
Sakrasangkara : Ayo, mrenea!
Baladewa : Ratu tandang karo nesu nyokot Kalabuta, malah kowe teka maneh tak teteki untumu.
Sakrasangkara nyoba nglawan Baladewa kanthi tenanan, nanging kekuatane Sakrasangkara gampang wae ditapis karo Baladewa. Prabu Sakrasangkara kocar-kacir merga ora bisa nandingi kesaktenipun Baladewa. Prabu Sakrasangkara ditendang karo Baladewa banjur kalah.
***
ADEGAN 3Prabu Sakrasangkara sing kalah ngelawan Baladewa, dheweke mikir kepriye carane men bisa ngalahake Janaka. Bethari Durga ingkang sampun ngertos yen Prabu sakrasangkara kalah nglawan Baladewa, banjur kepingin nemoni Prabu Sakasangkara. Bethari Durga mikir yen badhe ngalahake Prabu Kresna dheweke mesthi ora bisa yen kanthi cara perang. Bathari Durga lan Prabu Sakrasangkara banjur malih wujud. Prabu Sakrasangkara malih wujud dados Prabu Kresna.
Durna : Pripun Sakrasangkara? Karo Baladewa sampeyan kalah.
Sakrasangkara: Salawase kula nduwe musuh boten sekedhik dereng tau mungsuh kula kaya ngeten iki. Nanging kula Dereng kalah.
Sengkuni : lha mau sih…
Durna : Pripun dakweneh pusaka kemawon?
Sakrasangkara: Jeng ngandika kondur sedya kula wenehi pusaka.
Sengkuni : Taksih wani sampeyan?
Sakrasangkara: Taksih wani.
Sengkuni : Elah…dalah, miturut panemuku yen cara wit. Baladewa niku minangka godhong. Mungsuhe niku rak Bathara Kresna. Anggere Kresna niku wis mati, rak wis rampung ta.
Sakrasangkara: Lajeng?
Sengkuni : Kresna niku oleh digdaya merga karo Puspita Wijayakusuma. Ning nek Kresna ora duwe Kembang Wijayakusuma apes dayane. Kresna niku yen Dewa ngendika napa, Kresna mesti lumangkah. Perkara ngati-ati panjenengan nata wiracik basa, nyumanggaken panjenengan mesti bisa.
Durna : Mangkih panjenengan kalih Bethari Durga njelma mawon, supados boten sah lawan Baladewa nganggo perang. Yen perang jenengan mesthi angel kanggo merjaya Pandhawa.
Sakrasangkara: Ohh…ngono, ya kuwi luwih gampang. Mengko aku karo bethari Durga menyang negara Madukara kanggo mboyong Sembadra Srikandhi, wis Janaka mesthi menehi yen wujudku Prabu Kresna. Yen uwis Sembadra Srikandhi tak gawa kanggo nggayuh wahyu supaya bisa tumurun ing para kadhang Kurawa.
Durna : inggih, panemuku mesthi bener.
(Bethari Durga sowan, lajeng malih wujudipun Sakrasangkara dadi Prabu Kresna)
***
ADEGAN 4Prabu Sakrasangkara lan Bethari Durga sowan ing Negara Madukara badhe kepanggih kaliyan Prabu Janaka. Nanging Sadewa ingkang sampun mangertosi akal-akalane Sakrasangkara banjur malih wujud dados Janaka. Sadewa maringgi klambi kanggo Gareng lan Petruk. Gareng malih wujud dadi Sembara lan Petruk malih dadi Wara Srikandhi.
Hanjrah ingkang puspitarum
Kasiliring samirana mrik, o
Sekar gadung, pongas gandhanya, o
Maweh raras renaning ndriya, o
Sadewa : Kakang Semar.
Semar : Kula ndara.
Sadewa : Kakang Semar, rehning madukara iku kalenggahane kangmas janaka, kangmas janaka kalenggahan iki murca, bisane tentrem madukara kudu ana janaka, aku sedya memba kangmas janaka, aku nyuwun pangestu.
Semar : Inggih mugi-mugi.
(Sadewa malih wujud dadi Janaka)
Semar : Oladalah….ndara Sadewa bagus.
Janaka jelmaan : kakang Semar, rehne Madukara iku ana Janaka. Janaka kudu ngadep Sembadra Srikandhi.
Semar : lha njuk keparengipun pripun?
Janaka jelmaan : Lamun kakang Semar paring pangestu mesthi bakal kelakon, nala Gareng, Petruk.
Gareng : Kula.
Petruk : Pripun?
Janaka jelmaan : Tak paringi busana kowe arep?
Petruk : Wah ajeng.
Janaka jelmaan : Mlebuwa ana panti busana. Ana sandhangan rong pangadeg kae nggonen.
(Gareng lan Petruk banjur nganggo klambi sing diparingi Janaka, sawise dienggo Gareng malih dados Sembadra lan Petruk malih wujudipun dados Srikandhi)
Bagong : Iki sapa iki
Sembadra jelmaan : Pangling, aku Gareng ta.
Janaka jelmaan : Kowe saiki dadi sembadra.
Sembadra jelmaan : Ehh la njuk pripun.
Janaka jelmaan : Tak paringke jajal kowe lenggah lan kowe le nyuwara lha kudu bisa kaya wara sembadra, Sembadra.
Sembadra jelmaan : Kula pangeran.
Janaka jelmaan : Kowe saiki dadi sembadra. kowe kudu manut apa reh prentahe Janaka.
Sembadra jelmaan : Kula nuwun inggih.
Srikandhi jelmaan : Kok aku dadi keri ngene piye ta. O..wis …tekan kene.
Semar : Kowe ki sapa, putri kok yak yakan.
Srikandhi jelmaan : genah aku Petruk ngono.
Semar : napa niki Petruk ndara.
Janaka jelmaan : Iya iki Petruk.
Semar : Kowe ki dadi wara Srikandhi. Nek ora ngandel gilo aku nggawa pengilon.
Srikandhi jelmaan : (ngaca) We lha ….blaik, kersane ndara pripun ta.
Janaka jelmaan : Kowe kuwi dadi wara srikandhi.Kudu bisa nyuwara kaya kang mbok Srikandhi.
Srikandhi jelmaan : O…nggih.
Janaka jelmaan : Tak parengke lenggah jajar.
Srikandhi jelmaan : Nuwun sewu kula njejeri ndara.
Janaka jelmaan : Srikandhi.
Srikandhi jelmaan : Kula….wonten pangandika kanjeng pangeran… kanjeng pangeran.
Janaka jelmaan : Kowe rehne wis dadi tetimbanganku kudu manut sak reh prentahku.
Srikandhi jelmaan : Kula wonten meniki dados sendika, kanjeng pangeran.
Janaka jelmaan : Saiki kowe kudu manut prentahe Janaka.
Srikandhi jelmaan : Inggih pangeran.
(Sakrasangkara ingkang awujud Kresna teka ing nagara Madukara)
Janaka jelmaan : Kaka Prabu Bathara Kresna dereng dangu rawuh keng rayi nyaosken pambagya raharja rawuhipun kaka Prabu.
Kresna jelmaan : Dhimas, banget panarimane kakang dene kowe ngaturake pambagya pamujine rayi Janaka. Ora ana sambekala.
Janaka jelmaan : Sembadra.
Sembadra jelmaan : Kula pangeran.
Janaka jelmaan : Srikandhi.
Srikandhi jelmaan : Kula pangeran.
Janaka jelmaan : Aja kadaluwarsa nyaosna pangabekti dhateng kaka Prabu Kresna.
Sembadra jelmaan : Ah…bok boten mawon, isin. Swara kula ngaten.
Janaka jelmaan : Ora papa.
Sembadra jelmaan : Kaka Prabu Bathara Kresna, kula nyaosaken pangabekti.
Kresna jelmaan : Dhiajeng Sembadra, tak trima anggonmu nyaosken pangabekti. Suwaramu kok kaya ngono kuwi ta dhiajeng.
Sembadra jelmaan : Karang mbladrek.
Kresna jelmaan : Ya wis ora dadi apa.
Srikandhi jelmaan : Kaka Prabu kula nyaosken pangabekti dhumateng kaka Prabu.
Kresna jelmaan : Loh kok cepet banget. Malah ora dhong aku.
Srikandhi jelmaan : Boten dhong.
Kresna jelmaan : Ora.
Srikandhi jelmaan : Kula dhewe nggih boten dhong.
Bagong : Ealah…malah ga genah.
Janaka jelmaan : Wonten kersa kados pundi rawuh ing Madukara.
Kresna jelmaan : Yayi, kakang tumeka Madukara minangkani panyuwune mbakyumu, Dewi Jembowati. Jembowati iku kangen karo dhiajeng Sembadra Srikandhi, nganti sawetara dina sapta dina sapta bengi ora tau sare ora tau dhahar. Bareng tak takoni jebul, mung kangen karo Sembadra Srikandhi, pancene jembowati arep tak gawa ning madukara…ning ora kersa. Panyuwune sembadra srikandhi teka menyang Dwarawati.
Janaka jelmaan : Inggih.
Kresna jelmaan : Mula pun kakang arep ngampil sembadra srikandhi, tak boyong menyang Dwarawati. Yen wis……jembowati, sembadra srikandhi tak kondurake nyang madukara.
Janaka jelmaan : Inggih kaka Prabu. Sembadra.
Sembadra jelmaan : Kula.
Janaka jelmaan : Srikandhi.
Srikandhi jelmaan : Kula.
Janaka jelmaan : Kowe kudu ndherek diboyong kaka Prabu Bathara Kresna.
Srikandhi jelmaan : Kok. Njih napa.
Janaka jelmaan : Lha ya saiki.
Sembadra jelmaan : Boten.
Janaka jelmaan : Ora kena.
Srikandhi jelmaan : Dados kula kedah ndherek kaka Prabu Dwarawati.
Janaka jelmaan : Iya.
Kresna jelmaan : Sembadra srikandhi. Kowe tak gawa ing negara Dwarawati sembadra srikandhi.
Bagong : Maune gek wujud petruk gareng..ora ana sing ngenyang … bareng malih wujud dadi wujud ayu, sembadra srikandhi lagek egek payu.. Njuk niki pripun.ndara srikandhi sembadra pun payu. Nek ajeng gawe srikandhi senbadra wis kentekan bahan.
Janaka jelmaan : Ora susah gawe.
Bagong : Lajeng.
Janaka jelmaan : Kowe tak kanthi metu njaba. Aku kepengin sedya mangreti swasana sanjabane kasatriyan.
Bagong : Inggih, mangga kula nderekake ndara.
***
ADEGAN 5Ing gerbang Madukara Prabu Sakrasangkara ingkang taksih wujud Prabu Kresna dicegat karo Antasena lan Gathotkaca. Sanajan Gathotkaca ajrih kaliyan Sakrasangkara ingkang wujudipen Prabu Kresna nanging dheweke tetep wani perang nglawan Kresna jelmaan.
Antasena : Kakang gathotkaca.
Gathotkaca : Apa?
Antasena : Kepasang yogya kowe terus tapa. Sadurunge paman wuragil dhawuh myang ksatriyan kene dhawuh. Kowe jaga nang kene Antasena. madukara arep ana duratmaka. mengko yen ana satriya kang gawa kang bok srikandhi, kuwi duratmaka. Kudu mbok rebut, aku nganti arep matut upama sing gawa kuwi bapa Janaka kuwi cetha dudu, arepa sing gawa kuwi kangmas Janaka kuwi awit, aku rak mikir, ya nek metu daratan aku wruh. Lha yen metu dirgantara aku rak ra dhong. Bareng kakang Gathotkaca rawuh, kebeneran, aku ewang-ewangna jaga. Kowe tak pasrahi dirgantara.
Gathotkaca : Apa sing kudu tak tandangi.
Antasena : Sapa wae wujude nanging ta wis gawa bibi wara sembadra srikandhi, kuwi maling, kudu bok rebut, ngono ta.
Gathotkaca : Yen mangkono aku manut.
Antasena : Wis, Mapan kana ing dirgantara.
Gathotkaca : Inggih.
(Kresna jelmaan teka mboyong Sembadra Srikandhi, dicegat karo Antasena lan Gathotkaca)
Antasena : Mandheg dhisik.
Kresna jelmaan : Lha kok wanine ngendheg lakuku. Aku arep boyong wara Sembadra Srikandhi ana ing Dwarawati, lan wis entuk lilane dimas Janaka.
Antasena : Ya, ning mungguhing aku ora kena, yen arep kondur nyang Dwarawati Sembadra Srikandhi ditinggal.
Kresna jelmaan : Karepmu piye.
Antasena : Pokoke ditinggal.
Sembadra jelmaan: Cilaka.
Srikandhi jelmaan : Tobat tobat tobat. Karepmu kepiye Antasena.
Antasena : Aku ra perlu rembugan karo kowe. Rembugku karo kaka Prabu Dwarawati. Tak jaluk bibi wara Sembadra Srikandhi.
Kresna jelmaan : Nek ora tak wenehke
Antasena : Kudu disembadani. Nek ora tak kelakon kecekel mabur.
(padha rebutan wara Sembadra lan Srikandhi)
Gathotkaca : Jebul sing ngasto bibi ayu Sembadra Srikandhi Prabu Bathara Kresna. Lha apa kelakon, Gathotkaca niblis aji Dwarawati. Nanging jalaran Antasena wis kandha, arepa wujud sapa wae ning yen gawa bibi Sembadra Srikandhi kuwi maling. Prabu Kresna nuwun sewu, kepeksa kula wenehi wuswacine kula.
(Gathotkaca perang kaliyan Prabu Kresna jelmaan, Prabu Kresna jelmaan kalah banjur mlayu manggih kaliyan sang ibu, Bethari Durga)
Durga : Sembadra Srikandhi wis kecekel ing tanganmu, nanging bisa direbut Gathotkaca.
Sakrasangkara: Kula boten wani kok. Nyumanggakaken.
Durga : Gathotkaca, Sembadra Srikandhi tak jaluk,
(Gathotkaca lajeng mabur dhuwur supados boten saged kecekel dening Bathari Durga)
Sembadra jelmaan : Ehhh, gathotkaca, sembrana, e kabur kok ya samengka, wis cedhak memean, kari nyaut. Ora isa nyaut merga aku mbok saut, ehng…..
Srikandhi jelmaan : Gathotkaca aku culna gathotkaca.
Gathotkaca : Wara Srikandhi Sembadra teng clemong swarane. Sembadra kok arep nyaut memeyan, Srikandhi kok muring muring, merga krembaking mangut, merga gandane kaya wedhus. Nek gandane kaya iki mesthi ora pangling aku, kaya gandane setis-setis, nanging wujude iki, mangka yen konangan kudu ngadhepi eyang Bathari Durga, mesthi ra menang aku. yen mangkono tak caoske meyang bathari durga wae. Ni Hyang Bathari Durga, isih butuh wara Sembadra Srikandhi napa boten?
Durga : Butuh
Gathotkaca : Menawi taksih betah wara sembadra srikandhi mangga kula caosaken. Kula selak brebeg.
Durga : Kene, Sembadra Srikandhi bakal tak gawa nyang kahyangan.
(Sembadra Srikandhi dipunbeta dhateng kahyangan dening Bathari Durga)
Antasena : kok malah ditamak-tamakke.
Gathotkaca : kosek ta, apa ana Srikandhi muringmuring tak gawa mabur, merga ing krembaking mangut-mangut. Sembadra nesu merga arep ngentas memea ora isa. Mangka Sembadra Srikandhi gandane kaya iki lho.
Antasena : Lha slidis-slidis ora enak.
Bagong : teng pundi Sembadra Srikandhi?
Gathotkaca : Digawa Bathari Durga.
Bagong : Waduh niku wau Sembadra Srikandhi gadhungan. Niku wau Petruk kalih Gareng. Mangka saderenge niku Petruk nyilih sarung kula. Lha njur kula kelangan sarung ta.
Antasena : Kok bisane Petruk dadi Sembadra?
Bagong : Inggih, wau ndara Sadewa teka, nayosi pirsa ndara Janaka. Ndara Sembadra niku jane boten gerah, nanging taksih semedi teng Suralaya goleki wahyu. Lha banjur ndara Sadewa dadi Ndara Janaka.
Antasena : Kuwi tenan Bagong?
Bagong : Estu, yakin. Ora ngapusi.
Antasena : Aku njaluk nagpura. Aku duwe parengka marang kakang Gathotkaca sing ora-ora.
Gathotkaca : Ora dadi apa. Janaka iki paman Sadewa. Nyandhung telangan kepriye, sejatine kewajiban apa sing kudu tak sangkul dhimasku Antasena.
Antasena : Yen pancen mangkana, tak dherekake kakangku Gathotkaca.
(sedaya sami tidak)
***
Sang Hyang Wenang : Kajuwalaju sang ayu atur sembah nuwun. Bethari Durga raharja.
Bethari Durga : Kula inggih nyuwun pangestonipun. Kula boten ragi sambikala, niki kula sowan mriki kalih Prabu Sakrasangkara.
Sang Hyang Wenang : Iya, ana wigati penampi?
Bathari Durga : Kepareng atur sangkuna adipikulun lengan pada. Sowan kula nyuwunaken pangabekti. kula badhe gadhah panyuwun. Nyuwun tumurunipun Wahyu CahyaWacana, badhe kula paringaken darah Barata.
Sang Hyang Wenang : Sapa?
Bathari Durga :Putu kula Prabu Duryudana :menika ra inggih darah Barata.
Sang Hyang Wenang : Sewakane tumurune Wahyu Cahyo Wacana.
Bathari Durga : Sewakanipun tumurun Wahyu Cahyo Wacana kedah saking nyowanaken Sembadra Srikandi. Menika Sembadra Srikandi kula suwunaken
Sang Hyang Wenang: Sembadra.
Sembdra jelmaan : Kula Nuwun.
Sang Hyang Wenang: Srikandi.
Srikandi jelmaan : Kula nuwun,
Sang Hyang Wenang:Dhuh ora cetha.
Srikandi jelmaan : Boten cetha?
Sang Hyang Wenang: Ora cetha.
Srikandi jelmaan :Kula dhewe nggih ora cetha nggih.
Sang Hyang Wenang: Durga, Sembadra, Srikandi. Sembadra iku wanodya ingkang kaloka ing jagad. Dudut kautaman marang Srikandi kaloka ing Bawana, nadyan ta wanodya lan tanpa mbeda priya wani rumeksa raharjaning praja. Sembadra Srikandi kaya ngono kuwi dak gawa mrene ki olehmu intuk ning ndi ki mau. Ha? Sembadra intuk saka ngendi? Ora wis sajake weruh. Nadyan kita wis nyaksi Bathari Durga kudu kita mangerti marga kita wis ulun dadekke ratuning para Bajubarat. Prabu Sakrasangkara duka, banjur nendang Sembadra Srikandhi sing asline Petruk lan Gareng ing Alas Pring Alaban papane Bajubarat.
Srikandi jelmaan : Dosaku apa Sakrasangkara, kaya ngene ki ya karepmu, ora karepku. Tekan kene kok terus siya-siya aku.
Sembadra jelmaan : Sakrasangkara, Bethari Durga, aku luput apa?
Sakrasangkara : Mung patut bali, kowe gawe wirange Bethari Durga. Tak guwak, aja nganti tiba, tiba ing Alas Pring Alaban kowe.
***
Sawise Petruk lan Gareng ditendang ing Alas Pring Alaban. Prabu Sakrasangkara
lunga menyang Dwarawati kanthi niyat merjaya Kresna lan Janaka.Babo-babo mara age tandhingana,
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna prawira ing ngayudha
Prang tandhing haiwa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndepani bumi
Sakrasangkara : Ilang takkedebbe Kresna, satriya bagus
Janaka : Arjuna
Sakrasangkara : Janaka Arjuna?
Janaka : Iya.
Sakrasangkara : Hahaha. Iki kalingane
Janaka : Kowe ngaduwa.
Sakrasangkara : Prabu Sakrasangkara. Kena eman Janaka, kowe aja ngenteni babak bocik mburimu. Manut taktugel gulumu. Janaka tekaning pati, Kresna tekaning pati, penjangkahku bakal kelakon.
Janaka : Kowe bakal bisa mateni Janaka. Entek budine.
Sakrasangkara : Mangan getihmu!
(Perang antarane Janaka lan Prabu Sakrasangkara, Sakrasangkara kalah)
Prabu Kresna wis ngerti yen sakrasangkara bakalan marani dheweke kanggo merjaya Prabu Kresna, banjur mrentah Anoman kanggo mateni sakrasangkara. Satekane Sakrasangkara teka ing paggonane Prabu Kresna, Sakrasangkara dilawan Anoman.
Sakrasangkara : Kethek putih, sapa?
Anoman : Resi Mayangkara. Kowe sapa
Sakrasangkara : Narendra tanah madya Prabu Sakrasangkara.
Anoman : Tawang madya negaramu?
Sakrasangkara: Hiyo.
Anoman : Tawang ki dhuwur, madya tengah, gumantung tanpa janthel negaramu. Ana baraswala kidul melu ngalor, ana baraswala melu ngidul. Jenengmu Sakrasangkara. Sakra, bebisikke putra Bathara Guru ingkang wuragil. Sangkara, asmane Bathara Guru yan pinuju triwikrama. Ing ancase manungsa lumrah, kok wani nganggo jeneng Sakrasangkara. Merga nduwe ngaku pinutra Bathara Guru. Manungsa kang duwe anggep pinutra Bathara Guru, ora ana liya, Dasamuka. Kowe yitmane Dasamuka ayo bali, bali.
Sakrasangkara: Lha kok dadi kowe ngerti?
Anoman : Pangkling karo aku? Pangling?
Sakrasangkara:Tepung agek iki kok, pangling, pancen durung ngerti.
Anoman : Kowe pangling. Resi Mayangkara iku jenengku wis dadi pendhita. Nalika aku senopati, aku Hanoman Ramandaya, Dayarati.
Sakrasangkara: Sing brana biyen?
Anoman : Hiyo.
Sakrasangkara: Edan. Ora modar-modar.
Anoman : Ora bakal tekane patine hanglebur papan tanpa dadi. Ayo bali!
Sakrasangkara: Ora sudi, yen bali. Nak wis yen nyekel Putri Panjarwani bakale Sriwindawati.
Anoman : Ora gelem bali, kowe. Rajam, rajam dadi. Rengget sakreka, gunung tumurugan, Dasamuka bisa metu. Sempalke Gunung Kendalisada, panthik Wesi Semboja, bisa mijil tur nggon aduh wis kono.
Dhasare mangsa katiga purnameng gegana
Riris harda salah mangsa
Adat sagung among tani
Jumangkah samya ngayati, o
Yasa bebedhengan kinarya handeder wiji minangka tumibaning mangsa kasanga
0 komentar:
Posting Komentar