Pranatacara Lamaran
Assalamu`alikum Wr. Wb.
Para aji
sepuh, kasepuhan, miwah pinisepuh
ingkang satuhu minulyeng budi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana miwah syukur dhumateng
Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang Mahawelas lan asih, awit
saking kanugrahanipun kula miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun
Bapak-Ibu Rejasa Saperlu paring pangestu tumindakipun adicara lamaran ing wanci
menika.
Keparenga
kula ingkang kapatah pamengku gati kinen nderekaken gatining laksana ing wanci
menika. Menggah tata rakiting titi laksana rinacik mekaten:
1. Kapurwakan kanthi pambuka,
2. Saparipurnaning pambuka, ngancik
adicara kaping kalih nun inggih atur pambagyaharja,
3. Titi laksana ingkang kaping tiga,
nun inggih atur panglamar,
4.
Salajengipun, adicara ingkang kaping sekawan, nun inggih atur panampi
5. Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Mekaten
kalawau menggah tata rakiting adicara ing wanci menika. Sumangga tumapak
adicara purwaka, adicara binuka kanthi pandonga dhumateng Pangeran mrih rahayu
karsa. Ndedonga kula dherekaken. Sumangga!
Matur nuwun,
mugi Gusti kang Mahakawasa kersa paring sih nugraha satemah tumapaking karya
saged kalis sambekala. Para tamu ingkang kinurmatan, sawetawis panjenengan
lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Rejasa
badhe ngaturaken pambagyaharja. Ingkang minangka wakilipun nun inggih Bapak
Sutrisna. Dhumateng Bapak Sutrisna sumangga! Dene Bapak-Ibu Rejasa kepareng
jumeneng ngampingi Bapak Sutrisna.
Matur nuwun
wonten ngarsaning Bapak Sutrisna, tumuli ngancik adicara ingkang angka tiga inggih
menika atur panglamar. Pramila dhumateng Bapak Andhi minagka tetungguling
lampah kepareng jengkar saking palenggahan, tumuju papan sasana pandayawara.
Dene Bapak-Ibu Susila, nun inggih calon besan kepareng ngamping Bapak Andhi.
Sumangga!
Matur nuwun
dhumateng Bapak Andhi ingkang sampun paring atur lamaran. Tumuli Bapak-Ibu
Rejasa badhe ngaturaken atur panampi lamaran, ingkang minagka badaling wacana
sinambeting raga inggih menika Bapak Amin. Dhumateng Bapak Amin, sumangga!
Sampun
paripurna anggenipun Bapak Amin ngaturaken atur panampi lamaran. Dene adicara
ingkang pungkasan nun inggih panutup. Sumangga adicara menika katutup kanthi
waosan hamdallah sesarengan. Sumangga! Kula pribadi minagka pranatacara,
kalamun wonten kithaling basa, ceweting ukara, mugi para paduka para tamu kersa
paring pangaksama. Nuwun.
Wassalamu`alikum Wr. Wb.
Pranatacara Siraman
Pranatacara Siraman
Katuran
dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata
kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun
jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing
ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging
pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten
putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping
asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten
putri hangaturaken :
Rama dalah
biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging
pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu
anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger,
putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa
loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan
wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun
lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep
jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo
uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano
mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama
dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu
beda. Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh
jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah
biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi
lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih
ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu
dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna
ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra
calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas
pasiraman.
Amrih
samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang
badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini
sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten
putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring
Gusti.
Para
pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika:
1. Rama…………..
2. Biyung…………
3. Eyang…………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Rama…………..
2. Biyung…………
3. Eyang…………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang
sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing
pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung
saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu,
mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing
kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age
marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang
calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi
samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng…….
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan.
Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.
SESUCI MECAH KEDHI
Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
PANGKAS RIKMA
Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri.
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa,
PONDHONGAN
Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa bawa priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.
NANEM RIKMA
”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”.
DULANG PUNGKASAN
”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada, nir ing sambikala
SADE DHAWET
Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak ………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut
dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet, dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….
PARA RAWUH PARA LENGGAH
Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.
Pranatacara
Temu Manten
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
1. Nuwun, para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, pambyawara hangaturaken sugeng rawuh, mugi kepareng hamrayogekaken lelenggahan ngantos titi purnaning pamiwahan ing dinten punika.
Para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Saderengipun tatacara pamiwahan kawiwitan, pambyawara kepareng hangaturaken rerantaman adicara pamiwahan ingkang badhe linampahan ing dinten punika:
1) Lenggahanipun temanten putri
2) Rawuhipun temanten kakung
3) Mlebetipun temanten dhateng pasamuwan
4) Pasrahan temanten kakung
5) Panampining pasrah
6) Adicara panggih
7) Adicara kacar-kucur
8) Rawuhipun tamu besan
9) Adicara pangabekten
10) Adicara atur pambagya harja
11) Adicara kirab
12) Adicara paring nursitawara
13) Purnaning pamiwahan
Pambyawara maos rerantaman adicara ingkang baku-baku kemawon.
Makaten rerantamaning adicara pamiwahan ing dinten punika. Wasana mugi kepareng hamrayogekaken lenggah, sinambi amidhangetaken laras ing pradangga anguyu-uyu. Nuwun.
2. Ngacarani Lenggahipun Temanten Putri
Kula nuwun, para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Temanten putri sampun purna ngadi busana. Kairingaken dening Ibu Sri Supanti, kakanthi Ibu Widarti lan Ibu Widarsi, kadherekaken sawetawis paraga temanten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan temanten. Miyosing temanten karengga ketawang Puspawarna, Laras Slendro pathet manyura. Sumangga.
3. Ngacarani Rawuhipun Temanten Kakung
Nuwun para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh. Rawuhipun temanten kabiwadha Lancaran Kebogiro Pelog Pathet barang, sumangga.
4. Ngacarani Mlebetipun Temanten dhateng Pasamuwan
Para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuwan. Ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga kemunten keparenga hangacarani rawuhipun temanten ing pasamuwan. Tindakipun temanten kabiwadha ungeling Ladrang Wilujeng Bedhayan, Laras Pelog pathet barang. Sumangga.
5. Ngacarani Pasrahan Temanten Kakung
Bapa Suratman, sampun samapta ing karya. Samanten ugi Bapa Surono Dibyo Susilo, Bapa Sumarno, Bapa Widodo sarta Bapa Bambang Prasetya sampun siyaga tumanggaping damel. Awit saking punika wanci kaaturaken ing ngarsanipun Bapa Suratman. Sumangga.
6. Ngacarani Panampining Pasrah
Sampun purna paring pangandikanipun Bapa Suratman hamasrahaken temanten kakung. Pasrahing temanten nunten katampi dening Bapa Rukmanto Sudirahusada lumantar panjenenganipun Bapa Surono Dibyo Susilo wanci kaaturaken. Sumangga.
7. Ngacarani Adicara Panggih
Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing temanten. Paraga ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun. Panggihing temanten karigenaken dening Ibu Sri Supanti. Awit saking punika Ibu Sri Supanti keparenga nganthi temanten putri anuju dhateng papaning panggih. Para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng temanten kekalih. Panggihing temanten kabiwadha ungeling gendhing Monggang kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang. Sumanggga.
8. Ngacarani Adicara Kacar-Kucur
Para tamu kakung putri, adicara panggihing temanten sampun tumapak kanthi prayogi, wilujeng nir ing sambikala. Salajengipun konjuk ngarsanipun Ibu Sri Supanti keparenga nglajengaken adicara kacar-kucur tuwin adicara adat saperlunipun.
9. Ngacarani Rawuhipun Tamu Besan
Kula nuwun para tamu, wit saking notoling manah kepengin paring pangestu dhateng temanten kekalih sarta raket rumaketing bebesanan, Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma kepareng rawuh ing pasamuwan punika. Ingkang tinanggenah keparenga hangacarani rawuhipun tamu besan. Mrih renggeping swasana, rawuhipun Besan kinurmatan Ladrang Tirtakencana, Laras Pelog Nem. Sumangga.
10. Ngacarani Adicara Pangabekten
Sanggya para tamu, kadang besan sutresna panjenenganipun Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma sampun lenggah aben ajeng kaliyan panjenenganipun Bapak Ibu Rukmanto Sudirahusada wonten sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sarimbit. Dhumateng para-para ingkang piniji rahayuning sedya kasumanggakaken. Tumapaking adicara sungkeman binarung ungeling Ladrang Mugi Rahayu laras slendro pathet manyura. Sumangga.
11. Ngacarani Adicara Atur Pambagya
Para tamu kakung sumawana putri, panjenenganipun Bapa Rukmanto Sudirahusada badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lekas wekasing sedya, wigatosing gati. Inggih kabekta saking raos bombong miwah mongkoging manah, karana karoban ing sih sedaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa Tukijo Djoko Suhardjo. Ing salajengipun dhumateng para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga.
12. Ngacarani Adicara Kirab Kanarendran
Sanggya para tamu, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana wiwaha, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun busana ksatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala, lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri Gendhing Ayak-ayakan laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langenggita Sri Narendra laras pelog pathet barang. Sumangga.
13. Ngacarani Adicara Kirab Kasatriyan
Para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu sagunging pakurmatan, kados-kados putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, keparenging sedya badhe marak sowan malih ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra temanten ngrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling Ketawang Subakastawa laras slendro pathet sanga. Sumangga.
14. Ngacarani Adicara Paring Nursitawara
Para tamu kakung putri,
Temanten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti, widadaning lampah, tulusing parasdya, anggenya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran wredha, werdine pan kedah mandireng priyangga. Meh antuka kalidamar, pandham margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bapa Sumantri paring ular-ular dhumateng temanten kekalih, sumarambah ing sadayanipun.
Wasana, sumangga.
15. Purnaning Pamiwahan
Makaten para tamu kakung putri, mliginipun dhateng temanten kekalih. Mugi dadosa bundhelan adi, gegaran nggayuh widadaning palakrama. Kados sampun boten worsuh panampi panjenengan. Kantun keparenga sami angecakaken ing gesang bebrayan.
Minangka pratandha paripurnaning pasamuwan pamiwahan, kalanipun ingkang amengku karya, tuwin temanten kekalih sampun samapta anguntapaken konduripun para tamu ing sangandhaping wiwara pamiwahan. Konjuk ngarsanipun ibu Sri Supanti, juru mratitisaken wiraga temanten kekalih, keparenga temanten kekalih kakanthi tinuju dhateng wiwaraning sasana pamiwahan, saperlu nguntapaken konduripun para tamu.

Pamiwahan sampun paripurna.
Lumantar pambyawara, ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken gunging
panuwun, awit paring panjenengan bebantu rupi punapa kemawon. Sadaya kiranging
boja lan krami, keparenga paring agunging pangaksama.
Mligenipun tumrap jasad kula, Pambyawara, kathah saru-siku, temah tan bangkit
adamel rena, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Nuwun sugeng kondur dhumateng
para tamu sadaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Pranatacara Bubak Kawah
Amestuti wasita adi sabdaning
para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking
Gusti ingkang Maha Asih, mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nun inggih
Bapak miwah Ibu……….. sigra jumangkah anetepi darmaning agesang, wigati amberat
sakathahing durgama, jer katemben ( pungkasan ) anggenira amiwaha putra
mahargya siwi, kanthi sarana ambukak kawah.
( ingkang hamengku karsa ambuka tutuping kendhaga )
Wusnya binuka warana tutuping
sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga winastan kendhaga
kencana, dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya, jroning
kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta,
Ingkang seta sinebat cupu adi
mandhalika, dumadi saking pakartining bapa, ingkang rekta sinebat cupu
manic asta gina dumadi saking pakartining biyung,
Kacarita duk kalaning bapa………..
murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning Ywang
Agung, kama awarni seta manunggak kang awarna rekta, nulya ibu…………..
kaparengkaken anggarbini,
Antuk sacandra denira anggarbini
ponang dat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwicandra dumugi alam dwipanunggal,
tricandra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam Gondar-gandir, alam
keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena,
Tulus lestari gya ngambah alam caturhanggajati,
wulagang neng guwa garba, dinayan ing sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah
bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau.
Pancacandra ngancik loka
pancayitmajati, sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging sadlokajati.
Saptakawasajati yeku
alaming ponang jabang inkang wus saptacandra, wus ginadhuhan pancadriya, mila
kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati
temah waluya.
Kocapa ing kalanira dereng wanci
tumelunging wahyu tumulung amila kaki / nini jabang aneras nggenira yoga brata,
sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat, sajuga
sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.
Tinampi samadinira, kapyarsa
lamat swara dumeling sasmita wasitaning sang Kwaseng Gesang. Wudhar denira samadi
ring loka hasthasabdajati, amarengi kalaning asthacandra winahya,
Nawacandra wus kamarga, andungkap
dasaarine, saking loka nawapurnajati, sumeleng suwung wiyose, myak
langse gendhala giri, saking tuwa garba mesat, prapteng alam padhang lokapana,
acecala sabda mulya cenger.
Wijilira sinarengan kadang catur,
sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina, kakang kawah , rahmuka
miwah adhi ari-ari.
Jabang ambabar putri, wanci
sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara……..
Enggaling kang sinursita, wit
wekel taliti talaten anggenira anglelinthing anggulawentah, sarta
pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan kagunan, miwah
kasusilan satatakramanipun, putra putri wulagang dadya Kenya dewasa,
seger saras jiwa raga, susila, prasaja, anggung gambira, wasis trampil,
sinembuh ing sulistya,
Amarengi ari piniji surya
pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada jinatukrama dening
sang satriya sumbaga wiratama ingkang wus sahabipraya kekasih bagus………..
atmajanipun Bapak saha Ibu……….
Mangkana ta wau saparipurnaning
prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri sinaratan bubak kawah,
ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging saru siku,
anyenyandhang nugraha rajarha bagya mulya.
Panganten sarimbit nulya samya
lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining kendhaga kencana sarta
kendhaga mulya.
Sri pengantin wus tunggil tekade
saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh, rama ibu, para sepuh warga
gotrah sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha angestreni, samya
menembrama mangastukara mangastuti manungku puji mrih kang tigas kawiwaha
pinaringan wilujeng ing donya tuwin akherat, jejeg jumangkah , jajag jumujug,
kang jinangka, bagya, bagya, sumbaga, sumbagya, anggung lumantar, lumintir, miwah
lumuntur kanugrahan ira.
Kasigeg panindaking upacara bubak
kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun
tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kiranging tangkepipun
pamengku, saha salajengipun kaparengna tadhah tetesing pangaksama.
Pranatacara Mitoni
Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.
Dhumateng bapak Munir mingangka pangarsa dhusun ingkang
kinurmatan.
Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos
syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha
kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing paapn
menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa. Amin.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula
minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah,
kirang langkung mekaten:
1.Pambuka
2.Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3.Siraman
4.Brojolan
5.Medhot janur
6.Gantos busana
7.Mecah siwur
8.Dodolan dhawe
9. Panutup
1.Pambuka
2.Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3.Siraman
4.Brojolan
5.Medhot janur
6.Gantos busana
7.Mecah siwur
8.Dodolan dhawe
9. Panutup
Para rawuh ingkang minulya,
Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah sesarangan.
Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja
dening pamengku gati, dhumateng Bapak Mahsun kawula sumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng Bapak Mahsun ingkang sampun paring atur
pambagyaharja.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng bapak Mahsun
minangka tiyang sepuh saking ibu Lina, kawlua sumanggakaken murwakani siraman.
Salajengipun kawula sumanggakaken dhumateng
ibu Sri, dipunlajengaken Ibu Erna saha Ibu Titin, ingkang pungkasan
kawula sumanggakaken ibu siti. Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha
ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.
Adicara ingkang kaping sekaewan inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu.

Kasumanggakaken dhumateng Bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saha
Ibu Sri ingkang badhe anadhahi klapa ingkang kabrojolaken. Klapa gadhing
ingkang kaparingaken calon ramanipun minangka pralambang supados nglairaken
putra samangke boten wonten alangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Adicara salajengipun nun inggih medhot janur. Medhot janur menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika gantos busana saha dipunlajengaken adicara kaping pitu inggih menika mecah siwur.

Adicara ingkang kaping wolu inggih menika dodol dhawet, dhumateng
para rawuh sedaya kawula sumanggakaken mundhut dhawet kaliyan rama lan ibu
kanthi ngginakaken kreweng ingkang sampun cumawis.
Mekaten kala wau adicara mitoni ing diten menika, kawula minangka
pambiwara, mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing
manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama,
mekaten atur kawula.
Matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr wb.
Pranatacara
Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling
kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita;
antawisipun
1. Dados srana
donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
2. Dados srana
nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban
jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala
kramakaken para putra )
3. Dados srana
anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang
kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
4. Dados srana
pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi
udhik-udhik
5. Tumrap para
putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu
kaparingan panjang yuswa
Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena,
nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis
tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem
para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning
upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
1. Sungkeman
para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati
dumateng rama lan ibunipun
2. Paringipun
anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu
anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
3. Nyebar
udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun
Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi
dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados
ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto dumateng para
putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA
NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan
wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula
lajeng tumusing piweling:
1. NGLUHURNA
MRING AllAHIRA
2. NGLUHURNA
WONG TUWANIRA
3. AJA LALI
MARANG SEDULURIRA
4. TUMINDAK,TUMANDUK
MRIH ARUMING BUDI
5. JAGANEN
JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun
sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)
Ubarampe Upacara:
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos /
beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo
bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi
srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
1. ingkang
dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra
ragil ingkang krama wekdal semanten
2. ingkang
dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken
Tata upacaranipun Tumplak Punjen
Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Dene urutanipun inggih punika:
1. para putra
lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
2. yen sampun
dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
3. salajengipun
tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil (
putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang
sampun dipun sametakaken
4. kantun
piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara
anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah.
Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi
ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra
manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados
werdining upacara tumplak punjen
5. salajengipun
nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.
makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula
sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun
Pranatacara Tedhak Sinten
Assalamualaikum
wr.wb
Kawilujengan kabagas warasan saha katentreman hawit sih rahmating Gusti ingkang
ngurwatani jagat, mugi tansah kasarira dhumateng kula kaliyan panjenengan
sedaya.
Para sesepuh
saha para tamu ingkang tansah winantu ing suka basuki, sumangga kula dherekaken
panjenengan sedaya ngunjukaken raos sukur wonten ngarsaning Gusti Allah ingkang
Maha Agung ingkang sampun paring rahmat kaliyan hidayah dhumateng kula tuwin
panjenengan sedaya satemah kita sedaya saged makempal wonten ing dalemipun
Bapak Nursalim saperlu mangeti adicara tedhak siti kangge putranipun Bapak
Nursalim inggih punika Ade Marofiq.
Kaparenga
kula Evi Yuliana minangka cumanthaka , kinen nglantaraken rantaman adicara
tedhak siti ing sonten punika :
Sepisan, nun
inggih : Pambuka
Kaping
kalih
: Atur pambagyaharja saking sohibul hajat
Kaping
tiga
: Acara inti inggih punika tedhak siti
Kaping
sekawan : Panutup
Bapak/ Ibu ingkang sami rawuh, mekaten rantaman adicara Tedhak siti ing sonten
punika. Sakderengipun adicara tedhak siti dipunwiwiti sumangga sareng-sareng
maos basmalah : Bismilla hirahman nirrohim.
Bapak/ibu
ingkang kinurmatan, adicara salajengipun inggih punika atur pambagyaharja
dening sohibul hajat Bapak Nur salim, kula sumanggakaken. Nuwun
Wassalamualaikum
Wr.Wb
0 komentar:
Posting Komentar