1. Pengertian
Nomina yaiku tembung kang nerangake tembung – tembung
barang kanthi konkret lan abstrak.
Nomina konkret yaiku nomina kang bisa ditangkep
nganggo panca indra.
-
Tuladha :
Omah, buku, sandal.
Nomina
abstrak yaiku nomina kang ora bisa ditangkep panca indra.
-
Tuladha :
kapinteran, kepercayaan.
2. Ciri – ciri
Nomina
a. Perilaku
Morfologi
Ciri kang sifat morfologise ana lan kudu digatekake
nganti dadi polomorfemis. Afiks kang gawe nomina : paN = pambujuk, pe- =
paweling, isp. Konfiks kang gawe nimona : ka-/-an, sufiks –an, isp.
b. Perilaku
Sintaksis
·
Nomina bisa
nggabung karo tembung “dudu” nanging ora bisa nggabung karo tembung “ora”.
Tuladha : dudu kembang, ora kembang
·
Nomina bisa
nggabung karo adjektiva, bisa kanthi langsung utawa karo pronomina relativ
“sing” utawa “kang”.
Tuladha : bocah pinter, bocah kang pinter
·
Nomina bisa
nggabung karo nomina /verbal, kanthi nganggo pewates/modifikator.
Tuladha : basa jawa, kembang mawar
·
Nomina bisa
nggabung karo pronominal persona/karo enklitik pronominal –ku, -mu, dadi
pewatas posesif.
Tuladha : Klambimu, sepedhaku
·
Ana ing
kalimat predikate verba, nomina bisa dadi S, O, utawa palengkap (jangkepan).
c. Perilaku
Semantik
Perilaku semantik bisa kanggo pengacu unsur kang
nyata, bisa arupa wong, kewan, wit – witan, gagasan, isp.
3. Pengkategorian
Nomina
a) Nomina
monomorfemis lan nomina polimorfemis
b) Nomina
tunggal lan nomina ora tunggal
c) Nomina
generik lan nomina spesifik
d) Nomina umum
lan nomina khusus
e) Nomina
abstrak lan nomina konkret
f)
Nomina
insani lan nomina ora insani
g) Nomina nama
diri lan ora nama diri
4. Bentuk lan
Makna Morfologi Nomina
a. Nomina Murni
Yaiku nomina kang asli saka kelas nomina kuwi dhewe.
Ora kabentuk saka kelas tembung liyane.
Tuladha : meja, kursi, kalurahan, dewa, dewi, penabuh,
isp.
b. Nomina Non
Murni
Yaiku nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane.
Nomina non murni ana 3, yaiku :
1. Nomina de
verbal, yaiku nomina kang dibentuk saka proses transposisi saka tembung verba.
Tuladha : panguripan, panggorengan, tanduran, isp.
2. Nomina de
adjektiva, yaiku nomina kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva.
Tuladha : pengayom, panglipur, wewangi, isp.
3. Nomina de
numeralia, yaiku nomina kang dibentuk saka proses transposisi saka tembung
numeralia.
Tuladha : prapapan, atusan, puluhan, isp.
0 komentar:
Posting Komentar