Asslamu’alaikum
wr. Wb
Alhamdulillah
hirabbil’alamin wabihi nastangin wa’ala umuridunya wadin asholatu wasalamu ‘ala
asrofil ambyaiwal mursalin ama ba’du.
Ingkang pantes
pinundhi bapa pangarsa SMA
Wonten ngarsanipun para bapak miwah ibu guru ......ingkang pantes
kinurmatan,
Wonten
ngarsanipun para bapak miwah ibu dewan juri
ingkang pantes kinurmatan,
Ingkang pantes
kula hurmati bapa miwah ibu guru
Ingkang pantes
kula hurmati bapa miwah ibu guru pendamping. miwah
Para pasarta
lomba ingkang bagya mulya
Mangga ing ri
kalenggahan menika tansah kula dherekaken ngunjukaken raos puja pangalembana
dhumateng Allah SWT ingkang sampun kersa paring karohmatan dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing wanci menika kula panjenengan saged makempal manunggal
wonten papan menika saperlu ngadani adicara Lomba kanthi rahayu nir ing
sambikala.
Shalawat lan
salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah
kula panjenengan tengga menggah syafaatipun wonten ing donya miwah akhirat.
Amin
Para rawuh
ingkang kinurmatan.
Nuwun sewu
amargi kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan. Kula ingkang
kapatah minangka pranata adicara kepareng ngaturaken rakitaning adicara Pembukaan Lomba ing wekdal menika.
Menggah rantamanipun mekaten :
Sapisan
pambuka, kalajengaken adicara urut kalih tanggap wacana saking kadang panitya,
Menggah acara urut tiga tanggap wacana saking bapa pangarsa. Kalajengaken
panutup minangka adicara urut sekawan.
Mekaten mengga
reroncening adicara ing wekdal menika, Kangge nyigek wekdal ingkang sampun
dungkap, mangg adicara ing wekdal menika dipunbuka sesarengan kanthi waosan basmallah kula dherekaken…
Matur nuwun.
Mugi kanthi waosan basmallah kala
wau acara ing wanci menika saged lumampah kanthi rancak nir ing bebaya.
Tumapaking
adicara urut kalih nun inggih taggap wacana saking kadang panitya. Dhumateng
panjenenganipun (............................................) kula
sumanggakaken..
Matur nuwun
dhumateng panjenengan/ sederek…ingkang sampun kersa paring pangandikan.
Para pilenggah
ingkang tuhu kinurmatan
Tumapaking
adicara urut tiga nun inggih tanggap sabda saha paring pratandha dipunbukanipun
LOMBA saking panjenenganipun bapa pangarsa SMA dhumateng bapa ..... wekdal
kasumanggakaken...
Matur nuwun
dhumateng panjenenganipun bapa ..... Hum ingkang sampun kersa paring
pangandikan miwah buka acara ... ing wanci menika.
Dhawah adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Ananging saderengipun
dipuntutup. Purwa madya dalah wusana anggen kula ndherekaken lampahing adicara
kathah lepat saha kirangipun kula pribadhi miwah panitiya nyuwun mawantu-wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning
klapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula.
Mangga adicara
dipuntutup kanthi maos tahmid kula dherekaken ...alhamdulillah...Cekap semanten….
Wasalamu’alaikum
Wr Wb
0 komentar:
Posting Komentar