Materi
Bahasa Jawa Kurikulum 2013
“AJA DUMEH”
“AJA DUMEH”
Tembung “Aja Dumeh” asalipun saking tembung
“Aja” ingkang ateges “aja” (bhs. Indonesia : Jangan) kalihan tembung “Dumeh”
ingkang ateges “Mung Amarga/jalaran saka” (bhs. Indonesia : Karena).
Dadosipun
tembung “Aja Dumeh” tegesipun aja mung amarga utawi aja jalaran saka.
Tuladhanipun :
Tuladhanipun :
a. Aja dumeh sugih
banjur ngêdir-êdirake (umuk bangêt)
Tegesipun aja mung amarga sugih banjur umuk banget.
b. Aja dumeh isa muni
Tegesipun aja mung amarga isa muni banjur waton muni
c. Aja dumeh kuwasa
Tegesipun aja mung amarga kuwasa banjur sak wiyah-wiyah marang kancane
d. Aja dumeh duwe pangkat
Tegesipun aja jalaran duwe pangkat banjur nindhes andhahane
e. Aja dumeh pinter
Tegesipun aja amarga pinter banjur ngina marang kancane.
Wonten alaming bebrayan tetembunganipun aja dumeh, tegesipun sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dumèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dumèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dumèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk.
Tegesipun aja mung amarga sugih banjur umuk banget.
b. Aja dumeh isa muni
Tegesipun aja mung amarga isa muni banjur waton muni
c. Aja dumeh kuwasa
Tegesipun aja mung amarga kuwasa banjur sak wiyah-wiyah marang kancane
d. Aja dumeh duwe pangkat
Tegesipun aja jalaran duwe pangkat banjur nindhes andhahane
e. Aja dumeh pinter
Tegesipun aja amarga pinter banjur ngina marang kancane.
Wonten alaming bebrayan tetembunganipun aja dumeh, tegesipun sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dumèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dumèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dumèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk.
Wong urip kedah brayan kalihan tiyang sanes, amargi
wonten ngarsanipun Gusti Allah sedaya tiyang utawi punapa kemawon
ingkang gesang lintunipun sami.
Ing salebetipun bebrayan sadhengah tiyang kedah
sak madya. Sampun ngantos gesang kanthi kebak raos kumalungkung, adigang,
adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun.
Sipatipun manungsa adigang, adigung lan adiguna punika sipat
ingkang kagolong kumalungkung, jubriya utawi dumeh.
Sipat adigang punika minangka sipatipun kidang ingkang dumeh
mlajaripun (playune) santer utawi cepet sanget. Sipat adigung punika minangka
sipatipun èsthi
utawi gajah, ingkang dumeh ageng badanipun. Sipat adiguna punika minangka sipatipun
sawer (ula), dumeh gadhah wisa.
Menawi
tumrapipun manungsa sipat-sipat punika : adigang tegesipun ngandelaké
marang kakuwatané. Adigung
tegesipun ngandelaké marang gedhéné. Adiguna
tegesipun ngandelaké marang kapinterané.
Pramila sipat aja dumeh utawi sipat kumalungkung punika kedah
dipun tebihi amargi badhe nuwuhaken bilahi dhumateng tiyang ingkang kagungan
sipat-sipat kalawau.
Aja dumeh punika kedah kita dadosaken tuntunaning
gesang wonten alam bebrayan.
Aja
dumeh kuwasa njur kumawasa banjur tumindakmu dadi daksura lan daksia
marang ing sapadha-padha.
“Janganlah
mentang-mentang engkau berkuasa lalu perbuatanmu menjadi pongah, congkak serta
sewenang-wenang terhadap sesama.”
Aja
dumeh pinter njur kuminter banjur tumindakmu dadi keblinger sarta
pocap lan lakumu ora tau pener.
“Janganlah
engkau mentang-mentang pintar lalu perbuatanmu menjadi menyimpang dan nyasar
serta ucapan dan tingkah lakumu tidak pernah benar.”
Aja
dumeh kuat lan kumagagah banjur tumindakmu sarwa gegabah lan
sakkarepmu dhewe ora ana kang nyegah.
“Janganlah
mentang-mentang engkau kuat dan gagah lalu perbuatanmu menjadi serba ceroboh
dan gegabah serta semaumu sendiri dan tidak ada yang berani mencegah.”
Aja
dumeh sugih njur kumasugih banjur tumindakmu lali karo sing ringkih ora
gelem sapa aruh lan senengmu nindhih.
“Janganlah
mentang-mentang engkau kaya raya lalu perbuatanmu melupakan yang lemah tidak
berdaya tidak mau menyapa dan senanganmu Cuma memperdaya mereka.”
Aja
dumeh kumamenang
banjur tumindhakmu sewenang-wenang elinga yen sira katanggor watune
bisa gawe wirang.
“Janganlah mentang-mentang engkau sekarang
menang lalu kepada yang kalah perbuatanmu menjadi sewenang-wenang hendaklah
engkau sadar bilamana bertemu batunya dapat membuatmu malu.”
Artikel
Terkait :
Sisi Lain Aja Dumeh
Sisi Lain Aja Dumeh
0 komentar:
Posting Komentar