Selasa, 15 Desember 2015 - 0 komentar

Pak Guru : Mulang Basa Jawa Tegese Uga Mulang Budi Pakarti




Irah-irah kang katur kuwi, tinulis mung merga kepengin nguri-uri mrih lestarining basa Jawi, mrih panggah urip ngrembaka ing tengahing jagad kang katrajang wengising daya pengaribawaning budaya global.
Kanggo nglelimbang lan nggathukake atur iki, para maos dak-aturi nyekar Kinanthi, kang kacuplik saka Serat Wulangreh, yasan dalem Kanjeng Sunan PB V, kaya katur ing candhake iki :
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra, kaprawiean den kaesthi,
pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Kang matur iki pitados dhateng para Maos, bilih sampun langkung pana dhateng isining "piwulang" ingkang sinawang ing sekar Kinanthi wau, langkung lebda ing basa lan ing edining rasa lan edining surasa, menggahing sekar Kinanthi sapada wau.
Katitik saking basane, kaya ora ana kang angel. Gulangen ing kalbu, tegese kurang luwih padha dipadha nggegulang, nggegladhi ati, supaya landhep empaning pamikir. Tembunge liya lantip panggraitane gampang tanggap ing semu, tanggap  ing swasana. Aja pijer mangan nendra aja nggedhekake nggone mangan lan aja dhemen turu yen ngantuk. Turua yen ngantuk. Yen wong kang sepen ing prihatin, ora ngantuk wae ya turu. Ora ngelih wae mangan. Wong pasa kuwi tegese, yen ngelih mangana. Lha yen ra pasa, durung ngelih wae wis mangan.
Adat pakulinane wong Jawa kang maratapa, rancake cegah dhahar, cegah nendra utawa cegah turu, cegah sabda, ora kakehan ngendika yen ora prelu, cegah duka, aja gampang kebranang nesu. Cegah sanggama, nyegah saresmi nadyan karo sisihane dhewe.
Lha kok kabeh "cegah"? Karepe yen kabeh kuwi dicegah bakal kuwawa ngendhaleni hawa napsu, mepes pancadriya, nutupi babahan hawa sanga.
Tembung Kinanthi mau katitik saka basane, gampang ditampa. Tembung Kawi mung sethithik : kalbu, lantip, kaesthi, sarira, guling.
Dununging nggegulang budi pakarti ana ngendi? Ana ing anggone nggegulang karo ngendhaleni hawa napsu, amrih saya mekar ngrembaka nyedhaki marang kadiwasan.
Budi (dhi) kuwi ora katon, ora kasatingal, pengangen-angen. Pakarti kuwi sing katon, marga maujud ana ing tindak-tanduk, muna lan muni. Lha muna kuwi ya apa? Muna kuwi tegese kandha. Lha yen muni, kuwi tegese "meneng". Sang Maha Muni, Sang Maha Meneng.
Mulang basa Jawa, tegese mulang tembung lan nggagapi isining wacan. Sawuse iku banjur nyoba nggagapi karepe piwulang munguhing budi pakarti. Mulang basa ira bakal pisah karo anggone mulang cak-cakaning basa kuwi ana ing urip saben dina.
Dakaturi gambaran nganggo sekar kinanthi maneh, uga pethikan saka serat Wulangreh, mangkene :
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi,
yen kang ngadhep keh durjana, ora wurung bisa maling,
yen kang ngadhep akeh bangsat, ora wurung bisa juti.

Wong Jawa duwe pituture: Aja cedhak kebo gupak. Yen cedhak suwe-suwe ora wurung bisa gupak. Aja srawung karo wong ala, mundhak ketularan alane. Iki sinau basa nanging uga babar pisan sinau budi pakarti.
Piwulang basa Jawa, ingkang kadhapuk wujud sekar Kinanthi kang angka loro iki, netepake manawa wong kang cedhak wong ala ora wurung dadi ala. Kuwi marga saka daya pangaruhe wong ala mau. Mula suwalike yen wong utawa bocah dikulinakaken cedhak karo wong becik, dipesthekake dadi wong becik,  Iki budhi pakarti.
Saiki dilelimbang, panemu kaya ngono kuwi apa bener temenan? Tak aturi bahan lelimbangan. Ing jagading pendidikan iki ana paham warna loro. Sepisan kang diarani paham negativism. Paham iki mulangake menawa bocah kuwi dinegake wae mengko bakal mekar dhewe. Srahna wae marang kang kelakon tumrap bocah mau. Nek mula becik ya bakal tuwuh dadi becik, yen mula ala ya bakal tuwuh ala. Paham kang kapindho kang diarani paham positivism. Paham iki mulangake, anak didik kuwi kudu diwulang, aja dinengake wae. Mekare bakal laras karo isi piwulange.
Lha yen diprasajakake paham werno loro mau, kena di landhakake : paham kodrad karo paham iradad. Dadining bocah diwasa anut kodrat apa anut iradad?
Lha yen rada nyenggol Ki Hajar Dewantara, kang netepake Sistem Among, alandhesan kanyataan kang nerangake yen tuwuh mekaring anak dhidik kuwi jebule anut hukum konvergensi, yakuwi daya-dinayan, padha dene, aweh pengaruh antarane kodrad karo iradad. Hukum konvergensi kuwi uga diwulangake dening sarjana Jerman, Clara lan Willem Stern.
Mulang basa Jawa, manut kang kelakon, ateges babar pisan uga mulang tindak-tanduk, suba-sita, tata-krama, weruh unggah-ungguh. Semangat suba-sita lan liya-liyane kuwi dadi isining budi, kang ing mengko bakal katon ing pakarti : suba-sita, tata-krama lan wruh unggah-ungguh sarta cak-cakane ana ing saben dinane. Coba basa Jawa kang sinawung ing sekar Mijil iki, kejaba nggladhi basane, uga nggegulang tindak-tanduke.
Dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asor,
wani ngalah luhur wekasane, tumungkula yen dipun-dukani
bapang densimpangi, ana catur mungkur.

Kejaba amarga gedhe daya pengaruhe pasrawungan, generasi mudha, kalebu generasi tuwa, kurang utawa lali marang basa Jawane. Merga lali basa Jawane, banjur kurang ngerti tata-kramane. Apa maneh rada mrinding yen ana tembung "tan weruh ing tata". (Eyang CS. Hasmoro)
sumber : Djaka Lodang

0 komentar:

Posting Komentar