Selasa, 15 Desember 2015 - 0 komentar

48 Petuah Wong Jawa




1.   “Asu gedhe menang kerahe”.
       Artine: wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.

2.   “Asu marani gebuk”.
      Artine:  njarak / sengaja marani bebaya.

3.   ”Ana gula ana semut”
       Artine : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

4.   “Anak polah bapa kepradah”.
      Artine: tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.

5.   “Bathok bolu isi madu (bolong telu).”
       Artine:: wong asor nanging sugih kepinteran.

6.   “Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan”.
       Artine: senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani..

7.   “Desa mawa cara, negara mawa tata”.
       Artine : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.

8.   “Dhemit ora ndulit, setan ora doyan”.
      Artine: tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.

9.   “Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek”.
      Artine: wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.

10 “Diwenehi ati ngrogoh rempela”.
       Artine:diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.

11 .“Esuk dhele sore tempe”.
        Artine: wong kang ora tetep atine (mencla mencle).

12 .“Entek ngamek kurang golek”.
       Artine: anggone nyeneni/nguneni sakatoge.

13 .“Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan”.
        Artne: golek utang kanggo nyaur utang.

14 .“Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh”.
        Artine: senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.

15 .“Golek banyu bening”.
        Artine: meguru golek kawruh kang becik.

16 .“Jarit lawas ing sampire”.
        Artine: duwe kapinteran nanging ora digunakake.

17 .“Jer basuki mawa bea”.
        Artine: samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

18 .“Kacang ora ninggal lanjaran”.
        Artine: kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane.

19 .“Lumpuh ngideri jagad”.
       Artine: duwe karepan kang mokal bisa keturutan.

20 .“Nyolong pethek”.
        Artine: tansah mleset saka pametheke/pambatange.

21 .“Ora ana banyu mili menduwur”.
        Artine: watake anak biasane niru wong tuwane.

22 .“Pitik trondhol diumbar ing padaringan”.
        Artine : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.

23 .“Nabok anyilih tangan”
        Artne : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.

24 .“Rampek-rampek kethek”.
        Artine: nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan.

25 .“Rawe-rawe rantas malang-malang putung”.
        Artine: samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.

26 .“Rebut balung tanpa isi”.
        Artine: pasulayan merga barang kang sepele.

27 .“Idu didilat maneh”.
        Artine : murungake janji kang wis diucapake.

28 .“Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh”.
        Artine: senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.

29 .“Rindhik asu digitik”.
        Artine: dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.

30 .“Rupa nggendhong rega”.
        Artine: barang apik regane larang.

31 .“Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”.
Artine : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha      bubrah/rusak

32 .“Sadumuk bathuk sanyari bumi”.
        Artine: pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.

33 .“Sluman slumun slamet “.
        Artine: senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.

34 .“Sepi ing pamrih, rame ing gawe”.
        Artine: nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.

35 .“Rebutan balung tanpa isi”.
        Artine : pasulayan merga barang kang sepele

36 .“Milih-milih tebu oleh boleng “.
        Artine: kakehan milih wekasan oleh kang ora becik.

37 .“Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk”.
        Artine: njarag marani bebaya.

38 .“Klenthing wadah uyah”.
       Artine: angel ninggalake pakulinan tumindak ala.

39 .“Kebo mulih menyang kandhange”.
        Artine: wong lunga adoh bali menyang omahe / asale.

40 .“Kebo nusu gudel”.
        Artine:wong tuwa njaluk wulang wong enom.

41 .“Kegedhen empyak kurang cagak”.
        Artine:: kegedhen karep nanging ora sembada.

42 .“Cebol nggayuh lintang”.
        Artine: kekarepan kang ora mokal bisa kelakon.

43 .“Cecak nguntal cagak”.
        Artine: gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.

44 .“Becik ketitik ala ketara”.
        Artine : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.

45 .“Tumbak cucukan”
        Artine : wong sing seneng adu-adu.

46 .“Undaking pawarta, sudaning kiriman”.
        Artine : biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.

47 .“Welas tanpa lalis”.
         Artine : karepe welas nanging malah gawe kapitunan.

48 .“Yitna yuwana mati lena”.
        Artine : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.

Photo ilustrasi: Frans Edi

0 komentar:

Posting Komentar