Minggu, 13 Desember 2015 - 1 komentar

ANALISIS TOKOH NOVEL ANTEPING TEKAD

ANALISIS TOKOH  NOVEL ANTEPING TEKAD
NAMA TOKOH
PERWATAKAN
CONTOH DALAM TEKS
Indiah
sregep
Isih ajeg bae, esuk jam lima tangi, terus numpangake ceret, adus, nyapu, umbah umbah, masak, mangan, nyetlika, lan sapanunggalane.
wangkod
“aku duwe watak ala, yaiku wangkod, nanging cupet ing pikir.”
Antep tekade
Saiki kowe duwe gegayuhan kepengin nglumpukake dhuwit , kang perlu kanggo nggayuh idam-idamanmu.
ambisius
Ah, apa satemene bae sing dadi idam-idamanku? Apa aku kepengin arep dadi pramugari, dadi sekretaris kedutaan, dadi wartawan ....ah mula aku duwe watak ambisius!
gemi
Dadi mbokmanawa tumrap sandhangan, aku wis ora perlu mikir. Sabanjure aku mung kudu ngati-ati nyekel dhuwit.
“ paringipun arta mila tansah dalem celengi”
legawa
“aku sanggup ngurbanake apa bae kagem panjenengan lan gra panjenengan....bakal garwamu, mas sundoro, keparenga wiwit saiki dak anggep sadulurku tuwa kang pantes dak tresnani lan dak ajeni.....”
Gampang nangis
Samono uga bareng weruh dhuwit  mau, pikiranku terus ketuwuhan gagasan, mbokmanawa mas sundoro arep nyoba kajujuranku. Atiku ngarasa ketaton banget. Embuh kepriye ora ngerti, tangisku wis ora bisa dak penggak maneh. Suwe suwe nganti nggugug
Wanita utama
“Aku tansah arep ngudi, supaya tetep bisa dadi bocah utama. Aku ora arep ngrusak hake wong liya, gedhene nganti dadi sisihan panjenengan, senajan sapira tresnaku marang panjenengan.
setya
“aku ya wis ngerti mas wan, manawa mas sundoro wis ora bakal bali maneh marang aku kanggo ing salawas –lawase. Mula siaki atiku banjur sabar. Aku wis marambah-rambah ngalami kacuwan ngasokake pangarep-arepku  marang priya. Saiki aku mung duwe tekad, arep ngantepi kasetyanku marang priyayi wis ngentasake aku saka kasangsaraning urip iki.”
Manut marang garwa
“yen mangkono aku ya arep prasetya, wiwit saiki, aku arep ngabdekake jiwa ragaku, donya akerat, marang panjenengan, guru bendara lan panuntuning uripku.”
Ir. Sundoro
blaba lan seneng nulung
Gelem ora gelem, kowe kudu nampadhuwit kang dak barengake karo layang iki.
setya
“kowe mesthine durung ngerti indiah, manawa sawise mbakyumu ora ana, pikirku mu g terus nglambrang mikiri kowe bae. Kaya-kaya wis ora bisa dak srantekake maneh anggonku kepingin arep ketemu lan kumpul maneh karo kowe.
Gampang keburu nepsu
Wusana sasampunipun ngawasaken gimin sawatawis wekdal, sundoro lajeng murugi abdi wau. Soroing mripatipun ngalad-alad, saking nepsunipun.
tegas
“.....aku ya sadar, yen anggonku pepacangan banjur dak pedhot bakal nekakake kesusahan kang tanpa upama marang kabeh kang dak tresnani. Nanging , sapira gedhene deduka sing bakal kudu dak tampa, aku isih keconggah ngadhepi. Aku kapeksa negakake utami, marga aku ora keconggah ngeculake kowe.”
wicaksana
“hiya becik, ujare uwong, wong iku luwih prayoga nekani papane wong sing lagi kesusahan, katimbang nekani wong sing seneng."
Utami
Grapyak, ora diri
Pemudhane gantheng, sang kenya ayu, merak ati, luwes, ngresepake sak pari polahe. Grapyak, ora diri.
perhatian
“rak ya wis mundhut ta, obate cekoh kuwi mas sun”
Sucahyo
aleman
“emoh, cahyo emoh susu, kacang bae”
Gimin
Ora duweni tanggung jawab
“wis dadi padatane gimin, saben yu tarno tindak,deweke mesthi melu-melu dolan. Mula kowe dak larang ngepel, kareben Gimin ngerti marang wajibe.”
Tumbak cucukan
“..... pancen gimin kang matur aku bab sesambunganmu karo dhik sun....”
Suwarni
nekad
“tenan ta ya, aja matur bu Tarno. Satemene ngene rah. Bu tarno kuwi ora setuju aku pepacangan karo mas kardi”
Ora nduweni tanggung jawab
“rah, aku titip cahyo sedhela. Bocahe kepengin kacan. Nanging aja kok wenehi dhisik, yen durung gelem ngentekake susune. Aku nemoni mas kardi sedhela. Rak wis rampung ta, olehmu rewang masak?”
Sukardi
Ora nduweni tanggung jawab
Ingggih suwarni tilasipun sukardi, ingkang sampun dipun pegat dening semahipun, jalaran kagodha waranda sugih.
Sukri
Seneng mbeda
“lho tanganmu kok dredheg cah manis,”
Cupet pamikire
“....dhik In, aku njaluk idinmu, supaya aku bisa megat bojoku. Nanging sawise iku dik in banjur saguh dak pasrahi rumah tangga.”
Siswa subroto
wicaksana
“....Indiah, ngger, bandha kang aji dhewe ingatase wanita, iya iku suci lan kamurnining atine. Dadi sing bisa njaga awakmu, supaya kowe tetp dadi bocah wadon kang susila, mursid lan temen....”
Kalijan
Seneng gawe dolanan wanita
Kalijo wis duwe bojo, nanging wis dipegat. Resmine bae lagi rabi ping pindho, nnging nyatane embuh wis kaping pira wong iki nganggo dolanan bocah-bocah wadon.
 Ny. Suryokusumo
blaba
Malah wis tahu keakon, ing sajrone sesasi aku tampa persen Rp 1000,- yakuwi nalika bapak walikota sekaliyan lan Bu suryokusumo....kok priyayi priyayi gedhe kuwi padha blaba-blaba ya.
Istinah/ Ny. Sunarko
Graopyak,semanak
Is ngrangkul lan ngambungi aku, dene doktere lan ibune maara uwa padha mesem ngawasake.
Suwandono
setya
“dik In, sathithik bae aku ora tau duwe gagasan arep ngeculake sliramu dhik....”
Suparno
Seneng mutusi dhewe
“cacatmu sing pancen gedhe ya siji iki mas parno. Apa-apa seneng muusi dhewe...”
legawa
“muga-muga kuwe sakloron tansah padha nemu urip seneng lan mulya"
sareh
Ing lairipun Suparno katingal sumeh, akrab lan gembira kados adat saben. Nanging sinten ingkang badhe nyeda, manawi ing sayektosipun pemudha wau rumaos sedhih, musna ing pangajeng-ajeng.
Bu dibyo dan keluarganya
grapyak
Tujune pangrengkuhe wong sak omah padha becik. Wiwit saka bapak lan bu dibya, tekn para putra lan nganti tekan abdi-abdine.
Ny. Sutarno
grapyak
“karo maneh, sawise aku ngerti lelakonmu, kaananmu pancen sejajar karo kaanane kulawargaku, padha tatarane, dadi saiki wis ora ana maneh endi sin jeneng bendara lan abdi. Ngaturana akau ibu lan ngaturana bapak marang pak Tarno.”
Mbok Yem
Maksakake kekarepan
“mulakna kuwi. Lha wong kuwi sok ora kena dikira rah. Saka pangarep-arepe Gimin, e mbokmanawa kowe ana kene njur seje pikire, malih bisa cocok karo Gimin”
Perhatian
“Rah, kowe kena apa kok nangis nggugug kaya ngono, kok ngeget- egeti wong. Apa lara apa piye.”
Keluarga Sujoko
Grapyak lan welasan
“ wis mari tenan keselmu In??”
Kulawarga Sujoko punika kalebet satunggiling brayat ingkang sae lan katingal. Dr. Sujoko satunggaling priyantun ingkang grapyak lan ambeg welasan.

1 komentar:

Unknown 16 September 2020 pukul 07.22

Ini anteping tekad nya teks dari mana kok beda ya

Posting Komentar