Wara-wara
Ing basa Indhonesia, wara-wara dipunsebut kanthi aran pengumuman.
Adatipun wara-wara dipunaturaken awit wontenipun sawijining adicara utawi kagiyatan.
Supados saged nyinaoni wara-wara kanthi sampurna, saenipun kedah mangertosi teori-teori
nyinaoni wara-wara.
Wara-wara inggih menika welingan utawi informasi
ingkang dipunaturaken dhumateng tiyang kathah. Dados wara-wara menika wujudipun welingan
(pesan/informasi) ingkang dipunaturanken dhumateng umum. Saksampunipun
mangertosi artos wara-wara, kedahipun ugi mangertosi ancasing (tujuan)
wara-wara. Ancasing wara-wara inggih menika ngaturaken sawijining
perkawis/welingan/informasi supados saged dipun mangertosi tiyang kathah.
Ingkang salajengipun, kedah mangertosi peranganing wara-wara, pokok-pokok
wigati wara-wara, lan cara nyemak wara-wara.
A.
Peranganing wara-wara (bagian-bagian pengumuman)
- Irah-irahan (judul)
- Adangiyah/ Salam taklim
- Bebuka (pembuka)
- Suraos basa (isi)
- Wasana basa (panutup)
- Panggenan lan titimangsa (tempat dan waktu penulisan)
- Peprenah (jabatan)
- Tapak asma (tanda tangan)
- Asma terang (nama lengkap)
B.
Pokok-pokok wigatos wara-wara
1.
Sinten ingkang ngaturaken utawi ingkang damel wara-wara (dari siapa)
2.
Kagem sinten wara-wara menika (untuk siapa)
3.
Wonten suraosipun (ada isinya)
4.
Wekdal pandamelanipun (kapan ditulis)
5.
Menawi awujud kagiyatan, kedah cetha wekdal kagiyatan kaleksanan, wonten pundi,
lan sinten ingkang mandhegani.
C.
Cara nyemak wara-wara
1.
Sehat, tegesipun sehat jiwa lan raga
2.
Konsentrasi, tegesipun pikiran tumuju dhumateng punapa ingkang dipunsemak
3.
Nggadhahi motivasi/ancas ingkang pengin dipungayuh
4.
Nyemak kanthi wutuh, mboten sepalih-sepalih
5.
Saged milah milih bab ingkang wigatos
6.
Ngamel ringkesan wosing wara-wara
7.
Maringi tanggepan marang wara-wara
Tuladha Wara-wara:
Wara - Wara
Lomba Sesorah Basa Jawi
Para siswa kang tansah tak tresnani,
Gegayutan kaliyan pengetan Sumpah Pemuda 28 Oktober,
OSIS SMK N 1 Kedawung badhe ngawontenaken lomba Sesorah Basa Jawi kanthi tema “Peran
Pelajar dalam Memajukan Bangsa”.
Lomba kasebut badhe kaleksanan benjing,
Dinten
: Jum’at Wage
Surya
: 7 September 2012
Tabuh
: 08.00 enjing dumugi paripurna
Papan
: Auditorium SMK N 1 Kedawung
Awit saking punika, dhumateng para siswa ingkang badhe
ndherek lomba supados daftar dateng sekretariat OSIS kaliyan sederek Sri
Lestari. Pendaftaran dipuntutup sedinten sakderengipun lomba kawiwitan.
Makaten wara-wara menika, mugi saged dipun leksanaaken
kanthi saestu. Matur nuwun.
Kedawung, 1 September 2012
Ketua OSIS,
Ttd,
Muhammad Ilham
0 komentar:
Posting Komentar