“SEJARAH DUMADINE REOG”
Reog ana ing Ponorogo ana wiwit jaman kedemangan ki Ageng Kutu. Gamelan reog
kanggo ngiringi adu karosan lan kadigdayan liyane. Crita reog jupuk lakon saka
jamane ratu wengker ing krajaan Bantarangin. Ratune bagus ing rupa aran Prabu
Klana Sewandana, kacarita arep nglamar putri Kediri aran putri Sangga Langit
kang kondhang Sulistya. Rupane, Duwi adhi kala ing rupa nanging budine utama
sekti lan sugih ngelmu lan setya ing sedulur aran klana wijoyo, kang dadi
patine Prabu Klana Sewandana. Kang mase kang uga junjungane iku yen nemahi
perkara ruwet, iya adhine kang dadi embat-embatane di jaluki iguh lan
pitulungan.
Cekak aose babad reog kasebut prabu kalan sawandana kepingin nglamar putri
sangga langit saka Kediri (Daha) sapa maneh yen ora lumantar adhine klara
wijoyo. Nanging sang putri ngajokake syarat : njaluk seperangkat gamelan kang
ing jagad iki durung ana lan kepingin satu kewan saisine wana. Kanggo ngarak
temanten, ing tembe kanggo isi Taman Sari ing Kediri. Klana Wijoyo keprungu
sambate kang mase arep nglamar wae ndadak dhuwe panjaluk ora mokal padha wae
nampak. Saka tresnane adhine marang kang mase kang dadi junjungane. Klana
Wijoyo mathe aji ngetokake kesaktiane penjaluke putri Kediri mau bisa kinabulan
sepira bungahe Prabu Klana Sawendana bisa nuruti penjaluke syarat calon
geganthilane ati, mula banjur budhal arep nglamar menyang Daha, nanging Klana
Wijoyo kang labuh labete gedhe ora oleh ngarak kang mase, jarene ngisin-ngisini,
lara atine si adhi ora kinira sapungkure kang mase, Klana Wijoyo banjur mupus
awake dhewe. Rumangsa Gusti kanga karya jagad ora adil Klana Wijoyo ninggalake
kedhaton, lunga separan-paran. Banjur mertapa ana puncak gunung Wilis. Apa kang
di suwun lumantar pertapane, di kabulake Bethara Guru, Klana Wijoyo nampa
topeng mas lan pecut samandiman yen di sambatake segara asat, lagi di ungkul
ake manungsa wae bisa lumpuh bebayune, nanging topeng mas ora keno.
Kanggo saliyane Klara Wijoyo, lakune Prabu Klana Sawendana di arak para warok
tumuju menyang daha, lan kocapa Prabu Kertojoyo ing Kediri wis sumadya ngadhepi
apa kang bakal kedadean saka ratu Bantarangin, patih Kediri kang kondhang sekti
lan sugih ilmu yaiku Patih Singolodra, banjur perang. Prabu Klana sawedya
balane kalah yuda, malah ragane di pilara dening musuh. Kahanan kepepet iku,
Klana Wijoyo kang bagus lan sekti (Merga saka mertapa) aweh pitulungan ngerti
kang mase kang memelas iku topeng di wenehake kang mase, Klana Sawendana bali
sehat lan bagus kaya wingi-wingi. Nanging Klana Wijoyo di copot topen mas
marang kang mase, iya bali rupa kaya maune, Klana Wijoyo banjur ngadhepi Patih
Singolodra kang malih macan gedhe sakadayane pecut sekti saman diman macan di
seblak langsung klekaran mertobat. Singolodra sambat kelaran, Klana Wijoyo
thukul welase, mungsuhe diapura badan kang wujud macan mau bisa pulih menungsa.
Nanging sirahe tetep wujud macan banjur nerusake laku menyang kraton Daha
Kediri, wektu iku. Patih Singolodra wis pasrah lan ngawula marang Klana Wijoyo.
Tekane Prabu Klana Sawendana, Prabu Kertojaya (ramane putri Sangga Langit) ora
nampa panglamare. Putri kembange kedhaton mlayu sumingkir wedi marang Prabu
Klana Sawendana, di kira dupeh adhine kang ngajokake lamaran ala rupane,
kakangane uga ala, cekak cerita, Klana Wijoyo. Kasil nemokake putri ayu iku
banjur di rayu supaya enggal kondur nanging sang putri sangga langit di jak
caturan mbegegek kaya reca watu saka mandine tembunge Klana Wijoyo. Putri iku
dadi reca watu, kang ayu rupane, Prabu Klana Sawendana rena ing penggalih.
Saka perkembangane jaman reog akeh owah-owahan lan tambahan. Luwih-luwih sawise
kabentuk pemerintahan Ponorogo. Reog mundhak tambah edi ing gerak lan
panampilane. Paraga reog dumadi ratu (jupuk saka lakone Klana Sawendana)
nganggo topeng nggambarake Ratu kang bagus rupane. Patih nggambarake Klana
Wijoyo, topeng nggilani. Sirah bendol, bathuk nonong, irung gedhe, mrongos lan
rambute gimbal. Najan ala rupane, nanging sugih ngilmu kadigdayan lan luhur
budi. Patih sijine yaiku Patih Singolodra. Parangane nggunakake barongan kanthi
hiasan merak ing sirahe (dhadag merak) iki gambarke nalika nelukake Patih
Kediri kang tetep manjing sirahe macan, ragane manungsa. Banjur paraga jaranan
saiki di peragakake kaum wanita tenan loro cacahe, yen biyen bocah lanang di
pacak wadon (jenenge gemblakon) banjur penthul lan tembem, iki abdine kang mung
dadi penonton utawa pelengkap kanthi jogedan lucu.
Dene ana perangan liya kang sinebut gemblakan yaiku nom-noman
bocah lanang (durung akil baligh) kang di ruwat para warok-warok iku dhewe wong
lanang kang dhuweni ngelmu kang mumpuni. Dhuweni ati resik, dhemen tetulung
marang sapadha pokoke sarwa tinulad saka tindak-tanduke. Lan minangka pangarepe
masyarakat sarta dadi panutan. Dene sedheng sandhang panganggone wae wis
dhuweni ciri mligi, umpamane kathok, kalmbi ireng wirone amba, jarit mburi di
tekuk kaya dene dhodhot ikete wulung gandhung wujud kebo dhebleng utawa tutup
liwet sabuk stagen ubed di rangkepi sabuk cindhe rupa abang utawa biru mawa
keris miring nengen, yen mlaku wirone di cangking, lumrahe ora sandhalan utawa
sandhale kulit japitan.
Ana tembung warok lan warokan. Yen warok kasebut kaya ing dhuwur, dene warokan
paraga kang nglakoke peran warok ing kesenian reog Ponorogo ciri-cirine bedho
karo penampilan warok temenan. Ing jaman saiki kanggo ngenang perjalanane
asal-usule reog Ponorogo utawa perjalanane Prabu Klana Sawendana kang pengen
nglamar putri Sangga Langit saka Kediri (Daha) lan ngongkon utusan Klana Wijoyo
utawa patihe lan adike Prabu Klana Sawendana.
Saben pendhak sasi suro utawa tanggal 1 miturut penanggalan Jawa, nek miturut
wong Jawa kuno tanggal iki sakral banget kanggo ngumbah gaman utawa pusaka lan
biasane yen masyarakat kang manggon ono pesisire segoro banjur ngakokake ritual
larung sesaji tujuane bersyukur karo Gusti sing nggawe urip supaya lancar
menawi golek sandhang, pangan. Sing masyarakat ingkang manggen wonten
lingkungan kerajaan utawi celak kaleh panggenan keraton biasane ngakokake
ritual kir’ap sesaji sing di dongakake sesepuh keraton supados kerajaan saget
maju berkembang lan sesaji mau banjur di sedekahake kangge rakyat.
Ing Ponorogo acara nglakokake ritual saben pendak tanggal 1 suro. Sak liyane
ngakokake ritual-ritual sakral yo ngenekake Grebeg Suro yaiku ngawe cara
ngramekake acara Suro mau kota Ponorogo ngenekake acara festival Reog Ponorogo
peserta sing melu festival Reog Ponorogo sak liyane soko daerah-daerah kang cedhak
soko Ponorogo kayatha Madiun, Magetan, Ngawi lan sanes-sanesipun. Tapi peserta
reog Ponorogo mau yo nganti liyo propinsi sing nganhahi anggota paguyuban Reog
Ponorogo.
Tujuane di entenake festival Reog menika kangge ngemukake kita tentang asal-usule
Reog Ponorogo lan perjalanane Prabu Klana Sawendana, kang kepingin nglamar
putri Sangga Langit saka Kediri (Daha), nanging sang putri ngajokake syarat :
njaluk seperangkat gamelan kang ing jagad iki durung ana lan kepingin satu
kewan sak isine wana kanggo ngarak temanten ing tembe kanggo isi Taman Sari ing
Kediri. Klana Wijoyo krungu arep nglamar wae ndadak duwe penjaluk ora mokal
padha wae nampik alus. Banjur patine Prabu Klana Sawendana yaiku Patih Klana
Wijoyo matek aji ngetokake kasektene supaya penjaluke putri Kediri mau bisa
kinabulan. Festival Reog Ponorogo iku tujuane liyo kanggo nglestarekake budaya
bangsa Indonesia lan narik turis Mancanegara lan iso mbantu pemerintah kanggo
nambah sumber pendapatan negara utawa devisa.
Mulo kesenian Reog Ponorogo kudu di kembangne lan didik para pemuda-pemuda
supaya kesenian Reog Ponorogo iso di lestarikake terus lan ora punah di pangan
jaman, sebab jaman saiki kesenian Reog Ponorogo iso ugo enthek di pangan jaman
modern amarga sing dadi pathokan saiki negara Barat. Dadi kesenian Reog
Ponorogo kudu sering di enekne festival supaya akeh wisatawan lokal lan
wisatawan mancanegara.
Tapi ana warok Reog Ponorogo kang didik para bocah lanang sing durung akil
baligh kang di ruwat dening para warok. Tujuane supados bocah-bocah cilik sing
maune ora njowo carane nglakokake reog ponorogo iku lan sak thethek bengek
masalah reog ponorogo mau bocah paham. Bocah-bocah mau nek wis dewasa iso
ngembangne opo ae ilmu sing dipelajari wektu isih cilik lan ana jiwa raga
neselawase urip amarga bocah mau di ruwat karo warok lan dingembleng supados
saget nglakoni perintahe warok ora ana alangan opo-opo lan iso nglakoni
perintahe warok iso sempurna.
0 komentar:
Posting Komentar