NEPTUNING DINA
|
NEPTUNING PASARAN
|
Ahad = 5
|
Legi = 5
|
Senen = 4
|
Pahing = 9
|
Selasa = 3
|
P o n = 7
|
Rabu = 7
|
Wage = 4
|
Kemis = 8
|
Kliwon = 8
|
Jum’at = 6
|
|
Sabtu = 9
|
DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE
Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi :
Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi :
Muharram
neptunipun setunggal |
Rajab
neptunipun tiga |
Shafar
neptunipun tiga |
Sya’ban
neptunipun gangsal |
Rabi’ulawal
neptunipun sekawan |
Ramadhan
neptunipun enem |
Rabi’ulakhir
neptunipun enem |
Syawal
neptunipun setunggal |
Jumadi’lawal
neptunipun pitu |
Zulkaidah
neptunipun kalih |
Jumadi’lakhir
neptunipun kalih |
Zulhijjah
neptunipun sekawan |
Kapendhet saking neptunipun sasi
kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng ditilar
9, pinten sisanipun. Menawi sisa :
- 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-liyanipun sampun benten kaliyan dagang.
- 3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Santri.
- 1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Priyayi.
- 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan among tani.
- 9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging dipun perintah, malah mrentah.
PETUNG PANCA SUDA
WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE
Dina Ahad
|
Dina Kemis
|
Dina Senen
|
Dina Jum’at
|
Dina Selasa
|
Dina Sabtu
|
Dina Rebo
|
*Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten
ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.
PETUNG PANCASUDA
Kangge nikahake temanten.
Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:
Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:
NEPTUNING DINA
|
NEPTUNING PASARAN
|
Ahad
neptune 3 |
Legi
neptune 2 |
Senen
neptune 4 |
Pahing
neptune 3 |
Selasa
neptune 5 |
P o n
neptune 4 |
Rabu
neptune 6 |
Wage
neptune 5 |
Kemis
neptune 7 |
Kliwon
neptune 1 |
Jumat
neptune 1 |
|
Sabtu
neptune 2 |
Lamun gunggungan saka neptuning dina lan
neptuning pasaran mau tinemu wilangan :
- 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .
- 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.
- 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.
- 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.
- 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.
- 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.
SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUNPAWUKON
SA’AT TUWIN WINDU
Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata
wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten.
Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing
ngandhap punika pratelanipun dinten Samsu, Kammar, Marih, ‘Atarit, Mustari,
Johar lan Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan.
Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg
jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim,
karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing
ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa,
‘Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih.
Ing ngandhap punika etangan warsa:
- Kamal
- Sur
- Joja
- Sirtan
- ‘Asat
- Sunbullah
- Mijan
- ‘Akrab
- Kus
- Jadi
- Dalwi
- Kut
Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata
Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten,
ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5 dipun wastani
sa’at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa
angler manglar (taun 296)
Dinten 5
|
Dinten 7
|
Wanci 5 kawastanan sa’at
|
Masa 12:
|
|
|
Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton
binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit
lambang piyambak-piyambak, dipun wastani windu, panganggitipun windu, empu
tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446)
Windu anggitanipun Resi Walmiki:
|
|
|
Windu anggitanipun Resi Wisakarma :
|
|
|
Windu anggitanipun Resi Wasusarma
|
|
|
Kanjeng Nabi Muhammad S.a.w punika
inggih karsa anenulad, amastani adamel dinten utawi wulan taun, panganggitipun
nalika yuswa 33 taun, taksih jumeneng wonten ing Mekkah, sareng yuswa 40 taun
pindhah dhumateng nagari ing Madinah ing warsa Je jumeneng wonten nagari ing
Madinah 25 taun seda, lajeng kasarekaken kadhaton ing Madinah.Amangsuli cariyos
panganggitipun ing dinten wulan taun, sinangkalan : Tata pandhita gati (575)
Dinten 7 :
|
Taun 8 :
|
Wulan 12 :
|
Sumber : mastoni
0 komentar:
Posting Komentar