Kalendher Jawa
Kalendher Jawa kuwi dietung miturut saka peredharane mbulan, kaya kalendher Islam. Kalendher liya ana sing dhasare saka lakune srengenge. Miturut sajarah, sadurunge bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwe kalendher dhewe kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerane para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar peredharane rembulan (Komariah). Wiwitane pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawise tanggal 10 April yakuwi pungkasane mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwen saengga ditetepake mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saengga genep dadi rolas sasi.
Kalendher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masehi. Taun Saka padha karo Taun Masehi yakuwi didhasarake saka peredharan srengenge (Syamsiah). Kalendher Saka uga merang sataun dadi 12 sasi padha karo kalendher Pranata mangsa lan kalendher Masehi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalendher Pranata Mangsa diowahi dening Sultan Agung lan dijumbuhake karo kalendher Hijriah (Kalendher Islam).
Dina ing kalendher Jawa
Jeneng Dina
Cacahing
dina ing kalendher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadene ing kalendher Masehi
lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisane wae kang rada beda, yakuwi Ngaat,
Senen, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina
nduweni sipat utawa watek dhewe-dhewe. Dina Ngaat, wateke samudana, tegese
seneng imba-imba, dina Senen wateke samuwa, tegese kudu apik kabeh pakaryan, dina
Selasa wateke sujana, tegese sarwa ora percaya, dina Rebo wateke sembada,
tegese sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateke surasa, tegese seneng mikir
jero, dina Jemuwah wateke suci, tegese resik tingkahlakune, dene dina Setu
wateke kasumbung, tegese seneng pamer.
Arane
dina ana ing kalendher Jawa lan padhanane ing basa Jawa kuna, basa Indonesia
lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:
Tabel dina Jawa, Indonesia lan Arab/Islam
|
||||
Jeneng dina Jawa anyar
|
Jeneng dina Jawa kuna
|
Jeneng dina Indonesia
|
Jeneng dina Arab/Islam
|
Solah bulan marang bumi
|
Ngaat/Minggu
|
Adite
|
Minggu
|
Ahad
|
Meneng
|
Senen
|
Soma
|
Senin
|
Itsnayn
|
Maju
|
Selasa
|
Hanggara
|
Selasa
|
Tsalaatsa
|
Mundur
|
Rebo
|
Buda
|
Rabu
|
Arba'a
|
Mangiwa
|
Kemis
|
Respati
|
Kamis
|
Khamiis
|
Manengen
|
Jemuwah
|
Sukra
|
Jum'at
|
Jum'aat
|
Munggah
|
Setu
|
Tumpak
|
Sabtu
|
Sabt
|
Tumurun
|
Dina Mulya
Kabudayan
Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki
sawetara masarakat Jawa isih mengeti kanthi manembah marang Gusti kang gawe
urip. Dina mulya cacahe ana lima, yakuwi:
1. Siji
Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalendher
Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucen dhiri kanthi adus ing kali, sendhang,
segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyane
nanggap lan nonton wayang kulit lan liyane ana uga kang ziarah menyang
panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa medhitasi. Tanggal siji Sura uga
wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.
2. Aboge,
cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wage
(dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Aboge iki dipercaya tumuruning
"Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwe isin, beda karo
kewan.
3. Daltugi,
cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi
(dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu
Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mengeti ananing wong lanang.
4. Hanggara
Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning
"Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata
donya.
5. Jemuwah
Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegese pepak.
Para wanita wiwit nglairake jabang bayi.
Pasaran
Saliyane
dina, ing kalendher Jawa ana petungan pasaran (pancawara) kang cacahe ana lima
yakuwi Pahing, Pon, Wage, Kliwon lan Legi. Miturut petungan Jawa, saben dina
pasaran duwe watek dhewe-dhewe, yakuwi Pahing wateke melikan tegese seneng
marang barang kang katon, Pon wateke pamer, tegese seneng mamerake kang
didarbeni, Wage wateke kedher utawa kaku atine, Kliwon wateke micara yakuwi
seneng nggubah basa, lan Legi wateke komat utawa sanggup nampa werna-werna
kahanan. Kanggo cethane jeneng pasaran, makna lan parape kagambarake tabel ing
ngisor iki:
Tabel pasaran
|
||
Pasaran
|
Makna
|
Patrap
|
Pahing
|
Pait
|
Madhep
|
Pon
|
Petak
|
Sare
|
Wage
|
Cemeng
|
Lenggah
|
Kliwon
|
Asih
|
Jumeneng
|
Legi
|
Manis
|
Mungkur
|
|
|
|
Jeneng Wulan
Cacahing
wulan ana ing kalendher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterane ora padha
karo kalendher Masehi, amarga diitung miturut peredharanne bulan. Yen
dipadhakake karo kalendher Masehi, saben tahun ana geseh watara 11 dina.
Tabel wulan Jawa lan wulan Islam
|
|||||||
Jeneng wulan Jawa
|
Jeneng wulan Islam
|
Jeneng Jawa kuna
|
Makna
|
||||
Sura
|
Muharram
|
Warana
|
Rijal
|
||||
Sapar
|
Safar
|
Wadana
|
Wiwit
|
||||
Mulud
|
Rabiul awal
|
Wijanga
|
Kanda
|
||||
Bakdamulud
|
Rabiul akhir
|
Wiyana
|
Ambuka
|
||||
Jumadilawal
|
Jumadil awal
|
Widada
|
Wiwara
|
||||
Jumadilakhir
|
Jumadil akhir
|
Widarpa
|
Rahsa
|
||||
Rejeb
|
Rajab
|
Wilapa
|
Purwa
|
||||
Ruwah
|
Sya'ban
|
Wahana
|
Dumadi
|
||||
Pasa
|
Ramadhan
|
Wanana
|
Madya
|
||||
Sawal
|
Syawal
|
Wurana
|
Wujud
|
||||
Sela
|
Dzulkaidah
|
Wujana
|
Wusana
|
||||
Besar
|
Dzulhijjah
|
Wujala
|
Suwung
|
Umur
saben sasi (wulan) ing kalendher Jawa beda-beda, yakuwi ana kang umur 29 dina
lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip),
katelu (Jimawal), kaenenm (Be) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka
taun kaloro (Ehe), kapapat (Je) lan kawolu (Jimakir), dene klompok katelu
dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethane pirsani tabel ing ngisor
iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah
(Kalendher Sultan Agung)
|
|||||||||
Jeneng wulan Jawa
|
Jeneng wulan Islam
|
Taun Jawa
1,3,6,7 |
Taun Jawa
2.4.8 |
Taun Jawa
5 |
|||||
Sura
|
Muharram
|
30
|
30
|
30
|
|||||
Sapar
|
Safar
|
29
|
29
|
30
|
|||||
Mulud
|
Rabiul awal
|
30
|
30
|
29
|
|||||
Bakdamulud
|
Rabiul akhir
|
29
|
29
|
29
|
|||||
Jumadilawal
|
Jumadil awal
|
30
|
30
|
29
|
|||||
Jumadilakhir
|
Jumadil akhir
|
29
|
29
|
29
|
|||||
Rejeb
|
Rajab
|
30
|
30
|
30
|
|||||
Ruwah
|
Sya'ban
|
29
|
29
|
29
|
|||||
Pasa
|
Ramadhan
|
30
|
30
|
30
|
|||||
Sawal
|
Syawal
|
29
|
29
|
29
|
|||||
Sela
|
Dzulkaidah
|
30
|
30
|
30
|
|||||
Besar
|
Dzulhijjah
|
29
|
30
|
30
|
Cathetan:
Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo
Wage tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senen
Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret
1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyane, pirsani Kurup
Jeneng Taun
Taun
Jawa cacahe ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut
windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi:
windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana
sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan
asli Jawa kayadene pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan
sapanunggalane), sarta Primbon lan petungan Jawa liyane. Bisa nglestarekake
kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani
kabudayan Jawa, uga nyelaraske karo petungan Arab kayadene penanggalan Hijriyah
kanggo nggampangake mengeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang
luwih spesifik yakuwi yen tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengake
taun Sukraminangkara (taun urang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina
Setu, dijenengake taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateke: sithik udan.
Yen tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengake taun Ditekalaba (taun
klabang), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Senen, dijenengake taun Somawertija
(taun cacing), wateke: sithik udan. Yen tiba dina Selasa, dijenengake taun Anggarawrestija
(taun kodok), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Rebo, dijenengake taunBuda-wiseba
(taun kebo), wateke: akeh udan. Yen tiba dina Kemis, dijenengake taun Respati-mituna(taun
mimi), wateke: akeh udan.
Jeneng
lan umure taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:
§ Alip
(Purwana), umure 354 dina
§ Ehe
(Karyana), umure 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)
§ Jimawal
(Anama), umure 354 dina
§ Je
(Lalana), umure 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
§ Dal
(Ngawanga), umure 355 dina
§ Be
(Pawaka), umure 354 dina
§ Wawu
(Wasana), umure 354 dina
§
Jimakir
(Swasana), umure 355 dina
Kurup
Kurup
kuwi wektu sing lawase 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng
kurup antara liya:
§ Kurup
Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas
dina Jemuwah.
§ Kurup
Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina
Kemis.
§ Kurup
Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage).
Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wage tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara ,
wuku Kulawu lan rampung ing dina Senen Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866
windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
§ Kurup
Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa
Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku
Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29
Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus
2052 Masehi.
§ Kurup
Isneniyah sing diwiwiti dina Senen Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku
Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29
Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
§ Kurup
Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina
Ngaat.
§ Kurup
Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina
Setu.
Referensi
1. Upacara
Pengantin Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. lan Dra. Enis Niken H., M.Hum, Penerbit
Panji Pustaka Yogyakarta, 2007. ISBN 979-25-2725-9.
2. Joglosemar:Javanese
Calendar and its Significance to Mystical Life
3. Ritual
pengetan Siji Sura ing sawetara panggonan
4. Blog
Semaransanta
5. Umur
anyar sawise dijumbuhake karo penanggalan Hijriah
6. Penanggalan
Jawa 120 Tahun Kurup Asapon dening H. Danudji, Dahara Prize,
Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4
7. Sirus
Ki Demang: Penanggalan Jawa
http://jv.wikipedia.org/wiki/Kalendher_Jawa
0 komentar:
Posting Komentar