Bathara Bayu duwe siswa pitu ing arcapada
Bathara Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang
Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang
nomer papat.
Tembung pawana ateges angin, dene tembung bayu ateges
kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan Panglawung. Sisihane
asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.
Bathara Bayu lan Dewi Sumi miturut andharan ing buku
Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, peputra Bathara Sumarma, Bathara
Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Prabu Drupada raja nagara
Pancala lan Resi Drona turun temurun mujudake keturunane Sanghyang Bayu.
Saliyane putra cacah papat asil palakrama kalawan Dewi
Sumi, Bathara Bayu uga duwe siswa cacah pitu kang wus dianggep kaya putrane
dhewe. Siswa pitu iku kondhang sinebut Bayu Pitu.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa
Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Hargana SW lan Muh Pamungkas Prasetyo
Bayu Aji, weton Cendrawasih, siswane Bathara Bayu kang cacah pitu iku yaiku
Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra, raseksa Bismuka, Gunung Maenaka
lan Garuda Kagapati.
Naga Kanetra njilma marang Arya Bima utawa Werkudara,
raseksa Bismuka njilma marang Ditya Jajagwreka lan Garuda Kagapati njilma
marang Anoman.
Ing jagad pedhalangan kang kondhang mung Bayu Lima,
yaiku Bayu Kinara (Anoman), Bayu Anras (Ditya Jajagwreka), Bayu Kanetra (Gajah
Setubanda), Bayu Langgeng (Gunung Maenaka) lan Bayu Mangkurat (Arya Werkudara).
Bathara Bayu nate tumurun ing arcapada utawa bumi lan
dadi raja ing nagara Medhanggora, jejuluk Sri Maharaja Bhoma. Nalika
ngejawantah sepisanan nuhoni prentahe Bathara Nihoya, Sanghyang Bayu sinebut
Arya Suksena. Sawise nglenggahi dampar keprabon ing krajan Medhanggora jejuluk
Maharaja Bhoma, dene patihe asma Arya Bhana.
Bathara Bayu uga nate antuk jejibahan paring bebana
marang Raden Bratasena utawa Werkudara lan Raden Anoman. Nalika iku Werkudara
lan Anoman nembe lair utawa ngadhepi lair ing alam donya.
Nalika iku, Dewi Anjani (ibune Anoman) nembe tapa
kungkum utawa tapa matirta ing sanjerone tlaga Madirda. Wektu tapane Dewi
Anjani mbarengi plesirane Bathara Guru kang nitih lembu Andhini.
Nalika tumeka ing sandhuwure tlaga Madirda, Bathara
Guru weruh pupune Dewi Anjani, Wusanane tuwuh greget birahine Bathara Guru kang
ndadekake tibane kamane Bathara Guru ing sandhuwure godhong kamal utawa godhong
asem.
Godhong asem kang ketiban kamane Bathara Guru iku keli
lan dijupuk dening Dewi Anjani kang tapa matirta ing tlaga iku. Dening Dewi
Anjani, godhong asem iku dipangan nganti entek.
Kedadeyan iku ndadekake Dewi Anjani nggarbini. Resi
Gotama kang dumunung ing pertapan Grestina kaget banget weruh kahanane Dewi
Anjani kang dumadakan ngandhut jabang bayi iku, kamangka durung tau sesambungan
kalawan priya ngendi wae.
Resi Gotama kang bingung banget iku wusanane ditemoni
dening Sanghyang Bayu lan njlentrehake larah-larahe sang Dewi Anjani dumadakan
ngandhut jabang bayi. Bathara Bayu ngucap janji bakal nggulawentah putrane
Anjani yen wus lair lan bakal paring busana kadewatan marang bayi putrane
Anjani iku.
Sawise Dewi Anjani nglairake bayi kang awujud wanara
putih, bayi iku banjur digendhong lan digulawentah dening Sanghyang Bayu. Bayi
iku banjur diparingi jeneng Maruti, tegese putra siswane Bayu. Dene Bathara
Guru paring jeneng Anoman.
Dene mula bukane Bima putrane Kunthi dadi putra
siswane Hyang Bayu kawiwitan nalika Dewi Kunthi, prameswarine Prabu
Pandudewanata nglairake bayi bungkus kang sabanjure diguwang ing alas
Mandalasara.
Sanghyang Bayu banjur ngirimake busana bayi ing
sanjerone bungkus kang arupa pupuk mas rineka jaroting asem, sumping pudhak
sinumpet, anting panunggul warih, sangsangan naga banda, kelat bahu balibar
manggis, gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu, paningset cinde bara
binelah lan porong dapur nagaraja.
Tekan titiwancine bayi Bratasena metu saka bungkuse
lumantar polahe gajah aran Dwipangga Sena. Gajah saka alas iku mecah bungkuse
bayi lan Raden Bratasena metu ing wujud dewasa. Putrane Pandhu iku banjur
diangkat dadi putra siswane Sanghyang Bayu.
Nalika Bima antuk jejibahan ngupadi kayu gung susuhing
angin amarga panjaluke Resi Durna, dheweke munggah tekan pucuking gunung
Reksamuka lan ketemu kalawan raseksa kembar aran Rukmuka lan Rukmakala.
Raseksa loro iku sejatine Sanghyang Indra lan
Sanghyang Bayu kang arep paring benara ali-ali Druendra marang Arya Bima,
mesthi wae kanthi sarana paprangan luwih dhisik. Kedadeyan paringang ali-ali
Druendra iki dicritakake ing lakon Bratasena Meguru utawa lakon Dewa Ruci
riptane Sunan Kalijaga.
0 komentar:
Posting Komentar