ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Karahayon, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah
anumrapa dhumateng kawula dalah panjenengan sami.
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para
pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi saha
kinabekten.
Panjenenganipun para sarjana sujaning budi, para
priyagung pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes
katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang mitra, wredha mudha ingkang sinudarsana
sumrambahipun dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang
dhahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken
sewu agunging pangaksama, mugi pinaringna kawula hambuka wiwaraning suka,
wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil
kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awit mradapa
keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa Karta,
kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken
menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang
kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoging manah saha karoban ing sih
panjenengan sami, panjenganipun Bapa Karta boten kuwani matur piyambak, jrih
menawi boten saged kawiyosing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, pramila
lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing
karti gatining sedya, keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken
puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun
kepareng paring rahmat saha nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning
bebrayan agung, mugi Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
kawula dalah panjenengan sedaya, kacihna kawula dalah panjenengan saged
hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal
manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos
hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng penjenenganipun Bapa Karta,
anggenipun angrankit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa
winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan
madyaning pawiwahan prasaja ing siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa
Karta ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa
pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara,
menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing
palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning
pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa
Karta hangaturi rawuh panjenengan, bilih panjenenganipun Bapa Karta hanetepi
darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenyaputrinipun
ingkang sesilih Rara Suliyem, dhaup kaliyan Bagus Suranta, putra kakungipun
Bapa Patma, ingkang pidalem ing Girimarto. Ingkang sampun kalampahan ijab
miturut satataning agami miwah nagari, panggih miturut satataning adat
widhiwidana ingkang sampun lumampah ing mriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda
nir ing sambikala. Ingkang punika Bapa Karta, mawantu-wantu panyuwunipun wonten
ngarsa panjenengan sami, mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung
puja hastawa, puji hastuti dhumateng panganten sarimbit, anggenipun badhe
lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya
ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal
keparingan pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi prajanjen Brayat
Rinancang.
Pangkur, laras pelog pathet nem
Piwelingku marangsira,
Haywa lali sembah bekti mring Gusti,
Meminta pituduh luhur,
Ambangun bale wisma,
Mugi tansah ayem tentrem atut runtut,
Bagya mulya kang sinedya,
Rahayu ingkang pinanggih.
Salajengipun, kaleksanan pahargyan ing kalenggahan
punika saged kalampahan karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong
mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun paring pisumbang awujud
punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggemanipun Bapa
Karta, ingkang punika Bapa Karta ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan. Mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, supados
pikantukka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning
bojakrama ingkang mboten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang
kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh,
anggen kula hanampi menggah rawuh panjenengan sami, mugi lumeberana sih samudra
pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka talanging atur, tartamtu
kathah kalepatan anggen kula matur, kirang arum anggen kula ngrakit basa saha
tebih saking subasita, sedaya punika awit kiranging seserepan dhumateng badan
kawula, pramila kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun ngapura.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamua’laikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar