AUM AWIGNAM NASTU NAMAS SIDDAN
Tegese
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
Ing
kono yen sira mambu gonda amis, kaya ambune getih nalika lahire jabang bayi,
iki mertandani yen isih eling marang bab kadonyan kayata : eling marang donya
branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng dalan kang tumuju marang
kasampurnan sejati.
Yen
mambu batin iki tegese isih eling marang anak putune utawa para sadulure lan
mitrane, iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati yaiku godane ari ari
(bing-bing).
Yen
mambu wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe goda wangur iki tegese
isih emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu raguning pangerti kang tumuju
marang sampurnaning pati.
Yen
gonda wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena pengaruhe gonda wangi iki
martandani isih eling marang Allah, iki gawe salah panganggep ing tujuane
kasampurnan.
Yen
mambu sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku tanda yen isih eling lan
ngakoni dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane dumadi, mulih marang mula
mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese : A = Aku, I = Iki,
U = Urip, O = Oleh (nompa), E = Eklas, rahmat.
Dadi
aksara suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing alam donya
nganti tumeka ing watesing alam akerat.
Ana
ing wektu iki kang den arani sa’at “sakratil mauti”, wancine ngaleh enggon,
waktu pisahe jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu nata badan patitis, kaya kang
jinarwa ing wulangan Semadi, kayata : sumelehing badan, lakune napas,
pamelanging cipta lan sapiturute bener inggal lakuning rasa lan pangrasa ora
gumyur, ing kono wayahe wahyunira wis katon ngegla tanpa warana banjur ngucapa
mantram mangkene :
Ashadu
kahanan Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya Ingsun kang
nuhokake marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena ing pati, dhatles
tan ana krasa.
Ooooooooooo000000000000oooooooooo
0 komentar:
Posting Komentar