Carane diskusi
kang bener
Salah sawijine
cara kanggo nggolek solusi ngrampungake masalah yaiku kanthi anane diskusi,
kanthi anane dialog tuker pikiran lan wawasan, masalah kang angel bisa olih
dalan solusi kanggo ngrampungi masalah kanthi adil lan ora ngrugiake salah
sijine pihak. Proses diskusi bisa mlaku kanthi efektif bilih kabeh peserta
diskusi nyadari hakikat diskusi lan nyekel seret prinsip-prinsip diskusi.
Babagan kang wigati lank kudu diperhateake nalikane diskusi ing antarane yaiku
:
1. Diskusi
minangka forum ilmiah kanggo tuker pikiran lan wawasan sajrone nggolek solusi
permasalahan kang diadepi bareng-bareng. Diskusi dudu forum kanggo mbagi
pengalaman (sharing), curhat, kepentingan (musyawarah) utawane ilmu (mulang).
2. Sajroning
diskusi kudu ana dialog intelektual lan ilmiah, ora kena emosional lan egois,
sahingga bisa olih pikiran kang rasional lan obyektif.
3. Diskusi iku
forum resmi,formal lan terbuka. Mula kudu nganggo bahasa kang bisa dingerteni
ing kabeh peserta diskusi.
4. Diskusi
mlaku sajroning suasana kang tertib, teratur lan terarah ndueni tujuan kang
jelas, mula perlu anane intrumen diskusi ing antarane : ketua / moderator,
notulis, lan tata tertib.
Diskusi
dianggep urip nalika kabeh peserta melu aktif tuker pikiran ora didominasi siji
utawa loro pikiran wae. Inti saka kegiatan diskusi yaiku anane proses tuker
pikiran antarane peserta siji lan sijine. Peserta diskusi dipun arep-arep bisa
ngetoake pendapate tumrap masalah kang ana,selanjute pendapat iku kudu
ditanggapi dening peserta liya. Akeh cara kanggo nanggapi pendapat iku,bisa
kanthi nakoake maksud lan tujuane, setuju apa ora setuju, ndukung apa nolak,
lan liya liyane.
Anane pendapat
kang metuiku babagan positip sajroning diskusi, tambah akeh pendapat,gawe
proses diskusi dadi tambah urip lan regeng lan dinamis. Nanging senajan akeh
tanggapan, iku ora dadi jaminan hasil kang apik jumbuh karo tujuane diskusi.
Iku bisa kedadian nalika pendapat kang disampeake peserta iku ora jelas tujuan
utawa dalile. Mula nalika diskusi,kabeh pendapat lan tanggapan kudu ndueni alas
an kang tinemu akal, lan ndueni dalil. Kang paling penting, pendapat kudu
disampeake kanthi sopanlan bahasa kang becik lan efektif.
0 komentar:
Posting Komentar