MAKALAH BASA
JAWI
DONGENG
MINANGKA PIWULANGAN BUDI PEKERTI
DIPUNDAMEL KAGEM NJANGKEPI TUGAS BASA JAWI SEMESTER 2
KELAS XII
Dening:
Fatmawati N.
XII Imersi / 11
SMA N 1 KLATEN TAHUN AJARAN 2008/2009
PENGESAHAN
Makalah punika sampun disahaken,
Tanggal :
Papan :
Kepala Sekolah SMA N 1 Klaten
Drs. Widiarto, M. Pd.
NIP. 131780204
|
Guru Basa Jawi
Drs. Sugiri
|
MOTTO
- Aja dumeh.
- Eling lan Waspada.
- Dadia kaya uwit ing pinggir dalan, nadyan dibalang watu ananging malah aweh uwoh.
- Dijiwit dadi kulit, dicetot dadi otot.
- Bekti dumateng Allah, tiyang sepuh, guru, lan sederek.
TULISAN
PUNIKA KAGEM
- Sedaya tiyang ingkang mbetahaken piwulang Budi Pekerti.
- Utaminipun sedaya tiyang enem (pemuda/i Indonesia) kagem kemajuan moral lan Budi Pekerti.
ATUR SAPALA
Ingkang sepisan
kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan
rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken
tulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan
punika.
Wonten makalah
punika kula nyariosaken babagan Tirta Purwitasari, ingkang wonten penggalih
kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan urip lan budi pekerti.
Wonten ing
jaman sapunika, mboten ekonomi kemawon ingkang
ngalami krisis, ananging moral lan budi pekerti ugi krisis. Korupsi wonten
pundi-pundi, kriminal, lan sapanunggalanipun.
Awit
saking punika kula milih cariyos Tirta
Purwitasari. Wonten mriku dipuncariyosaken
pripun sejatosipun manungsa
lan nepsunipun, ugi babagan sipat kesetriya ingkang kedah dipun gadhahi kula
panjenengan sedaya.
Mugi-mugi
tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika
saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun
pangapunten.
Matur nuwun.
Penulis,
Fatma
DAFTAR ISI
Judul
|
1
|
Pengesahan
|
2
|
Motto
|
3
|
Tulisan Punika Kagem
|
3
|
Atur Sapala
|
4
|
Daftar Isi
|
5
|
Bab I Pambuka
|
6
6
7
|
Bab II Isi
Analisa
Analisa
|
8
8
10
14
16
|
Bab III Panutup
Pepuntaning
Rembak
Daftar Kapustakan
|
18
18
19
|
BAB I
PAMBUKA
- LATAR BELAKANG
Dipuntingali
saking psikologis tiyang enem ugi tiyang sepuh remen kaliyan cariyos utawi
dongeng. prakawis punika saget dipunbuktekaken nalika seminar, pengajian lan
wonten kelas, sedaya tiyang langkung midangetaken.benten menawi njlentrehaken
babagan ngelmu alam, mesthi kathah tiyang ingkang ngendika piyambak-piyambak
lan dados rame.
Tiyang sepuh
mawon remen kaliyan dongeng punapa malih lare alit. ngagem dongeng, kulo
panjenengan sedaya saget mucal lan njumbuhaken budi pekerti. ingkang dados
prihatin cacahipun tiyang sepuh ingkang nyariosaken dongeng kagem putra
putrinipun naming sekedhik. Kamangka budi pekerti kedhah dipun tandur awit
saking alit, penelitian mbuktekaken menawi yuswo sangandhapipun 5th,
lare bakal niru lan ngemut-emut menapa kemawon ingkang lare punika mireng lan
pirsani.
Wonten ing tembang kinanti
dipuncariosaken
Kang aran berbuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kepinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kesucigihan
Nanging mung sucining ati
Lan wonten
sesanti ingkang uninipun
Manungsa punika kadosta wayang, manut dumatheng dhalang ingkang
nglampahaken.
Sae, ala, mulia, lan angkara dados rasukanipun gesang ingkang kedhah
dipunadhepi.
Ananging kamulyan lan keluhuran budi sejati bakal ngawonaken angkara, iri,
lan dengki.
Menungsa ingkang adiluhung punika, santun ing pitutur, solah bawa, lan
ikhlas makarya.
Tiyang ingkang paling bungah inggih punika tiyang ingkang eling lan waspada
Saking tembang lan sesanti punika, saget disimpuleken menawi budi pekerti
punika kautamaning gesang. budi pekerti kedhah dipun tandur awit saking alit,
supados benjang dados tiyang ingkang wasis, lan nggadhahi budi pekerti ingkang
sae.
Ananging wonten jaman sakmenika indonesia sampun krisis budhi pekerti.
Amargi punika penulis gadhah kekarepan supados pelajaran budhi pekerti wonten
ing basa jawi saget dipundadosaken piwulangan ingkang kautaman kagem ndhidhik
budi pekerti.
Lewat tulisan punika penulis nyobi njlentrehaken piwulangan budhi pekerti
wonten ing dongeng.
- ANCAS :
- Makalah punika dipundamel kagem njangkepi tugas akhir basa jawi semester 2 kelas XII.
- Saget dadosaken piwulangan budi pekerti kagem kulo lan panjenengan.
BAB II
ISI
- ANDHE-ANDHE LUMUT
Wonten ing Kraton Jenggala Manik,
Prabu Lembu Amiluhur rumaos sumelang amargi putrinipun Galuh Candra Kirana
kaliyan putra mantunipun Panji Asmara Bangun mbonten dipun mangertosi wonten
pundi, tiyang kalih punika tindak ninggalaken Kraton Jenggala Manik mboten
pamit, pramila ndamel sumelangipun Prabu Lembu Amiluhur.
Prakawis punika minangka wadinipun
nagari ingkang mboten paring keprungu dening negari sanes. Amargi menawi
keprungu, Parbu Lembu Amiluhur rumaos lingsem kawirangan. Lajeng sang prabu
pesen dumateng Patih Kudonowarsa kaliyan prajuritipun Puthut Jenggolono supados
mendhem jero babagan prakawis punika. Ampun ngantos negari sanes mireng.
Setunggaling dinten wonten ing
Jenggala Manik, rawuh tamu saking negari Jomparan inggih punika Prabu Krana
Jatisura utusanipun Prabu Krana Sura Wibawa. Rawuhipun Prabu Krana Jatisura
punika kagem nglamar putrinipun Prabu Lembu Amiluhur inggih punika Galuh Candra
Kirana. Menawi lamaripun dipuntampik Kraton Jenggala Manik bakal dipun
obrak-abrik.
Mireng aturipun Prabu Krana Jatisura
ingkang murang tata punika, Puthut Jenggolono duka, lan prang tandhing
antaranipun Puthut kaliyan Prabu Krana Jati mboten saged dipunselakaken malih.
Mangertos kahanan punika Prabu Lembu Amiluhur enggal misah lan mutusi perang
punika.
Kanthi swanten ingkang manteb lan
awibawa Prabu Lembu Amiluhur ngendika menawi Galuh Candra Kirana punika tindak
ninggalaken Kraton Jenggolo lan mboten dipun mangertosi wonten pundi
piyambakipun. Lajeng Prabu Lembu Amiluhur ngawontenake patembayan sinten
kemawon ingkang seged nemokaken Galuh Candra Kirana, menawi estri
dipundadosaken sederek sinarawedhi menawi kakung dipundadosaken garwanipun.
Lajeng Prabu Krana Jati
enggal-enggal kondur dhateng negarinipun inggih punika negari Jomparan. Prabu
Krana Jati sowan wonten ngarsanipun Prabu Krana Sura Wibawa, panjenenganipun
ngendika babagan patembayan Prabu Lembu Amiluhur.
Saking bungahipun lejeng Prabu Krana
Sura ngutus Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju Kraton
Jenggala, kanthi ancas ampun ngantos wonten tiyang sanes ingkang mlebet Kraton
Jenggala lan ndherek patembayan kala wau.
Cekakipun cariyos, Kleting Kuning
ngenger dumateng Mbok Randa Dhadhapan wonten mriku gesangipun Kleting Kuning
rekaos sanget. Piyambakipun dipun pulasara dening Kleting Abang, Kleting Wungu,
Kleting Biru, lan Mbok Randa Dhadhapan.
Setunggaling dinten Kleting Kuning
dipundhawuhi ngisahi dandang ingkang cemeng sanget ngantos pulih kados enggal
lan ngebaki kranjang ngagem godhong-godhongan.
Sanajan mokal Kleting Kuning tetep
ngayahi punapa ingkang dados panyuwunanipun embokipun minangka bukti baktinipun.
Saking awratipun Kleting Kuning nangis sesenggukan ngantos ngucap supata.
Sinten kemawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun
menawi estri dipun dadosaken sedulur sinarawedhi, menawi kakung dipun dadosaken
garwanipun.
Supatanipun Kleting Kuning
dipunpirengaken Bango Thongthong ingkang ageng sanget. Bango Thongthong punika
saguh ngebaki lan ngenggalaken dandangipun. Sasampunipun numindakaken gawean
kala wau, Bango Thongthong nagih janjinipun Kleting Kuning. Ananging Kleting
Kuning mboten purun dados garwanipun kewan. Kleting Kuning gadhah akal.
Piyambakipun gadhah panyuwun kagem nguji katresnanipun Bango Thongthong. Bango
Thongthong nyuguhi. Kleting Kuning badhe ngetok pupu lan swiwinipun. Bango
Thongthong taksih gesang. Lajeng dipun tugel gulunipun. Bango Thongthong lajeng
brebah dados Bathara Narada.
Kleting Kuning lajeng dipunparingi
pusaka sada lanang lan dipunparingi ngertos menawi ing Desa Pasirepan wonten
Jaka Tiban asmanipun Raden Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun saking lepen, Kleting
Kuning wicanten menawi piyambakipun badhe ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut.
Ananging Mbok Randha mboten ngidini. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun
sampun bidhal kagem ngunggah-unggahi. Amargi Kleting Kuning meksa, Mbok Randha
lajeng ngidini kanthi sarat Kleting Kuning dipunpacaki awon lan gandanipun
bacin. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun dipaesi ayu lan wangi.
Sampun sautawis mlampah, Kleting
Abang sasederekipun diadhang ditya yuyu kangkang. Yuyu kangkang purun
nyabarangaken Kleting Abang sasederekipun menawi dipunopahi. Kleting Abang
saguh ngopahi lan yuyu kangkang purun nyabrangaken.
Ananging nalika giliranipun Kleting
Kuning, yuyu kangkang mboten purun nyabrangaken, lajeng Kleting Kuning
nyabetaken pusaka sada lanang. Yuyu kangkang nyuwun pangapunten lan Kleting
Kuning nyabrang.
Wonten ing Desa Pasirapan, Kleting
Abang dipun tampik dening Andhe-andhe Lumut, amargi sampun nate dipungendhong
kaliyan yuyu kangkang. Benten malih kaliyan Kleting Kuning. Kleting Kuning
dipun tampi dening Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun mandhap Andhe-andhe
Lumut lan Kleting Kuning sami-sami kaget. Amargi satemenipun Raden Andhe-andhe
Lumut punika Panji Asmara Bangun lan Kleting Kuning punika Galuh Candra Kirana.
Pungkasanipun Panji Asamara Bangun
lan Galuh Candra Kirana wangsul dhateng Kraton Jenggala.
ANALISA
Andhe-andhe lumut punika sarat piwulang kagem tiyang enem utaminipun lan
tiyang sepuh ugi lare alit.
Cariyos punika dipunwiwiti nalika Galuh Candra Kirana lan garwanipun medl
saking keraton Jenggala Manik lan mboten dipunsumurupi panggenanipun. Amargi
punika Prabu Lembu Amiluhur dhawuh kaliyan abdinipun supados mendhem jero
prakawis punika. Patih Kudonowarsa lan prajuritipun Puthut Jenggolono
ngleksanaaken sabda kala wau kanthi sae. Tumindak Patih Kudowarsa lan
parjuritipun kala wau pantes dipuntuladhani menawi kula panjenengan sedaya
kedah mikul dhuwur lan mendhem jero prakawis-prakawis ingkang ndamel
lingsemipun keluarga, masyarakat, utawi organisasi. Ananging mboten lajeng
nutup-nutupi prakawis korupsi, punika sampun beten prakawis.
Satunggaling dinten wonten tamu ingkang murang tata asmanipun Prabu Krana
Jati. Ancasipun Prabu Krana Jati punika kagem mboyong Galuh Chandra Kirana.
Tumindakipun ingkang murang tata punika ndamel dukanipun Puthut Jenggalana.
Prabu Krana Jati punika naming tamu ananging wantun nantang Prabu Lembu
Amiluhur. Sejatosipun tamu punika kedah sopan lan kurmat dumateng ingkang
kagungan dalem.
Cekaking cariyos Kleting Kuning ingkang dipundhawuhi mbok Randha
ngenggalaken dandang lan ngebaki kagem godhong. Amargi sampun mboten kiat
Kleting Kuning ngucap supata sinten kemawon ingkang saged mbiyantu piyambakipun
badhe dipun dadosaken sedulur/garwa. Mboten dangu wonten bango thonthong
ingkang saged mbiyantu Kleting Kuning. Nalika bango thonthong nagih janji,
Kleting Kuning mboten purun dados garwanipun kewan lan pados akal supados saged
uwal saking bango thonthong. Lajeng bango thonthong njalma dados dewa ingkang
maringi gaman sada kagem Kleting Kuning. Tumindakipun Kleting Kuning punika mboten
sae. Piyambakipun sampun janji lan bango thonthong sampun nulungi. Ananging
amargi bango thonthong punika kewan, Kleting Kuning pados alesan supados uwal
saking supatanipun piyambak lan bango thonthong.
Mireng wonten Jaka Tiban, Kleting Kuning, Biru, lan Abang pengin
ngunggah-unggahi ananging mbok Randha ngidinaken Kleting Kuning, menawi Kleting
Kuning badhe ngunggah-unggahi piyambakipun kedah dipun leleti telek. Kleting
Kuning saguh wonten ing tengah margi. Kleting-kleting kala wau dipun cegat yuyu
kangkang, yuyu kangkang purun nyabrangaken kanthi sarat dipunopahi. Kleting
Abang sak sederekipun saguh ananging yuyu kangkang mboten purun nyebrangaken
Kleting Kuning, amargi Kleting Kuning elek. Ngagem sada lanang yuyu kangkang
dipun pecut lan purun nyabrangaken Kleting Kuning tanpa sarat.
Wonten ing ngarasanipun Jaka Tiban kala wau (Andhe-andhe Lumut), Kleting
Abang sak sederekipun dipun tampik amargi sampun nate dipun gendong yuyu
kangkang. Ananging Kleting Kuning dipun tampi amargi taksih suci. Punika nyariosaken
menawi kasucining dhiri punika penting saged kagem para wanita. Pramila dados
wanita punika kedah njagi kasucining dhiri kagem garwanipun.
PIWULANG
Maos cerita wonten nginggil kathah piwulang
ingkangsaged dipunpendhet.
- Abdi dalem punika kedah saged mikul dhuwur lan mendhem jero lan setya dhateng rajanipun. Prakawis punika saged dipunpersani wonten ing lakon Patih Kudowarsa lan Puthut Jenggolono. Langkung-langkung Puthut Jenggolono nalika mireng aturipun Prabu Krana Jati ingkang murang tata. Puthut Jenggolono duka lan perang tandhing mebla reja lan negarinipun.
Wonten ing kasunyatan ing jaman
sapunika sekedhik pegawe ingkang setya dhateng pimpinanipun. Tuladhanipun: usum
pemilu punika kathah kader PDI ingkang pindhah partai utawi malah ndamel partai
piyambak. Punika mbuktekaken menawi kasetyan punika angel dipunwujudaken naming
tiyang tartamtu ingkang saged njagi kasetyanipun.
- Sipat Prabu Krana Jati sura ingkang murang tata minangka piyambakipun punika tamu. Sipat punika ndamel dukanipun Puthut Jenggolono. Amargi punika, nalika mertamu kala panjenengan sedaya kedah njagi tata krama, supados mboten ndamel dukanipun tiyang ingkang dipun sowani.
- Prabu Krana Sura wibawa. Ingkang ndhawuhi Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju kraton jenggala kanthi ancas mboten wonten tiyang ingkang mangertos patembayan kala wau. Saengga Prabu Sura mboten wonten sainganipun.
Punika mboten pantes dipuntuladhani
amargi warta punika hakipun tiyang kathah.
- Ampun gampil medalaken supata. Saged-saged supata punika ndamel cilakanipun piyambak. Kados supatanipun Kleting Kuning ingkang badhe ndadosaken sedulur sinarawedi/sisihanipun sinten kenawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun. Lajeng wonten bango thongthong ingkang saged mbiyantu, ananging Kleting Kuning malah mboten purun dados sisihanipun lan pados akal supados saged uwal saking kewan kala wau.
- Dados tiyang estri punika kedah saged njagi kasucining dhiri kagem garwanipun. Wonten nginggil dipun cariyosaken menawi Andhe-andhe Lumut nampik Kleting Abang saderekipun amargi sampun dipun gendhong yuyu kangkang.
- Menawi sampun jodho alangan punapa kemawon saged dipun adhepi.
- MERAK LAN KANCIL
Merak punika
remen macak. Awit saking punika merak tansah nengsemaken. Wulunipun katon edi,
ndamel resep ingkang sami mirsani. Awit saking punika tangga-tepalihipun sami
sowan omahipun Merak kagem sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin
supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” aturipun Kancil dhateng
Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang
Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,”
wangsulanipun Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara
kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” wangsulanipun merak tanpa
linandhesan raos umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?”
pitakonipun Kancil.
“Tangeh lamun,
Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran
kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulanipun Merak. “Karo maneh kabeh sing
tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana
ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu
soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
ananging Kancil
sajak kemeren mirsani kaendahan wulunipun Merak. “Piguna apa?” Sasampunipun megeng napas sawetawis lajeng nggrundel,
“Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya
wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!” “Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe.
Nanging ora kok, Cil!” aturipun Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe!
Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan,
wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan
kathah-kathah Merak anggenipun ngandhani, ananging mboten saged mbendung
pepenginanipun Kancil nggadahi wulu kados wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu
kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!”
aturipun Kancil setengah meksa.
Merak
gedheg-gedheg gumun kaliyan kekarepanipun Kancil. “Saupama bisa, terus mengko
kowe dadi kewan apa?” pitakonipun Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep
ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakonipun Kancil mboten sabar.“Bisa
wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bingah. “Ndang
dipasang!” panyuwunipun kesesa.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane
wuluku lan wulu-wulune wargaku.” “Terus kapan?” “Udakara rong mingguan.” “Tak
tunggu, Rak”. Wangsulanipun Kancil lajeng nerasaken lampahipun. Merak naming
mirsani kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa
metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi
piwulang marang dheweke”. Ngantos dinten ingkang sampun dipunjanjekaken,
enjing-enjing Kancil sampun dugi omahipun Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong
minggu!” “Beres!” Wangsulanipun Merak sinambi nata wulu-wulu ingkang sampun
dipunkempalaken, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake!
Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang
minangka kanggo nemplekake ing badanmu!” “Wis gek ndang dipasang nyang awakku!”
Aturipun Kancil sinambi lenggah dhingklik sacelakipun Merak. Merak lajeng
ngoser-oseri sedaya kulitipun Kancil ngagem tlutuh karet.
Bareng kawawas mboten
wonten ingkang kantun keri, baka setunggal Merak nemplekaken wulu-wulu kados
kebetahanipun. Wulu gulu ditemplekaken ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil
ing sikil, dene wulu buntut ugi dipunpasang ing buntutipun Kancil. Sedinten
natas, sedaya wulu sampun kapasang. ”Rampung, Cil,” criyos Merak mesem. “Kae
ana pengilon, ndang ngiloa!” Kancil lajeng ngilo. “Iki sing dakkarepake!Aku
bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!” “Bener kandhamu, Cil. Tur
ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah
ngreridhu lakumu”, merak ngemutaken.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok
ngreridhu.” “Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti
awakmu!”Kancil lajeng pamitan.
”Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak
pengin mamerke kahananing awakku saiki!” “Sing ati-ati, Cil,” pituturipun Merak
kaliyan nguntapaken Kancil medal saking omahipun, Kancil mlampah lon-lonan.
Bocongipun digidal-gidulaken, ancasipun supados saget mameraken wulunipu
ingkang sae tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem sinambi aruh-aruh
sombong. Dene ingkang dipunaruhi ugi
gentos mesem, ananging esemipun esem geli. Geli amargi mangertos kahanan
ingkang mboten lumrah. Ananging tumrap Kancil esem kala wau dipun tampi benten,
“Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” aturipun jroning ati.
Ananging sengsem, edi, lan endah wau mboten dangu. Lajeng tlutuh karet wau
garing, kulitipun Kancil dados kaku nyekengkeng. Saengga sikil, gulu, lan
buntutipun angel diobah-obahake. Kancil naming saged njegreg ngececer, mboten
saged mlampah.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengokipun Kancil
sasaged-sagedipun. “Ana apa, Cil?” pitakonipun Merak mireng pambengokipun
Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!” “Kabeh wulu
sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?” “Gelem, Rak!” Kancil
nglenggana marang punapa ingkang sampun dipuntumindakaken. Piyambakipun emut
menawi sedaya paringanipun Gusti mono kedah tansah dipunsyukuri. Apik, edi, lan
endah tumraping sesawangan saged ngganggu utawi mbilaheni.
Alon-alon,
Merak mbubuti wulu ingkang kebacut kraket wonten badanipun Kancil. Senajan
ngraosaken perih amargi sebagian kulitipun wonten ingkang katut thethel, Kancil
naming mringis-mringis kaliyan ngempet sakit, mboten sambat. Ndhadha
tumindakipun ingkang salah amargi naming nuruti karepipun piyambak, tanpa
metung tuna lan bathinipun.
ANALISA
- Syukur kaliyan paringanipun Gusti.
- Migunakaken paringanipun kala wau kanthi sae.
- Njagi punapa kemawon ingkang sampun dipun paringaken Gusti.
- Ampun naming nuruti karepipun dhiri tanpa metang tuna lan bathinipun.
Piwulang wonten ing inggil punika
leres banget. Kula panjenengan sedaya kedah matur nuwun kaliyan paringanipun
Gusti. Gusti allah punika Maha Mangertos kaliyan ciptaanipun. Syukur punika
pancen angel, buktinipun kathah tiyang ingkang mboten saged syukur kaliyan
perangan awak ingkang sampun dipunparingkaen Gusti. Rambut kriting
dipunlurusaken, irung pesek dipunsuntik silikon supados mancung, kulit ireng
dipunputihaken ngagem obat, lsp. Tiyang kados kala wau, mboten metungaken tuna
lan bathinipun. Kamangka tunanipun punika langkung kathah lan langkung
mbebayani. Obat kagem pelurusan punika saged ndamel rambut rusak, silikon
punika menawi ngempal wonten ing awak mbebayani, lsp.
Amargi punika mangga kula
panjenengan sedaya syukut kaliyan paringanipun Gusti Allah. Ayu punika mboten
kemawon saking rupa, ananging ati ingkang ayu punika langkung dipunremeni
tiyang kathah.
Kancil lan merak
punika nggambaraken tiyang kalih ingkang gadhah sipat benten sanget. Merak
ingkang narima lan saged syukur lan njagi paringanipun Gusti. Menawi kancil
punika tiyang ingkang mboten gadhah “kepercayaan diri utawi pede”. Mirsani
kaendahanipun wulu merak, kancil kepengin kados merak. Lajeng kancil nyuwun
supados ditpuntempleki wulu kados wulunipun merak. Kancil ngaros menawi wulu
coklatipun mboten migunani lan awon. Kancil dereng saged syukur dumateng Gusti.
Merak nuruti mawon
punapa pepenginanipun kancil. Lajeng awakipun kancil dipuntempleki wulu merak
ngagem tlutuh karet. Sasampunipun dipuntempleki, kancil ngilo sejak bingah.
Ngraos sampun ayu kancil mameraken wulu anyaripun kala wau kalih sedaya sato
ingkang liwat.
Mboten dangu,
tlutuh karet kala wau garing, akibatipun kulitipun kancil dados ngececer.
Kancil nyuwun tulung, dening merak wulu kala wau dipuncopoti. Kancil naming
saged nglenggara lan ngempet lara amargi kulitipun katut sekedhik-sekedhik.
“Milik katon
melok”. Paribasan kala wau pancen trep kalih kahananipun kancil ingkang
kepingin gadhah wulu kados merak tanpa mitung tuna lan bathinipun. Kancil
mboten mikiraken akibat ing wingkingipun. Kancil naming mikir menawi kancil
gadhah wulu kados merak, mesthi sedaya sato gumun lan muji. Ananging kancil
mboten mikir wulu kala wau kedah dipuncopot amargi tlutuh karet sampun garing
lan ngecenceng.
Sejatosipun punapa
paringanipun Allah punika sampun trep lan nggadahi guna piyambak-piyambak.
Dados syukuri, ginakaken, lan jagi unpa kemawon ingkang sampun dipunparingaken
Gusti. Gesang bakal langkung nyenengaken lan migunani.
BAB III
PENUTUP
Pepuntaning
Rembak
Saking cariyos kala wau saget dipunpendhet piwulang :
- budi pekerti punika migunani sanget kagem gesang wonten alam donya. Kados wonten ing sekar kinanthi:
Kang aran berbuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kepinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kesucigihan
Nanging mung sucining ati
Leres menawi
sapunika basa jawi dipunlebetaken wonten ing kurikulum, amargi piwulangan basa
jawi punika kathah ajaran budi pekertinipun. Utamanipun wonten ing wayang.
- kula panjenengan sedaya kedah njagi kasucining athi lan dhiri.
- syukur dumatheng punapa kemawon paringanipun Gusti lan ngrawat lan migunakaken kanthi sae.
Daftar Kapustakan
Irawan, dkk. 2005. Kulina Basa Jawa. Klaten:
Intan Pariwara.
Notopertomo, Margono. 2004. Pakartitama.
Klaten: Sahabat.
0 komentar:
Posting Komentar