Jumat, 01 Januari 2016 - 0 komentar

sinau nabuh



Carane Mbah Martapangrawit Sinau Nabuh
PANGKUR
  1. saben dina mung kloyongan, ora ana gawéan kang sun pikir, kajaba mung ajar nabuh, ngendi ana klenèngan, luwih-luwih yèn sing nabuh para empu, mesthi aku ana, durung bubar durung mulih.
  2. karawitan wus kaslira, kaya-kaya wus datan bisa urip, tanpa krawitan puniku, nadyan urip rekasa, tan kepikir mlarat embuh sugih embuh, mung krawitan da­di réwang, kaya urip dadi siji.
  3. Mung sok aku kareranta, wektu iku krawitan tanpa aji, luwih-luwih nyang sing nabuh, mung dadi kalangenan, kanggo srana gumyak mendem ciu, pasindhèn padha dagangan, ana dhuwit bisa nylingkrik.
  4. yèn aku krungu klenèngan, ingkang nabuh pra empu ingkang wasis, anjegreg kraos tyas ingsun, gagasan ngambra-ambra, sing takpikir piyé dhèk jaman rumuhun, bisa duwé gegawéan, gamelan atharik-tharik.
  5. siji-sijiné ricikan, suwarané tan ana ingkang sami, tan padha kwajibanipun,  rebab gendér myang bonang, slenthem demung saron barung lan panerus, egong kempul kenong kendhang, kethuk kempyang gambang suling.
  6. Kabèh garapé tan padha, ngégla cetha garapé siji-siji, mawèh raras kang lingkung, dhasar sing nabuh wignya, samya ulah garap prigel tan tumpang suh akarya onenging driya, kadya ngadhep ngarsèng gusti.
  7. Aku njur karaya-raya, sowan marang ngarsané para wegig, saperlu angangsu kawruh, gandhènging karawitan, mung kuciwa pra empu yèn paring dhawuh, akèh nora klebu nalar, dakik-dakik tanpa bukti.
  8. Kaya yèn ngrembug gamelan, witing ana jaré saka dewa di, Hyang Éndra ingkang ambangun, amung kalawan cipta, tekèng mangké kongsi bisa run-tumurun, kaya ngono katrangannya, ana kang dhasaré mistik.
  9. Ana kang nerangké kendhang, jaré iku pasemoné ngaurip, yèn wis kaya kendhang iku, tinutup kiri kanan, tegesira wis nutup hardaning kalbu, bisa anuntun irama, iramané wong ngaurip.
  10. Ana kang negesi rebab, jaré iku pralambanging dumadi, dènira sami tumuwuh, lantaran yayah rena, saranané lanang wadon kudu kumpul, barang darbèké wong lanang, mlebu kawadonan èstri.
  11. Mila kosok rebab ika, ora liya aran rangkung kang nami, tegesé barangé ka­kung, dianggo nggosok kawat, kawat iku kawadonan tegesipun, kang mangkono iya kena, masa borong ngriku sami.
  12. Disambung nerangké bonang, bonang lanang manggon aneng nginggil, bonang wa­don ngandhap iku, pancèn iku wis nyata, yen cumbana sing lanang nginggil nggènipun, wédoké sing anèng ngandhap, kaya bonang uwis presis.
  13. Ning iku tumrap manungsa, mesthi ora kanggo sanépan jangkrik, awit lamun jangkrik iku, yèn ngecek ingkang lanang, ingkang wédok nggremet nylingkrik munggah dhuwur, sing lanang metu prenthilnya, nèmplèk silité sing èstri.
  14. Tau nuju aku sowan, mring sang empu sing tak anggep awegig, aku banjur nyuwun dhawuh, kadosta gendhing kuna, kula éram dènira adamel lagu, racakipun pan sakéca, punapi ingkang njalari.
  15. Dipun-garap sarwa éca, dènrebabi dèngenderi andhridhig, bonangé éca luma­ku, sumèlèhé kepénak, kados pundi kula kepéngin sumurup, wonten pundi wadosira, mbok kula dipunjarwani.
  16. Sang empu sajak kawratan, nerangaké kadya pitakon iki, embuh saka ora pecus, embuh pancèn tan kersa, mung pol-polé iku ilham namanipun, linambaran tapa brata, mula gendhingé ya becik,
  17. Wis mesthiné aku gela, nora suwé aku tumuli pamit, aku kaya déné mutung, banjur gawé putusan, nora nedya ngangsu kawruh mring pra empu, kabèh kang sun butuhena, tak golekané pribadi.
  18. Aku kudu ajar garap, mung sarana kerep aniling-niling, njinggleng nonton wong anabuh, kabèh takrasakena, ala becik niyatku arep tak cakup, campur terus takolah, dadya garap anyar becik.
  19. Mengkono sadina-dina, tanpa kemba anggonku anliti-nliti, nèng ngomah tansah sinau, dhasar duwé gamelan, ora kétang rebab gendèr kendhang clempung, mung iku dadya pawitan, tekadku terus umijil.
MIJIL
  1. Nora ana kang samya meruhi, nggonku ajar nabuh, bisa nabuh mung karepé dhéwé, mula akèh wong ingkang ngarani, nggonku nabuh iki, pinter tanpa guru.
  2. Uga bener kang padha ngarani, tanpa guru benjoh, kèh wong ngalem kanthi dijulukké, malah ana ingkang angarani, dipuntitisi jim, kagunané langkung.
  3. Yèn angrungu ajar ngono kuwi, aku mung ngguyu thok, jim ing ngendi bisa minteraké, sajatiné nggonku bisa kuwi, ajar iku mesthi, guruku sakthékruk.
  4. Amaguru tanpa tampik milih, sapa baé dados, guru gendèr ya panggendèr kabèh,  guru ngrebab pangrebab wis mesthi, guru kendhang ugi, pangendhang wis tamtu.
  5. Nalikané aku banget pengin, bisa nyiter gobyok, tak labuhi tansah ngetutaké, wong ambarang ingkang turut margi, sarwi linggih dhingklik, sitere dipangku.
  6. tan preduli mlebu pasar wani, nunggu sarwi ndhodhok, angrungokké siter diunèkké, encing enceg encong encing encing, tekan ngomah nu1i, banjur nyetèl clempung.
  7. Ana manèh aku isih éling, ngetutake réyog, mung jalaran seneng kendhangané, nadyan aku tan bakal ngendhangi, waton bisa ngreti, lowung mundhak kawruh.
  8. Menyang désa senengku kepati, marga sok kapregok, uwong désa kang nuju dwé gawé,  uwis tau aku amrangguli, wong ananggap ringgit, sedalu amuput
  9. Tanpa rikuh aku mlebu nuli, linggih cedhak saron, angematké kabèh tabuhane, yèn wis bengi aku sok mbanjeli, kabeh anyenengi, banjur dadi wanuh.
  10. Metu suguh aku diladèni, banjur mangan dhokoh, ora isin wong wis takkarepké, mung bethèké seneng aneniling, tak jinggleng sayekti, céngkoké sing nabuh.
  11. Bar wayangan esuk diwiwiti, tandhaké anggambyong, gendhing pangkur banget ing gobyogé, tanpa rebab sing gendèr wong èstri, kerep cengkok mipil, akèh glundhengipun.
  12. Bubar gambyong jineman tan lali, ésuk uwis gobyog, bubar iku terus metu topèng, gendhing Kabor kanggo amiwiti, merong dikendhangi, kendhang ciblon ngupluk.
  13. Yèn wis bubar aku mulih nuli, mlaku turut tebon, tekan ngomah takcatheti
    kabèh, apa-apa ingkang sunteliti, ya ing kono kuwi, nggon sekolahanku,
  14. Lan dhasaré aku duwé wiji, turun tukang nabuh, saka bapa pan niyaga kabèh, saka ibu niyaga sing wegig, aja digumuni, aku bisa nabuh.
  15. Dhèk samana aku nuju mulih, ngomah ana amplop, ulem saka kancaku dhèk biyèn, anak dhalang sing duwé nak èstri, tau takajari, nggendèr dhèk rumuhun.
  16. Amplop mau isih tak cekeli, kanthi tangan karo, èngetanku kèlingan dhèk biyèn, bocah wadon kulit ireng manis, aku uga éling, si Idah rumuhun.
  17. Amplop énggal tak dudut kang isi, énggalé tak waos, mungguh ingkang dadi surasané, ngajeng-ajeng bésuk dina Kemis, pasarané Legi, bapak badhé mantu.
  18. Mantokaké putrané pawèstri, antuk tunggal dhukuh, prenah misan tunggal nyambut gawé, ugi dhalang maksih anom yekti, mung kurang rong bengi, bareng taktung-étung.
  19. Dina Rebo aku wis anggendring, mangkat nunggang andhong, rèhning kanca takawali waé, ngiras réwang wong adat sing uwis, kurang telung bengi, gamelan wis ngungkung.
  20. Rèhning jagong aku wis miranti, sadaya penganggon, klambi ireng sabuk sakèpèké, iket modang jarik gandasuli, nora lali keris, gayaman wus patut.
  21. Tekan kono aku dikurmati, Kebogiro gobyog, sing dwé omah gupuh methukaké,
    kanthi ngucap mbagèkké tumuli, terus dipunkanthi, katon kaya gambuh.

0 komentar:

Posting Komentar