MARAKE IJAZAH PALSU DENING DUNIA
PENDIDIKAN
Masyarakat
Indonesia, saiki lagi gencer-gencere padha ngrembug ijazah ilegal utawa ijazah
palsu. Ijazah ilegal kuwi gegayutan karo sertifikat tandha kelulusan sing
diterbitke sekolah-sekolah utawa Perguruan Tinggi kabeh tingkatan, tapi
saktenane durung dibuktekne karo prasyarate akademik. Kamangka yen ijazah palsu,
yaiku ijazah saka salah sawijine Lembaga Pendidikan resmi tapi datane dipalsu,
kayata ngganti jeneng utawa gelar sing ora padha karo asline.
Marake dol tinuku ijazah palsu
ngetokne, yen pola pikire masyarakat sing nganggep remeh proses nyinau Ilmu
Pengetahuan. Saliyane kuwi, uga ngetoki yen isih okeh wong sing ora paham
tegese, fungsine, lan kebutuhane kanggone piye ijazah kuwi. Saiki ijazah
disalah gunakake kanggo komoditas bisnis. Akibate, lembar kertas sing ora isa
maneh didadekna kanggo jaminan pengetahuan lan ketrampilan sing dinduweni.
Anane faktor sing isa ndadekake
gencere ijazah ilegal lan ijazah palsu. Ing salah sijine pihak, proses kanggo
golek kerjanan sing nganti saiki isih mentingne kudu nggawe ijazah. Mergane,
sing isa nuku kuwi sing nguwasani jabatan. Nanging ora mengkono, anane Jenis
kerjanan nyaratke ijazah seng khusus, utamane S-1 kanggo sing padha nglamar.
Semono uga dhuwure gelar, khususe ing lingkungan birokrasi Pamerintah utawa
akademik ing sekolah lan Perguruan Tinggi, sing isih distandarne karo
formalitas pangkat.
Ing
pihak liya, anane wong kang golek kerja utawa ngiter jabatan, kepriye carane
kudu isa nyanggupi syarate kuwi kanggo cara sing luwih cepet. Modhale dhuwit
sing kandel, mula saka kuwi luwih milih mbayari lembaga-lembaga penerbit gelar,
yaiku Perguruan Tinggi sing menehi ijazah tanpa nglakoni proses akademik sing
sakmesthine. Bebarengan kuwi, Perguruan Tinggi sing dhemen karo untung sing
luwih gedhi. Saka pihak kampus gelem nggawekake ijazah, sanajan mahasiswa kuwi
gur kudu melu ping pira anggone seminar utawa kuliyah singkat lan adoh banget
kanggo nyukupi syarat Satuan Kredit Semester (SKS).
Kaya sing dikocapake dening Djoko
Santoso (Dirjen Pendidikan Tinggi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan)
Jakarta, Minggu (31/5) yaiku,”Untuk
menghentikan praktik ilegal ini, pemikiran masyarakat yang harus diubah,”. Dheweke
njelaske, yen ora kabeh kerjanan mbutuhake gelar Sarjana. Misale, gelar doktor
utawa pendidikan Strata Tiga, amung diwajibke kanggo wong-wong sing kerja dadi
peneliti lan dhosen Perguruan Tinggi (PT). Gelar Strata Dua utawa Magister,
mung kanggo sing kerja ing tingkat Manajerial. "Pekerjaan sebagai pengusaha, politisi, ataupun bintang film tidak
memerlukan gelar sarjana. Toh, orang tidak akan meremehkan apabila kemampuan
mereka memang sesuai dengan bidang pekerjaan masing-masing".
Praktik kanggo
nerbitake ijazah ilegal ing kampus lan malsu ijazah ing njaba kampus prakara
kang ngagetake banget. Iki mono kang dadi kedadeyan sing nyoreng raine dunia
pendidikan. Saka lingkungan akademik sing negesne kejujuran kanggo martabat
sing kudu dipikul ndhuwur, malah lair sing ora-ora, kayata: manipulasi,
kecurangan, lan pelanggaran. Kasus-kasus kaya mengkono iku mau gawe alane
martabate pendidikane dhewe, sebab ngetokake penyimpangan lan tujuwan
pendidikan kanggo nglairne Sumber Daya Manusia (SDM) sing berkarakter, salah
sijine jujur.
Saliyane kuwi,
praktik nerbitake ijazah iku jelas nglanggar Undang-Undang (UU) nomor 12 Taun
2012 gegayutan karo Pendidikan Tinggi, sing unine: pendidikan tinggi berfungsi mengembangkan kemampuan dan membentuk watak
serta peradaban bangsa yang bermartabat dalam rangka mencerdaskan kehidupan
bangsa. Fungsi lain ialah mengembangkan sivitas akademika yang inovatif,
responsif, kreatif, terampil, berdaya saing, dan kooperatif melalui pelaksanaan
Tridharma. Pendidikan tinggi juga berfungsi untuk mengembangkan ilmu
pengetahuan dan teknologi dengan memperhatikan dan menerapkan nilai-nilai
humaniora.
Babagan
kang kaya mengkono kuwi mau, kalebu ana ing sajrone pasal 269 Kitab
Undang-undang Hukum Pidana (KUHP) ayat 1 lan 2, sing unine, (1) Barangsiapa membuat surat palsu atau memalsu
suratketerangan tanda kelakuan baik, kecakapan, kemiskinan, kecacatan atau
keadaan lain, dengan maksud untuk memakai atau menyuruh orang lain memakai
surat itu supaya diterima dalam pekerjaan atau supaya menimbulkan kemurahan
hati dan pertolongan, dipidana dengan pidana penjara paling lama 1 tahun 4
bulan. (2) dipidana dengan pidana yang sama barangsiapa yang dengan sengaja
memakai surat keterangan yang palsu atau yang dipalsukan tersebut dalam ayat
pertama, seolah-olah surat itu asli dan tidak palsu. Dadi, wes jelas yen
malsu surat, kayata nglanggar pasal 269 mengkono iku ana ukumane maksimale 1
taun luwih 4 wulan kunjara.
Wakil
Presiden Jusuf Kalla, ngendika yen ijazahe para Pegawai Negeri Sipil (PNS) supaya dicek maneh. Supaya identitas saka
sing nganggo ijazah palsu ora ditutup-tutupi. "Harus dong (dicek ulang), karena itu juga bahaya. Kalau ijazah
saya bisa dipalsu, apalagi yang lain-lain," kata JK di kantor Wakil
Presiden, Jakarta, Kamis (4/6). Sabanjure, kabeh PNS kudu disumpah kanggo
naati aturan sing dianggo. Mula saka kuwi, aturan kuwi kudu diterapne, semono
uga panganggone ijazah legal pas wektu ndaftar dadi PNS. Sababe pemerintah ora
bisa ngarep-arep yen rakyat arep paham lan gelem sigap golek pawarta sing gegayutan karo praktik
ilegal sing tindakne marang Perguruan Tinggi. Sebabe pengetahuane masyarakat
ijek urung pati paham tur yo mesthi briwut kanggo nindakake iku.
Yen wis ngono, apa ya ijek arep ora
ana tindakan sing luwih tenanan saka pemerintah? Kanggo ngantisipasi masalah
iki, inspenksi dadakan kemenristekdikti guna kanggo ngungkap langsung praktik
ing perguruan Tinggi sing gawe curiga perlu terus dilanjutne. Sanksi sing abot
kudune luwih ditegaske kanggo kampus lan oknum-oknum sing ana ing sajroning
tindakan kang ala kuwi. luwih adoh maneh, kementrian sing ana sangkut paute
kudu dituntut supaya luwih tenanan kanggo nyiapake sistem paten sing isa
ngontrol lan nyegah yen ana pelanggaran kaya mangkono.
Soenarto Soerodibroto (1994: 145)
nyatakake, “agar suatu peniruan atau
pemalsuan dapat dihukum, maka persamaannya harus sedemikian rupa sehingga
perbedaan-perbedaan itu baru diketahui pada tingkat penelitian yang cermat,
yang pada umumnya tidak dilakukan”. Mula
saiki padha ngati-ati yen pengen ora rugi merga getun ing tembe mburi. Yen
pengen weruh apa ijazah kuwi palsu utawa asli, gumantung saka mekanisme sing
isa di lakoni.
Awake dhewe kudu paham kepriye
carane awake dhewe mlebu Perguruan Tinggi kasebut. Banjur, digatekke yen uleh 8
SKS mahasiswa wes dinyatakne lulus, berarti kuwi ana seng perlu dutakokake.
Kamangka sarjana kuwi lekas isa lulus yen wes nyampekne 144 SKS utawa ngannge
wektu telu setengah nganti patang taun. Sabanjure, dhewe ngamati wae marang
mahasiswa pindahan, yen ana ing pangkalan data, banjur datane ora ana kuwi bisa
dadi palsu utawa abal-abal. Kudune, pangkalan data ing pendidikan tinggi uga
diuripna kanggo salah sawijine sarana kanggo mantau dinamika perkuliahan. Kabeh
Perguruan Tinggi didukung supaya aktif ngolah data lan kudu tliti nglacak data
sing sajake ora trep utawa ngganjel. Menawa ditemokake tandha-tandhane
pelanggaran, langsung dicek ing lapangan kanggo nggoleki sebab masalahe banjur
langsung ditangani.
Umpama miturut
teknis utawa carane, isa dipertimbangke maneh kanggo nyetak ijazah karo kertas
khusus sing angel yen ditiru, nyametne hologam, utawa nerapake sistem barcode (kode batang) khusus. Nggawene
isa digawe ciri-ciri khisus kanggo nggampangake anggone nglacak ijazah liwat
nomere sing dianggo kabeh Perguruan Tinggi Fakultas lan jurusan. Yen wes ngono,
kucap sing sajake nyimpang aturan luweh gampang diatasi wiwit saiki.banjur
nalika ditemokake kasus ijazah ilegal utawa palsu, aparat Kepolisian lan
Kejaksaan kudune luwih tenanan nggarap lan ngajokne neng pengadilan. Pas wektu
sidange, hakim-hakim kudune ndeleng yen soal iki penting lan meneh ukuman sing
tegas lan adil.
Ing tembe
mburine, pendidikan tinggi ora mung perkara sejatine dhewe kanggo kerja,
nanging uga mentokake sejahterane bangsa lan peradabane.
Kapustakan:
Buku:
Halim, A. Ridwan, S.H. 1985. Tindak Pidana Pendidikan satuan tinjauan
filosofis-edukatif, Jakarta: Ghalia Indonesia.
Chazawi, Adami. 2001. Kejahatan Mengenai Pemalsuan, Jakarta:
PT RajaGrafindo Persada.
Gunawan Ary H. 1986. Kebijakan-Kebijakan Pendidikan. Jakarta:
Bina Aksara.
Internet:
http://www.republika.co.id/berita/nasional/umum/15/06/04/npf47s-wapres-minta-ijazah-pns-dicek diakses Jumat, 16 Ramadhan 1436 / 03 Juli 2015
diakses pada 13 Juni 2015
0 komentar:
Posting Komentar