KIDUNG RUMEKSO ING WENGI (PURWOJATI)
1.
Ana kidung rumeksa ing wengi,teguh ayu luputa ing lara,luputa bilahi kabeh,jin
setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong
luput, geni anemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah ing kami, guna duduk pan
sirna.
2.
Sakehin lara pan samja bali, sakehing ama sami miruda, welas asih pandulune,
sakehing bradja luput, kadi kapuk tibanireki, sakehing wisa tawa, sato kuda
tutut, kayu aeng lemah sangar songing landak, guwaning mong lemah miring, mjang
pakiponing merak.
3.
Pagupakaning warak sakalir, nadyan artja mjang sagara asat, satemah rahayu
kabeh, dadi sarira aju, ingideran mring widhadari, rinekseng malaekat,
sakatahing rusuh, pan dan sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis,
pangucapku ya Musa.
4.
Napasingun Nabi Isa luwih, Nabi Yakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku
mangke, Nabi Dawud swaraku, Yang Suleman kasekten mami, Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku, Bagendali kulitingwang, Abu Bakar getih, daging Umar
singgih, balung Bagenda Usman.
5.
Sungsumingsun Fatimah Linuwih, Siti Aminah bajuning angga, Ayub minangka ususe,
sakehing wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan Nabi, Cahyaku ya Muhammad,
panduluku Rasul, pinajungan Adam syara”, sampun pepak sakatahing para nabi,
dadi sarira tunggal.
6.
Wiji sawiji mulane dadi, pan apencar dadiya sining jagad, kasamadan dening
Dzate, kang maca kang angrungu, kang anurat ingkang nimpeni, rahayu ingkang
badan, kinarya sesembur, winacaknaing toja, kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan dadi waras.
7.
Lamun arsa tulus nandur pari puwasaa sawengi sadina, iderana gelengane, wacanen
kidung iki, sakeh ama tan ana wani, miwah yen ginawa prang wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan, mungsuhira lerep datan ana wani, teguh ayu pajudan.
8.
Lamun ora bisa maca kaki, winawera kinarya ajimat, teguh ayu penemune, lamun
ginawa nglurug, mungsuhira datan udani, luput senjata uwa, iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira, pan rineksa dening Yang Kang Maha Suci, sakarsane
tineken.
9.
Lamun ana wong kabanda kaki, lan kadenda kang kabotan utang, poma kidung iku
bae, wacakna tengah dalu, ping salawe den banget mamrih, luwaring kang kabanda,
kang dinenda wurung, dedosane ingapura, wong kang utang sinauran ing Yang
Widdhi, kang dadi waras.
10.
Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha amawa, patang puluh dina wae, lan tangi
wektu subuh, lan den sabar sukur ing ati, Insya Allah tineken, sakarsanireku,
njawabi nak – rakyatira, saking sawab ing ilmu pangiket mami, duk aneng
Kalijaga. Kuwasaning Artadaya.
11.
Sapa kang wruh Artadaya iki, pan jumeneng sujanma utama, kang wruh namane
Artate, masyrik magrib kawengku, sabdaning kang pandita luwih, prapteng sagara
wetan angumbara iku, akekasih Sidanglana, Sidajati ingaranan Ki Artati, nyata
jati sampurna.
12.
Ana kidung reke Ki Artati, sapa wruha reke araning wang, duk ingsun ing ngare,
miwah duk aneng gunung, Ki Artati lan Wisamatti, ngalih aran ping tiga,
Artadaya tengsun araningsun duk jejaka, mangka aran Ismail Jatimalengis, aneng
tengeahing jagad.
13.
Sapa kang wruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Artadaya, tunggal pancer
lan somahe, sing sapa wruh panu……sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad,
ingkang….iku, lamun kinarya ngawula, bratanana pitung dina….gustimu asih marma.
14.
Kang cinipta katekan Yang Widhhi, kang….. madakan kena, tur rineksa Pangerane,
nadyan….. lamun nedya muja samadi, sesandi ing nagara, …..dumadi sarira
tunggal, tunggal jati swara, …..aran Sekar jempina.
15.
Somahira ingaran Panjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah ing saparane,
paripurna satuhu, jen nirmala waluya jati, kena ing kene kana, ing wusananipun,
ajejuluk Adimulya Cahya ening jumeneng aneng Artati, anom tan keneng tuwa.
16.
Tigalan kamulanireki, Nilehening arane duk gesang, duk mati Lajangsukmane, lan
Suksma ngambareku, ing asmara mor raga jati, durung darbe peparab, duk rarene
iku, awajah bisa dedolan, aranana Sang Tyasjati Sang Artati, jeku sang
Artadaya.
17.
Dadi wisa mangka amartani, lamun marta temah amisaya, marma Artadaya rane, duk
laga aneng gunung, ngalih aran Asmarajati, wajah tumekeng tuwa, eling ibunipun,
linari lunga mangetan, Ki Artati nurut gigiring Marapi, wangsul ngancik
Sundara.
18.
Wiwitane duk anemu candi, gegedongan reke kang winrangkan, sihing Yang kabesmi
mangke, tan ana janma kang wruh, yen weruha purwane dadi.
21.
Sagara gunung myang bumi langit, lawan ingkang amengku buwana, kasor ing
Artadajane, sagara sat lan gunung, guntur sirna guwa pesagi, sapa wruh
Artadaya, dadya teguh timbul, dadi paliyasing aprang, yen lelungan kang kepapag
wedi asih, sato galak suminggah.
22.
Jin prayangan pada wedi asih, wedi asih sagunging drubigsa, rineksa
siang-dalune, ingkang anempuh lumpuh, tan tumama mring awak mami, kang nedya
tan raharja, sadaya linebur, sakehing kang nedya ala, larut sirna kang nedya
becik basuki, kang sinedya waluya.
23.
Gunung guntur penglebur guweki, sagara sat bengawan sjuh sirna, kang wruh
Artadaya reke, pan dadi teguh timbul, kang jumeneng manusa jati, ngadeg bumi
sampurna, Yang Suksma sih lulut, kang manusa tan asiha, Sang Yang Tunggal
parandene wedi asih, Yang Asmara mong raga.
24.
Sagara agung amengku bumi, surya lintang mjang wong sabuwana, wedi angidep
sakehe, kang kuwasa anebut, dadya paliyasing prang dadi, paser panah sumimpang,
tumbak bedil luput, liwat sakatahing braja, yen linakon adoh ing lara bilahi,
yen dipun apalena.
25.
Siang dalu rineksa Yang Widhhi, sasedyane tinekan Yang Suksma, kinedepan janma
akeh, karan wikuning wiku wikan liring puja samadi, tinekan sedyanira, kang
mangunah luhung, peparab Yang Tigalana, ingkang simpen kang tuwayuh jroning
ati, adoh ingkang bebaya.
26.
Sakehing wisa tan ana mandi, sakehing lenga datan tumama, lebur muspa ilang
kabeh, duduk tenung pan ayu, taragnyana tan ana mandi, sambang dengan suminggah,
samya lebur larut, ingkang sedya ora teka, ingkang teka ora nedya iku singgih
lebur sakehing wisa.
27.
Yen kinarya atunggu wong sakit, ejin setan datan wani ngambah, rinekseng
malaekate, nabi wali angepung, sakeh ama pada sumingkir, ingkang sedya mitenah,
miwah gawe dudu, rinu sak maring Pangeran, iblis na’nat sato mara mati, tumpes
tapis sadaya.
0 komentar:
Posting Komentar