Golek Ilmu Akeh Tata Carane
Sinau ora ndeleng endi papan endi panggonan. Ing
ngendi wae bisa dadi sumur sumbering ngelmu lan ngangsu kawruh. Kaya sing
dialami dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman.
Piyambake wiwit kelas IV SD pindhah melu simbahe kang
uga dhalang kondhang ing Ngadirojo, Wonogiri, Ki Guno Sudarjo. Ki Jlitheng
sinau ndhalang saka paman lan simbahe. Tata cara sinaune yaiku nyantrik. “Aku
dijak pentas karo simbah lan paklik, saking kerepe nonton aku wiwit seneng
ndhalang,” ujare Ki Jlitheng.
Nalika sinau ndhalang, dheweke ora mesthi oleh pituduh
langsung saka simbahe. Jlitheng sinau dhewe saka pengalaman, gladhen dhewe lan
pisan-pindho oleh piwulang saka simbahe. Dheweke pancen wus duwe karep marang
seni ndhalang lan wayang.
Ing papan liya, salah sijine dwija basa Jawa, Bisri
Nuryadi, mratelakake jaman semana sekolah formal isih durung rame. Akeh
wong kang nimba ilmu langsung marang para nimpuna. “Durung rame sekolah, kaya
sing pengin sinau ndhalang, ya nyantrik dhisik utawa melu urip sakomah karo
dhalange,” ujare Bisri.
Kanthi tata cara sinau kang kaya mangkono kuwi asile
uga apik. Amarga siswa bakal bisa mangerteni ilmu ndhalang kanthi becik.
Tindak tanduke dhalang, piye carane gladhen, lan
sapiturute dadi bahan ilmu karo calon dhalang kuwi. “Tata cara sinau sing apik
yaiku kuwat ing teori lan praktek, luwih apik maneh jatah praktek-e
luwih gedhe tinimbang teori-ne. Salah sijine yaiku nyantrik,” kandhane.
Bisri nuturake, tata cara teori lan praktek uga
diterapake ing sekolahan. Para murid ora mung oleh teori thok, nanging uga
materi praktek.
“Conto gampange babagan pacelathon basa jawa. Sabubare
teori, para bocah diwenehi wektu kanggo mraktekake pacelathon ing ngarep
kelas,” ujare. Para murid oleh nganggo basa jawa ngoko, ananging uga diselingi
basa krama alus. “Kowe arep tindak nang endi, kuwi tuladha gampange,” ujare.
Dheweke duwe keyakinan, sithik mbaka sethithik krama alus kang diselipake ing
pacelathon bakal dadi padatan ing urip padinane.
Ana ilmu sing bubar diwulangake banjur dipraktekake
ora bakal cepet lali. Bocah bakal gampang anggone ngeling-eling ilmu iku.
Miturut Bisri, pirang-pirang bab pamulangan bisa dipraktekake ing kelas,
nanging uga kudu mangerteni kahanane bocah. Swasana lan atine bocah kudu tetep
seneng supaya bisa nampa apa sing diterangake dening dwijane.
“Wus dadi sipate bocah isih seneng dolanan, mula
kepriye carane sinau kuwi kaya dene wong dolanan, utawa dolanan sing bisa
nuwuhake kapinteran lan daya angulir budine bocah,” ujare.
0 komentar:
Posting Komentar