Jumat, 01 Januari 2016 -
0
komentar


kitab 3
Ing ngisor iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit saka pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh, karepe sampurnaning urip, manungsa sakwise tilar donya , nyatane wis ilang sipate, nanging isih ninggal asma.
Roh iku dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing njero sirah, iku dadi sandangan wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine badan wiwit saka sirah.
Sandangan “Suku” (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling iku tegese “kuping” pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling tarung, Irung dumunge pangambu.
Pepet, tegese ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing jantung, yaiku kang nglakokake getih, dadi jantung iku kaya dene lawang dalaning getih mlebu metune mratani ing badan sakojur.
Jantung iki piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana kang kawasa hanjalari marang urip.
Cedak dumunung ona ing sanubari;
Lajar dumunung ana ing Iman = relung hati.
Wigjan dumunung ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung sandangan iki kang aran “Panjigek suwara” sebab dadi wakile engetan lan kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane cokra, ana ing mripat, ing teleng aran manik. Keret iku irenge mripat, teleng = kang kapanggonan manik.
Pingkal, putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran “Wijanyana” sebab dadi wakile aksara kang bisa muni bebarengan.
Kajaba kuwi ana maneh tembung kang aran :
Na, Sa, Dha, Tha iki aran “Murdanio” banjur ana maneh , Nya, Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku alaming manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene tembung “Tataprunggu” yaiku aksara kang didadekake ongka (nomer) kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Ga ngka siji dadi perlambange kawitan sampurnane manungsa.
Ngalelet ngka loro, dadi perlambange lakuning manungsa mesti pinaringan timbangan dening Pangeran, kayata anane wong lanang lan wadon, Awan lan bengi, lara lan waras, beja lan cilaka, urip lan mati, Kawula lan Gusti.
Ngapingkal ngka telu , tegese netepake keyakinaning manungsa pinasti kudu nompa lang nglakoni lelakon pangawane dewe salawase ana ing alam donya, supaya aka nganti ngeluh ngresah, sebab pepastining urip wajibe kudu ngambah ing alam telung rupa yaiku :
1. Alam jaga (melek),
2. Turu,
3. Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa diuncati maneh.
Mamiring ngka papat iku tegese nyatane Allah dadi sesembahane kabeh mahluk, ora wujud ora arah ora panggonan lan ora katon, uga ora kena kinaya ngapa. Lan uga dadi plambange asal kedadiane badan wadaging manungsa saka anasir patang rupa, yaiku :
Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu. Mangkono uga anane klebating manungsa iku ana papat.
1. Wetan, yaiku lambange nalika Bapa lan Biyung pada sapatemon,
2. Kidul, yaiku plambange nalika Bapa lan Biyung kumpul,
3. Kulon, iku plambange nalika Bapa lan Biyung nganakake Dhat nanging mung darma dadi lantaran bae,
4. Lor, iku plambange nalika lahire jabang bayi.
Makurung ngka lima, iki maksude panguwasane Gusti Allah, nalika wiji isih ana ing guwa garbaning Bapa lan Biyung, Bapa iku mung saderma dadi lantaran dumadining jabang bayi. Makurung tegese dadi kalima pancer, lan jumenenge ana ing satengahe keblad.
E : dadi angka nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku :
1. Rila,
2. lali,
3. lulus,
4. eling,
5. langgeng,
6. sumarah (pasrah).
KETERANGAN :
1. RILA, tegese kelangan apa bae wis ora getun,
2. LALI tegese lali marang dhat sipate, maksude lali ing badan lan jiwane ditinggal ana ing alam donya.
3. LULUS , nglulusake selawase urip kanti nikmat lan manfaat,
4. ELING, eling marang angale lan eling marang mula mulanira,
5. LANGGENG, ora bakal owah ngingsir maneh, terus langgeng asmane,
6. SUMARAH yaiku masrahake jiwa ragane katur marang Pangeran.
La :dadi ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah (jam) kang ora tau blinjani, kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula para Pandita iku pada nganggo watak pitu.
Pa palya :dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning semadi kang tumuju marang Suksma Kawekas, ana wolung bab, aran “Hasta Brata” keterangane kaya kang kacetak ana ing wulangan ngarep.
Ja ngka sanga, tegese anane babahan hawa sasanga.
Das = nul :tegese dadi tanda marang ajining angka, jen das mau dumunung ana ing sangarepe ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi suda, aran winengku, dikuwasani. Nanging yen das ana ing burining ongka iku tegese regane angka mau banjur dadi mundak duwur, aran hamengku nguwasani (tulada Rp. 00.1 lan Rp. 1,00).
Kajaba iku ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku tegese ora duwe pangadji (ora duwe rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage manungsa iku yen wis di unjadi ing suksma, wis ora ana gunane jalaran wis suwung lan wis ninggal sipate, kang kari mung asmane.
Ana maneh candake sasmita sandi kang wujud tembung ( ukara) siji nanging mengku karep rong rupa, yaiku :
Ka ta pa ga ba iki aran Alpa Prana.
Ka ta pa ga ba iki aran Maha Prana.
Tegese “Alpa Prana” iku kawula) dadi anane kawula.
Tegese ”Maha Prana” iku Gusti ) lan Gusti.
Keterangane mangkene :
Kawula (titah = mahluk) iku kadunungan apes lan lali, sebab titah iku bisane dadi luhur kudu nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa pintere manungsa ora bakal bisa madani kalawan panguwasane Pangeran. Sebab manungsa tansah binuntel ing kamarkaning alam donya. Mula biasane kelakon sediyane iku mung gumantung marang lila legawane anggone masrahake jiwa ragane marang Pangeran.
Wondene Gusti Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan tan kena kinaya ngapa, sebab Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing sakabehe kang para dumadi, kang bisa diweruhi dening manungsa kodrate panguwasane.
Tingkah patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep, dadi yen manungsa wis bisa netepi ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang alon-alon lan dedasar ati sabar. Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang peteng dedet lelimangan wis ora kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku ana kang nyebut aran “Tapel Adam”. Yen wis mangkono inggal ngucapa mangkene ”
Pangrasa Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya, iya pangrasane Suksma. Suksma ilang tan kena ing pati.
Yen wis mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang nerawang handelahi tanpa wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana ngisor lan duwur, kang katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem. Kedadian iki saya panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe panguwasane kang mangkono mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya babadan wadag, dayane tanpa nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki dikuwasani dening uteg (kawruh) lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang Maha Luhur.
Yen kena panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe karep apa apa, iya iku kang sinebut aran Mangeran Suwug, tegese ora ana barang kang sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal dadi Ratuning jin lan peri.
Yen cahya padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya kang blerengi kaya sunare srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono awit dek isih ana ing alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya ing badan sakojur. Ing kono aran Yang Maha Mulya.
Yen kena pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut Mangeran wujud, sebab ing kono duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese duwe sediya nitis, manjelma maneh, yen kliru sediyane banjur dadi retuning danyang dan prayangan.
Yen cahya kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika isih ana ing alam donya, Budi iku gawe sucining badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Suci. Yen kena pengaruhe kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang aran Mangeran konta (gambaran kang ora ana wujude). Mula banjur gawe ragu raguning (gojak gajek) lan yen kandeg ana ing kono, bakal dadi retuning setan.
Yen cahya kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng, yaiku kedadian saka Iman, sebab nalika isih ana ing alam donya Iman iku nguwasani badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe kuwasaning Suksma, banjur duwe karep nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang aran Mangeran ana (wujud), tegese deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing kono bakal dadi retuning Bekasakan nunggal bangsa lan setan, nanging luwih kasar.
Yen cahya ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih iku kadadian saya pangrasa, sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau ngebeki ing badan sakojur mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe Aguning Suksma, bakal nitis dadi bangsane manuk.
Yen cahya putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang iki kedadian saka pangrungu (pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana ing alam donya masesa ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena pengaruhe wasesane suksma, bakal nitis dadi kewan galak.
Yen cahya abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening (bening) iki kedadian saka paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya paningal iku gawe purbaning badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena daya pengaruhe purbaning suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana ing banyu.
Yen cahya wening musna, banjur pirsa cahya kang monca warna, yaiku ireng, abang, putih, kuning lsp, iki kedadian saka pangambu, nalika isih ana ing alam donya hanyamati ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Manon, tegese meruhi samubarang kalir kang bakal tumeka sinebut Soca Batara, wondene asale cahya monca warna mau kedadian saka anasir patang prakara, yaiku Bumi, Geni, Angin, lan Banyu.
Keterangane Mangkene :
1. Cahya Abang : Asal seko geni, dumunung ana ing jantung, dadi napsu amarah, mula kena pengaruhe cahya abang bakal nitis dadi manungsa kang sugih nepsu (murka).
2. Cahya Ireng : Asal saka bumi, manggon ana ing waduk (weteng) dadi pangrasa, watake ngongsa utawa kesusu mula yen lena pengaruhe cahya ireng, nitis dadi manungsa kang sugih pangerten lahir.
3. Cahya Putih : Kedadian saka angin, manggon ana ing sanubari dadi sabar, yen kena pengaruhe iki bakal nitis dadi manungsa kang sugih kawruh kebatinan.
4. Cahya Kuning : Asal saka banyu, dumunung ana ing uteg, dadi kawruh lahir lan batin, dayane bisa weruh (nimbang) kedadian ala lan becik, bener lan luput, iki bakal nitis dadi manungsa wicaksana, ahli budi, yen tembung Indonesia aran Budiman lan Gunawan.
Kabeh mau salugune mung gumantung marang karsane Gusti Allah, mula sing perlu tumrap para manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha gesang.
ooooooooo000ooooooooo
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar