Bhatara Katong utawa Sunan Katong lan
rombongane teka ing Kaliwungu, ing Gunung Penjolr utawa ing Gunung Telapak
Kuntul Melayang. Rombongan kuwi antarane Ten Koe Pen Jian Lien, Han Bie Yan,
lan Raden Panggung. Ing crita tutur utawa crita rakyat tokoh-tokoh kuwi mau
dijaluki Teluk penjalin, kyai Gembyang lan wali Joko. Ratakake agama Islam ing
Kaliwungu lan sekitare ora ana alangane. Banjur mlebu tlatah ngulon, ana tokoh
agama Hindu/Budha, yaiku manten Pejabat Tinggi Kadipaten ing ngisor kerajaan
Majapahit kanggo wilayah Kendal utawa Kaliwungu sing jenenge Suromenggolo utawa
Empu Pakuwojo.
Suromenggolo utawa Empu Pakuwojo ing
crita tutur, dheweke wong dhuwur Majapahit lan Resi. Supaya nganut agama Islam
ora bakal carane mbujuk Pakuwojo. Amarga dheweke krasa duwe keluwihan, amarga
diwujudi karol adu kekuwatan.
Mupakati lan panjalukake gawe
tandingan “ seumpama Sunan Katong sanggup ngalahake, mula dhweke gelem melu
ajarane utawa melu agama Islam. Lan dadi muride Sunan Katong” pola adu
kekuwatan dadi budaya wong-wong biyen.
Adu katimbangan kuwi Pakuwojo
direwangi karo kancane lan sadulure lawan tetimbangan kuwi gawe geger lan rame
banget. Adu taruan wong-wong sakti kaya Pakuwojo lan Sunan Katong, sakliyane
adu raga kaya mengkana adu kakuwatan bathin. Pakuwojo ora tau menang lan
dheweke kudu mlayu carane yaiku ngumpet. Pikirane dheweke, Sunan Katong ora
bakal ngonangi.
Pakuwojo ngumpet ing wit gedhe sing
ana luwangane, karepe Sunan Katong ora bakal ngonangi tapi Sunan Katong bakal
bisa ngonangi Pakuwojo, Pakuwojo banjur nyerah.
Janjine Pakuwojo ngucapake rong ukara
Sahadat gawe tandha mlebu Islam. Sunan Katong njenengi wit sing gedhe sing
digawe ngumpet Pakuwojo dijenengi Pohon Kendal utawa wit Kandal, sing artine
penerang. Ing pnggonan kuwi mau Pakuwojo maleh jembar atine lan pikirane terang
lan mlebu Islam. Kali sing kanggo adu kekuwatan tokoh-tokoh kae Sunan Katong
lan Pakuwojo dijenengi Kali utawa Sungai Kendal yaiku kali sing misahake kutha
Kendal nggone ing ngarep masjid Kendal. Akeh sing wong nyebut empu Pakuwojo
dene saiki Sunan Katong nyebut Pangeran Pakuwojo, amarga dheweke wong gedhe
saka Majapahit, sakuwise kuwi dheweke marang ing padepokan sing nggone ing
Gunung Sentir, lan dadi murid Sunan Katong dituruti apik-apik.
Pohon Kendal disebut Kendalsari isih
ana katrangan liya sing hubungane karo sebutan Kendal, yaiku Kendal saka ukara
Kendal Pura. Dideleng saka jenenge, Kedal Pura iki ana kaitanne saka agama
Hindu, sing katrangane agama Hindu uwis ana mlebu tlatah Kendal.
Ana katrangane maneh Kendal saka
ukurane kang dadi utawa Kantali. Sebutan kuwi sebutanne wong-wong cina,
hubungane karo temuake arca ing Kendal. Sing candi-candi kuwi mau umure luwih
tuwa tinimbang candi Borobudur lan candi Prambanan. Tapi masyarakat luwih
percaya karo tulisan Babat Tanah Jawi, sing nerangake Kendal asale saka wit
sing jenenge Pohon Kendal utawa wit Kendal.
Amerga dingerteni Sunan Katong lan
Pakuwojo sing oleh dukungan sak Pangeran Benowo, sakliyane kuwi tulisan-tulisan
dukungan liyane ana ing Universitas Leiden, Belanda yaiku Perguruan Tinggi
utawa sekolah dhuwur, sing terkenal sing akeh nyimpen tulisan sejarah jawa.
Crita-crita sing nerangake Sunan Katong lan Pakuwojo mati bareng ( Sampyuh ).
Ing wektu Teluk Penjalin kena Sabetan
keris saka Pakuwojo lan mati tiniba jasad Teluk Penjalin ilang lan sakuwise
metu keris, lan keris kuwi bisa ngomong lan diwenehi ngerti karo Sunan Katong,
crita saiki cara harfiyah dadi ora cetha tuturanne.
0 komentar:
Posting Komentar