Jumat, 01 Januari 2016 - 0 komentar

kitab 4



GAMBLANGE :
Bumi, Geni, Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok anasiring urip, yen kurang pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang sampurnaning kawruhe ing bab kebatinan. Wondene katerangane  mangkene :
Yen sira wis ngerti marang asal usule uga kudu ngerti marang tegese (karepe) awit yen ora mangkono bisa gawe kliruning panganggep (panggangone) sebab yen ora mangkono bisa gawe kurang percayane (ngandele).
Yen wis ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen  ora ngerti kanggone bisa ndadekake binggunge ing pangertene. Yen wis ngerti kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen ora ngerti kedadiane bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen wis ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab yen ora weruh buktine ora ana gunane tumrap ing pangertene.
Sebab sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae ora kanti dilakoni babar pisan tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong nanging ora ngerti tegese. Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora dilakoni dinyatakake malah nambahi dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.

GAMBLANGE MANEH MANGKENE :
Bab badan iku sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning pati iku ana patang bab yaiku :
1. Rasaning  jantung, lakuning napas,
2. Rasaning  weteng (waduk) lakuning pangrasa,
3. Rasaning  sanubari lakuning budi,
4. Rasaning  uteg lakuning Roh.

Mula patang bab iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA RAGA
Iku uga kedadian saka patang bab, yaiku :
1. Roh,  kang nglakokake engetan,
2. Pangambu,  kang nompa kabeh sawernane panggoda,
3. Napas,   kang nglakokake getih lan rahsa,
4. Pangrasa,  kang nglakokake sari sarining daging, kulit lsp, kang dadi dasaring  urip.
BAB NYAWA
Kang aran nyawa iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena gingsir yaiku :

1. Iman  , manggon ana ing pulung ati,
2. Pamiarsa  (pangrungu) dumunung ana ing kuping,
3. Paningal,  dumunung ana ing mripat.
Mula telung bab iki diarani nyawa, sebab asale saka banyu, mongka banyu iku bisa owah gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi kuwajibane uga ora tetep.
SUKSMA
Kang aran Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah gingsir yaiku :
1. Roh  , dumunung ana ing uteg,
2. Napas,  dumunung ana ing jantung,
3. Budi,  dumunung ana ing sanubari,
4. Pangrasa,  dumunung ana ing waduk (weteng),
5. Pangambu,  dumunung ana ing irung.
Limang bab iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin. Nyatane angin iku kahanane kang tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine kabeh wiwit sakdurunge dumadi wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga ora bisa owah lan ora bisa gingsir sebab asal saka angin.
Anane manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma jalaran deweke kanggonan pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene liyane iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit, daging, balung lsp, yaiku kang asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar (wadag) sebab katon wujude.
Yen kang asal saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan ora katon ing mripat wadag nanging ana buktine, dumunung ana ing badan (raga) nyawa lan suksma.
Dene salugune badan, nyawa lan suksma mau ora bisa lumaku, yen ora sarana obahing keteg, dene obahing keteg iku jalaran kena daya lakuning bumi, geni, banyu lan angin. Patang bab iki anggone bisa tumindak, sebab saka kenadayane Swasana, kaya kang diterangake mau, bab jagad kebekan dening angin, ya swasana kang ngebeki cakrawala iki, mula diparibasakake alus tan kena jinumput, gede ngebaki jagad.
Dadi ceta lan terang, dumadining manungsa iku kang pokok saka dayane swasana, dene swasana iki kang dadi lantaran dumadining manungsa iku dibagi dadi rong bab yaiku: swasana kang tumuju ing jaba badan, lan swasana tegese hawa kang kumpul, Swa tegese panggonan. Dadi terange tembung kumpuling hawa.
Dadi swasana kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese umur, Sana tegese panggonan, wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku dumunung ana ing Napas. Dadi uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana kang dununge ana rong panggonan, yaiku ana ing jaba lan ana ing jero badan. Dadi ora bisa nganggo saperangan bae, kudu jaba lan jero. Yen mung nganggo sebagian bae mesti ora bisa urip banjur aran mati.

0 komentar:

Posting Komentar