Jumat, 01 Januari 2016 - 0 komentar

primbon



Watak Manungsa Miturut Dina Pasaran Kelahiran

1. Jumuah Kliwon
   Yen lanang ora micara, mung sewdhengan bae. Yen wadon lanas, marang wong lanang ngewani
2. Setu Legi
    Cukeng, pinter golek milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih
3. Akad Pahing
    Wegig, pikire prayitna, weweka, semu diri piyangkuh kaya amutera jagad
4. Senen Pon
    Manis wicarane, isa ngenaki piker sasamaning wong lan isa golek rejeki
5. Selasa Wage
    Lumuh wuruk, ora micara,. Yen wong wadon prayoga, bisa nyimpen arta.
6. Rebo Kliwon
    Wegig micara, ing piker celimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita
7. Kemis Legi
    Ber pikir, lumuh kaungkulan,. Yen wadon luwih candhala, mring wong lanang mewani padu
8. Jumuah Paing
    Meneng, yen busuk babar pisan, yen pinter dadi panutane wong akeh, sugih kapinteran.
9. Setu Pon
    Bisa kriya gawene, yen lanang. Yen wadon bisa golek melik, ambalubud
10. Akad Wage
      Gedhe karepe, yen duwe piker ora keno di palangi, yen wadon ala
11. Senen Kliwon
      Anteng pikire, yen isih enom bandhel sedelo, yen wis tuwa alus pikire
12. Selasa Legi
      Kurang micara, yen juweh wegig, barang ing piker apik, kapara nguthuh wekasane lana
13. Rebo Pahing
      Mungguh umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikire banter

14. Kemis Pon
      Anteng pikire, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkuh gemi tegese.
15. Jumuah Wage
      Bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, lilan nanging kerep kesandung
16. Setu Kliwon
      Bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe
17. Akad Legi
      Lalen, kurang wegig kepinterane, karemane madon, kang padha laku ala panggawe ngiwa
18. Senen Pahing
      Murka marang pagawean, samubarang sedengan, yen wadon pikire luwih prayogi
19. Selasa Pon
      Kurang pikir, lumuh ing prakara, yen wadon sae, prayoga sinelir mring piyayi
20. Rebo Wage
      Sedhengan barang pikire, majun ing gawe, yen wadon candhala marang wong lanang.
21. Kemis Kliwon
      Kurang pkire pethel ing gawe, yen wadon sedengan ing pikire iku
22. Jumuah Legi
      Ela-elu ora ndue pikir dhewe, yen kalah gela njero batine, langkung susah aatine
23. Setu Pahing
      Lanang wadona bisa golek milik, bisa simpen wicara wicara alus utawa agal
24. Akad Pon
      Kurang piker, percaya ing liyan. Yen wong wadon prayoga, bisa nyimpenkayane wong lanang.
25. Senen Wage
      Kurang pikire, bregundung atine, wani pakewuh, wani mati. Yen wadon becik
26. Selasa Kliwon
      Yen busuk babar pisan, yen pinter dai pujangga utawa ngulama
27. Rebo Legi
      Lumrah prasaja, njaluk gelem, di jaluki aweh,. Yen wadon prayoga sabarang pikire.
28. Kemis Pahing
      Tentrem anteng, tan amikir, maju gawe temen, dadi priyayi cedhak marang wong agung, sedhengan
      samubarang gawene
29. Jumuah Pon
      Wegig sajroning piker. Yen ora kudu mlengos, ewa atine kang ala
30. Setu Wage
      Lalen panggrahitane, pikire sajroning ati kaku, lengus sadelo nuli mari
31. Akad Kliwon
      Murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeke
32. Senen Legi
      Anteng ora dhemen micara, welu karepe. Yen wadon becik sabarang gawe
33. Selasa Pahing
      Isinan kaku pikire andhap patrape, lumuh ing pagawean. Yen wadon remen mengku kakunge
34. Rebo Pon
      Kuat pikire sregep ing gawe, temen sedyane. Yen wadon gemi, nanging kaku piker
35. Kemis Wage
      Banter budine, saguh ing gawe, kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikire ora lilan

“Tengkyu”………….

0 komentar:

Posting Komentar