Minggu, 17 Januari 2016 - 0 komentar

SUMINTEN EDAN

"SUMINTEN EDAN"

Adegan 1
Ing tlatah Trenggalek sisih kulon katentramane masyarakat keganggu dening poro begal sing mapan ing tapel watese alas Ponorogo.
Ki Patih : Sendiko dhawuh kanjeng Bupati, kulo meniko badhe ngaturaken manawi wonten kerusuhan ing Trenggalek sisih kulon.
Bupati : Kerusuhan opo? ( kaget )
Ki Ptih : Ing tapel wares Ponorogo ono begal kang ganggu katentramane para kawula.( Banjur Bupati nimbali putrane yoiku Raden Mas Subroto )
Bupati : Brata…….. Brata………. Reneo to le ….!!
Subroto : Sendiko dhawuh bapa, wonten kersa napa nimbali kulo ?
Bupati : Anu le, ana karusuhan ing alas Ponorogo, mulo tugasmu ngayomi para kawulo, lan gawe sayembara.
( Banjur Subroto menehi woro- woro ing para rakyate )
Subroto : WORO- WORO
Sapa wae kang bias mbasmi para begal ing watese alas Panaraga ing kahanan urip utawa mati bakal kaparingan bebana.

Adegan 2
Warok Siman uga kaprungu sayembara mula uga nggoleki begal kang ganggu 
Warok Siman : Oalah……. Sejatine kowe to le beagle………………!!!!
Surogentho : Ora sah melu urusanku !!
Warok Siman : Tak omongi awakmu saiki dadi buronan, tinimbang nyawamu dientekne wong sak Nggalek, tak tuturi ndang ngaliho, minggir.
Surogentho : Yow is kang, aku nyerah Surogentho mlaku mangalor )

Adegan 3
( Surogentho ketemu cempluk ing ndalan )
Surogentho : Ciluk ba…. Cah ayu…..
Cempluk : Emoh !!!!! Rupamu elek !!!!!
Surogentho : Lha wong aku iki titisane Raden Arjuna, kok elek !!!!
Cempluk : Emoh…. tulung……….
Subroto : Heh arep kok apakne cah ayu kuwi ? Kowe sapa ?
Surogentho : Aku wong paling bagus sing arep ngrabi bocah ayu iki.
Subroto : Iyo to cah ayu ?
Cempluk : Ora, aku emoh, lha wong aku ra kenal karo bocah ala iki.
Subroto : Yow is ayo mlayu cah ayu .
Surogentho : Ojo mlayu kowe, langkahana dhisik mayitku. ( Karo nggondeli tangane Subroto ) Surogentho lan Subroto akhire gelut, adu katangkasan. Tapi Subroto kalah nututi Cempluk kang mlayu bali.

Adegan 4
Ing omahe Warok Suramenggala Warok Suramenggala : Oalah nduk, ana apa kok mlayu – mlayu Cempluk : Anu bapa, kulo digoda bocah u……….elek, kula ajeng dipek bojo. 

Warok Suramenggala : Sapa sing wani nggoda kowe nduk, rene ngadep bapa !!!
Cempluk : Bocahe nang kana bapa, aku mlayu……..
( Raden Mas Subroto banjur teko ing omahe Cempluk )
Warok Suramenggala : O……. kuwi to nduk bocahe, kene tak adepane.
Cempluk : Sanes menika bapa, niki ingkang nulung kula
Warok Suramenggala : Iya tha Le ?
Subroto : Inggih bapa !!
Sawise perang karo Subroto, Surogentho banjur mulih lan ngadu maang bapake njaluk Cempluk dadi bojone. Banjur bapak lan anak nang omahe Warok Suramenggala.
Warok Surabangsat : Hey…. Warok Suramenggala metua, anakmu pisan.
(Warok Suramenggala metu karo Cempluk lan Subroto )
Warok Suramenggala : Nyapo ? Kayake niatmu ora penak Kang. Perlu apa?
Warok Surobangsat : Aku pengen anakmu dadi bojone anakku. Anakku kadung tresna karo anakmu.
Warok Suramenggala : Oara oleh !!! Anakku ayune koyo iki arep dirabekne karo bocah kuwi, bandalan koyo ngono !!! Ora iso !! .
Warok Surobangsat : Kowe ngenyek anakku Kang, Ora iso !!! Njaluk rusuh karo
aku, kowe !!!
Warok Suramenggala : Ya, sapa sing wedi karo awakmu. Banjur Warok Suramenggala lan Warok Surobangsat adu kasektian.dhisik.Pungkasane padha adu jimat arupa usus – usus. Wekasane Warok Surobangsat lan Surogentho tiwas. Raden Mas Subroto manggon sawatara wektu ing kono, banjur tresno marang cempluk, mula nedya kagarwa.
Warok Suramenggala : Tole Subroto, apa tenan katresnanmu karo Cempluk ?
Subroto : Inggih bapa, kula tresna kaliyan Cempluk.
Warok Suramenggala : Yo wis, nedya kadaupake karo Cempluk.
Adegan 5
Ing Kadipaten, Warok Siman sowan Kanjeng Bupati Warok Siman : Sendika dhawuh Kanjeng Buapati, kula menika Warok Siman saking desa Kasimanan sowan keparing nuwun bebana amargi kula sampun bisa nundhung begal ing tapel wates Ponorogo

Bupati : Yo, tak tepati janjiku.
Bebana kang arep kaparingke Panjenengan yoiku putra kula
kanga rep kadaupake karo putrine panjenengan.
Warok Siman : O……ra nolak, Alhamdulillah………Menawi ngoten kula enggal- enggal bali ngaturi warta niki tiyang nggriyo

Adegan 6
Warta kang nyenengke atiku, kasebar marang para warga desa Kasiman. Mula uga padha nyiapake ubarampene mantenan.
Warok Siman : Mbokne….. enek kabar apik……!!!
Nyi Siman : Ono opo to Pakne ?
Warok Siman : Anakmu mbokne, anakmu oleh Mas Subroto putrane Kanjeng Bupati
Nyi Siman : Tenane Pakne, dadi besane Bupati !?!
Aduh, rasane kaya karintuhan emas.
Suminten : Ono opo to Pakne sajake kok bungah emen…!!
Warok Siman : Ngene to nduk. Sejatine awakmu iku arep dipek mantu Bupati, Kowe gelem po ora to nduk?
Suminten : Inggih Pak, kula purun ( mesem, manthuk-manthuk )
Uleme wis karebar, uwong- wong pada repot dhewe- dhewe nyiapake kebutuhan mantenan.
Nyi Siman : Pakne…pakne….. sapata kae, sajake kok ana tamu penting.
Warok Siman : Endi lo mbokne ? ( nyawang njobo )
Ki Patih : ( Tok….. tok…. ) Kula nuwun ….
Warok Siman : Mangga- mangga pinarak mriki lo
Ki Patih : O… inggih, kula sowan mriki badhe ngaturaken niki ( maringi bungkusan )
Warok Siman : Lho…. Lho … niki napa ?
Ki Patih : Ngeten lo…. Sejatine, sampek sakniki ! Raden Mas Broto dereng wangsul anggenipun mbasmi begal ing wates Ponorogo
Warok Siman : Lho… terus piye besanane..?
Ki Patih : Sampun dipadosi tapi dereng kepanggih, mula niki Panjenengan tampi. Uga sampun cekap kula nyuwun pamit
Warok Siman : Ora trima aku !!!
Mbokne… piye iki ? Nyi Siman : Nyapo to Pakne kok mbengok- mbengok? Warok Siman : Ora sida mantu, mulih kabeh sing rewang kon mulih, bubar…. Bubar……!!!
Ki Anom teko nggawa kabar masalah ora sida besanan karo Bupati
Ki Anom : Kula nuwun…..
Warok Siman : Sapa eneh kuwi, arep nyapo eneh ?
Ki Anom : Niki kula kang, sejatine ngene lo kang, Raden Mas Subroto
kuwi kepranan marang Cempluk anake Warok Suramenggala.
Warok Siman : Opo…… tenane?? Oa tima aku !!
Nyi Siman : Gek piye kae Suminten Pakne…??
Warok Siman : Yow is mbokne… ayo nglabrak rana.
( Warok Siman dan Nyi Siman neng omahe Warok Suramenggala )
Adegan 7
Ing omahe Warok Suramenggala 
Warok Siman : He kang… metuwa kowe kang !!!
Warok Suramenggala : Ono opo to Kang. Kok mbengok- mbengok neng arep omahku.
Warok Siman : Tak pateni kowe, balekno Subroto, kuwi bakal dadi mantuku
Warok Suramenggala : Lho…. Lho….ora iso kang. Lha wong kuwi wis dadi mantuku.,
Warok Siman : Ayo adu kasekten karo aku
Warok Suramenggala : Ayo tak ladeni
Wekasane Warok Siman lan Warok Suramenggala adu kasekten, tapi ora ana sing kalah lan sing menang, amarga sak perguruan. Banjur Suminten teko.
Suminten : ( karo ngguyu ) Mas Broto, aku rabinen, Mas….akub tresna karo sampaian
Warok Suramenggala trenyuh nyawang keadaane Suminten kang kaya ngono
Warok Suramenggala : Reneyo nduk tak tampani kowe, meremo nduk…( dipecut karo usus- ususe)
Suminten : Aku neng endi iki ? Ana apa ? Mas Subroto endi pakne….?
Nyi Siman : Oalah Nduk… wise ling to nduk…!?!
Warok Suramenggala : Jajal ! Iki sapa Nduk ?
Suminten : Mas Subroto
Cempluk : Oalah mbakyu kulo nyuwun ngapuro ( karo ngangkul Suminte)
Subroto : Yo wis lek ngono, Cempluk dadi bojoku nomer 1 Suminten dadi bojo nomer 2.
Akhire Subroto, Suminten lan Cempluk urip rukun lan minolya ing tlatah Trenggalek.
Sekian